Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Rabu, 29 Juni 2016

Wayang Kulit Banyumasan : Sumpahe Rama Parasu (04-Tamat)



Sumber gambar : wayang.wordpress.com


Sawise bisa nyedani Prabu Arjuna Sasrabahu, Rama Parasu banjur bali maring padepokane. Rasane marem banget wis bisa nyedani Ratu Mahespati sing wis kumawani murang tata lan ngusak kasuciane Padepokan Maharsi Jamadagni. Sapi Nandini  pusaka ingon-ingone iya wis bisa digawa bali maning.

Kosokbaline kahanan Kerajaan Mahespati,  putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu  jengkel banget, deneng koh  ramane seda  ora nang peperangan, tapi seda nuju numpak kreta, ora ngira yen diudani panah nang mungsuhe. Padahal tumrap satria, mati nang medan peperangan kuwe mati sing luwih utama, dadi idam-idaman lan darmaning para satria utama. Mulane putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu banjur nduwe niat arep males  sedane ingkang rama. 

Prabu Arjuna Sasrabahu karo Dewi Citrawati ora kagungan putra. Putra-putrane miyos sekang garwane sing disit yakuwe  Dewi Citranglangeni, putrine Prabu Citrawiria, Ratu Tunjungpura. Putrane sing mbarep ngganteni jumeneg ratu Mahespati, jenenge Prabu Ruryana,ngemban pusaraning praja Mahespati dibantu adi-adine kabeh. Ora let antara suwe sawise Kerajaan Mahespati rampung anggone bela sungkawa, putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu pada rembugan arep males sedane ingkang rama. Kelakon temenan, putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu nekani padepokane Maharsi Jamadagni wayah esuk. Nanging ya ndilalah, Maharsi Jamadagni pancen wis  pinesti isih kudu nampa bilahi sing ping pindone, ngunduh wohing pekeri, sebab wis tau mateni bojone Dewi Renuka, senajan banjur diuripna maning. 

Wektu kuwe jan-jane Maharsi Jamadagni ya wis mandan sehat, setitik-setitik wis  gelem maring sanggar, senajan mung sedela-sedela. Sing sering  unggal  esuk jalan-jalan nang  kebon sekeliling padepokan kur kanggo mbalekna kesehatanne sing durung patia mari banget. Esuk dina kuwe, kaya biasane putra-putrane lima kabeh wis pada mangkat maring alas, dadi padepokan pancen sepi, mung dijaga cantrik piket sing jumlahe ora patiha akeh. Mesti bae Maharsi Jamadagni kaget banget bareng ketekan para putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu sing garep males patine ramane. 

Tekane putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu  sing diiringi prajurit pengawal nang padepokane Maharsi Jamadagni, langsung gawe kerusakan, ngamuk nendangi apa bae sing bisa di tendang, kaya lawang, kursi, meja, dingklik, lincak. Kabeh pada ditendangi karo diguling-gulingna, kabeh kuwe ndadekna keributan nang padepokan. Cantrik jaga sing nyoba arep ngalang-alangi, langsung disingkirna. .Wit-witan sing ana nang latar padepokan lan kebon iring kiwe lan iring tengen padepokan ya pada dipenclasi, melu bae dadi korban amukan. Maharsi Jamadagni sing lagi mlaku kedimik-kedimik nang kebon, ditangkep nang putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabau, terus bae diseret, dipilara,lan diantemi.

”Lha kiye Maharsi ramane sing nyedani Kanjeng Rama, ayo ganti dipateni bae,” salah siji putrane Prabu Arjuna Sasrabahu ngomong kaya kuwe kambi nyekel keris pusaka kraton Mahespati.


Keris pusaka sing luk sewelas, klakon disudukna dadane Maharsi Jamadagni, tembus maring walikat, dadi lan sedane sang Maharsi. Sawise ngroyok Maharsi Jamadagni lan ngrusak padepokan, putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu karo prajurit pengawale banjur bali maring Mahespati, ninggalna padepokan. Sanggar padepokan ora dirusak, semono uga Sapi Nandini, ya dijorna bae nang kandang, ora diganggu. Dewi Renuka oleh pitulangane Dewa, ya slamet maning, bisa lolos sekang padepokan nusul putra-putrane sing lagi mbukak sawah lan tegalan anyar nang tengah ngalas .


Orat let suwe saungkure para satriya Mahespati ninggalna padepokan, Maharsi Rama Parasu  tekan  nang padepokan, kaget banget ndadekna kejoting penggalih bareng ndeleng kahananing padepokan sing pada morak marik ora karuan. Apamaning bareng weruh ingkang rama Maharsi Jamadagni, njrebabah  ngrungkebi bantala awutah getih, wis seda dadi layon.


Rama Parasu kaget banget ndadekna kejoting penggalih bareng ndeleng kahananing padepokan sing pada morak marik ora karuan. Apamaning bareng weruh ingkang rama Maharsi Jamadagni, njrebabah  ngrungkebi bantala akutah getih, wis seda dadi layon. Rama Parasu banjur mlayu ngrungkebi layone ingkang bapa kambi muwun, atine banget keranta-ranta. Apa maning bareng kakang-kakange pada  teka  karo ibune, padepokan sekal  dadi udan tangis.


Nanging bareng wis lilih sungkawane  penggalihe, Rama Parasu banjur ngrumat layone ingkang rama, dibantu kakang-kakange, lan para cantrik padepokan. Para brahmana lan para tapa iya banjur pada rawuh. Layone Maharsi Jamadagni,  didokok nang panggonan upacara pengobongan, banjur di obong. Genine  ngalad-alad sundul langit, madangi jagad sakeliling padepokan.


Maharsi Rama Parasu banjur ngadeg  mandeng geni sing  ngalad-alad  karo ngendika seru suarane, ”Heh, para satria kabeh sing  ana nang salumahing bumi, aku Rama Parasu ora rila banget deneng sedane ramaku kanthi kineroyok dening para satria. Mulane aku prasetia, wiwit dina siki, aku arep males ukum marang kabeh satria. Aku prasetia, arep tek tumpes kabeh  satria sing ana nang salumahing bantala.”


Kaya kuwe sumpahe Rama Parasu  sing nganggep para satria kuwe senengane mung perang, ngutahna getih, lan dadi leleteking jagad. Ora bakal ana alam dunya sing tata-tentrem  selagine isih ana golngan satria  sing urip nang salumahing bumi. Sumpahe Rama Parasu keprungu dening para dewa sing nang Suralaya melu dadi saksi, ndadekna ana gara-gara. Bumi gonjang-ganjing, gunung moyag-mayeg, lautan mawalikan kaya kinebur, lintang kelap-kelip, ndaru karo teluh braja pada pating clorot ngebeki langit. Rama Parasu banjur winisuda ngganti  palenggahane Maharsi Jamadagi, dadi pimpinan paling duwur padepokan. Ya wiwit wektu kuwe, Rama Parasu ganti jeneng, nunggak semi jenenge ramane, yakuwe Maharsi Jamadagni Enom. Angger cara barat ya Maharsi Jamadagni Yunior. Ramane sing wis seda, sinebut Maharsi Jamadagni Senior. Sawise  acara pakurmatan layone ramane wis rampung kabeh, Rama Parasu nyandak senjata kampak pusaka klangenane, banjur lunga metu sekang padepokan, kanti tekad arep numpes kabeh satria sing bisa ditemokna.


Kraton sing ditekani disit dewek, mesti bae kraton Mahespati. Saben ketemu satria ora nganggo ditakoni, langsung bae, mak bres! Digebug nganggo kampak sing landepe nggegilani banget. Kabeh satria Mahespati, putra-putrane Prabu Arjuna Sasrabahu lan kabeh keturunane entong disirnakna kabeh, tinumpes dening  Rama Parasu, tanpa ana wong sing bisa ngendegna, nyegah, apa maning nglawan. Saking banget telitine anggone numpes para satria keturunane Prabu Arjunasrabahu, aja nganti ana sing kesingsal lan isih urip, Rama Parasu  ngubengi Kraton Mahespati lan kabeh wewengkon negara Mahespati nganti ambal kaping telu. Sedalan-dalan Maharsi Rama Parasu persasate ora liren-liren bola-bali mateni para satria. Mulane nang negara Mahespati, banjur wis ora nana satria siji-sijia, kabeh wis ditumpes tapis nganti entong.


Bareng nang Mahespati wis ora nana satria, Rama Parasu banjur nekane keraton-keraton para satria sing nang sekitare Mahespati, mulai sekang kerajaan sing paling perek, nganti kerajaan sing palin adoh. Kabeh ditekane Rama Parasu, lan satria sing ana, sing ora ngerti kentang kimpule, ya tetep bae tinumpes dening Rama Parasu. Para satria  salumahing bumi pada miris lan wedi kabeh karo Rama Parasu, akeh sing pada umpetan, nggesruk maring alas lan ana uga sing lunga adoh banget, wedi mbok kewenangan. Mesti bae suwe-suwe satria nang lumahing bumi meh dadi entong kabeh, ditumpes kelor dening Rama Parasu.


Kanggo ngyakinaken angger nang salumahing bumi wis ora ana satria maning, Rama Parasu uga nganti ambal ping telu gole ngubengi jagad, nggoleti para satria sing dianggepe leleteking jagad, seneng perang kekeceh getih nang tegal peperangan. Bareng wis yakin angger nang salumahing bumi bener wis resik sekang  golonganing satria, Rama Parasu  banjur tindak maring lapangan Tegal Kurusetra. Nang sapinggire lapangan Tegal Kurusetra, Rama Parasu banjur gawe telaga getih sing cacahe ana lima. Kabeh  telaga mau banyune diiseni getihe para satria sing wis pada ditumpes dening Maharsi Rama Parasu.


Sawise rampung nggawe telaga getih sing jumlahe lima, Ramaparsu banjur nganakaken  upacara sesaji kanggo para leluhure sing jumlahe ana lima. Leluhure Rama Parasu sing jumlahe lima yakuwe Maharsi Bhregu, Ciawana, Urwa, Richika, lan Maharsi Jamadagni. Upacara saji Rama Parasu ketampa dening leluhure, banjur pada ngaton lan aweh pujian maring Rama Parasu. Kabeh lima leluhure Rama Parasu, banjur pada siram nang telaga getih gaweane Maharsi Rama Parasu.


Pancen sawise golongan satria tinumpes kabeh, wis ora nana maning satria. Tapi randane para satria isih akeh. Lha, apa enggane  randa para satria kuwe pada dijorna bae, padahal akeh randane satria sing ayu-ayu, ora kalah ayune karo sing isih prawan. Mulane para randa satria mau banjur rame-rame pada dipet bojo nang para brahmana.


Maharsi Rama Parasu dewek ora gelem melu-melu kawin massal senajan isih ana stok randa para satria. Sebabe Rama Parasu wis kebanjur tau sumpah, arep mbujang selawase dadi brahmacharin, yakuwe pendeta sing uripe dewekan, ora duwe bojo alias mbujang terus salawase urip. Akibat perkawinan massal antarane randane para satria karo brahmana, dadine ana satria maning nang salumahing bumi. Ning satria kiye beda karo satria sing wis ditumpes dening Ramaparau. Satria generasi baru kiye, satria sing biyunge keturunan satria, tapi bapane para brahmana utawa pendeta. Mulane satria generasi baru kiye banjur disebut satria-pinandita ya pandita-sinatria. Dijenengi satria pinandita, sebab anggere  deweke kuwe profesine dadi satria ngurusi pemerintahan lan negara, jiwane lan tindak tanduke bakal arif bijaksana, sebab nduweni wawasan lan watak pendita. Sebalike, dijenengi pandita sinatria, anggere profesine dadi pendeta utawa brahmana, tapi ya tetep duwe ilmune satria, yakuwe ngerti cara-carane ngurusi pemerintahan, keprimen supaya pemerintahane kuwe bersih, jujur, ora ana sing korup lan liya-liyane maning sing ana gandeng cenenge karo bab ngembat  urusan pemerintahan. Maring satria generasi baru kiye, Rama Parasu ora gelem numpes, dijorna kon urip ngurusi dunya, kon terwujud dunya sing tata-tentrem, kertaraharja, salam bahagia.


Nanging Rama Parasu isih sok nguji para satria sing arep dadi ratu. Satria sing pada arep dadi ratu sok ditekani banjur ditantang kon mentang gendewa pusakane Bargawastra. Angger ora bisa, ya langsung ditantang perang, banjur dipateni. Sebab menurut panemune Ramaparusu, ratu sing ora bisa menthang gendewane, berarti ratu kuwe ora pantes dadi ratu. Angger meksa dadi ratu, mesti bakal dadi leleteking bumi. Mulane luwih apik anggere dipateni bae. Ning sedurunge dipateni isih diwehi kesempatan kon ngalahna Rama Parasu  lewat peperangan. Sing akeh-akeh ya pada mati, ora ana ing bisa ngalahna Rama Parasu.


Pancen saya suwe Rama Parasu banjur mandan duwe sifat sombong, ngrasa paling sekti sealam dunya. Nganti sawijining wektu ngrungu ana satria putrane Prabu Dasarata, Ratu Kerajaan Ayyodia sing nembe bae daup karo Dewi Sinta, putrine Prabu Janaka, Ratu  Kerajaan Mantili. Satria mau jenenge Raden Ramawijaia Dasarata Putra.


Sawijining wektu Rama Parasu kepengin njajal keperwiraane lan kedigdajaane Raden Rama, apa bener bisa nandingi  krodane Rama Parasu sing wis  ngalahna sakabehing satria. Ramaparsu nyandak pusaka Bargawastra, banjur mangkat garep ngadang romobongane Raden Rama  Wijaia sing arep bali maring Ayyodia kambi mboyong Dewi Sinta. Akhire Rama Parasu klakon ngadang lakune  rombongan Raden Rama. Ramaparsu, kambi nyekel gendewa pusaka Bagawastra, ngadeg nang tengah dalan, ngendeg lakune rombongan. Bareng wis weruh Raden Rama Wijaya, banjur sesumbar nantang Raden Rama.


“Heh, Dasarata Putra! Menawa sira pancen satria wiratama sing sekti mandraguna, jajal tampani gendewa karo  jemparinge. Ya kiye salah sijine pusakaku, sing wis tek enggo mateni pirang-pirang ratu sejagad. Angger sira ora bisa menthang gendewa pusakaningsun, sira mesti bakal ajur dening ingsun Rama Parasu, ya Ramabaghawa, Jamadagni Putra.” Raden Rama trengginas nampani  gendewa dalah jemparing pusakane Rama Parasu. Jemparinge Rama Parasu sing ampuhe kagila-gila uga wis dipasang, gendewa banjur pinentang, gumerot swarane  banget nggegirisi.


Sawise gendewa bisa dipentang, Raden Rama Wijaya mandeng Rama Parasu kambi ngendika kaya kiye, ”He brahmana sing murang tata! Aja dumeh wis bisa numpes satria sejagad, kowe banjur nang ngendi bae pamer kadigdajan, kebacut-bacut anggone kumalungkung  adol gendhung, sesumbar macia-cia. Heh, brahmana. Jajal delengen kanti premana, ana apa nang sariraningsun!”


Maharsi Rama Parasu, banjur ndeleng maring sarirane Raden Ramawijaia. Kaget pada sanalika, merga Rama Parasu banjur weruh sawernaning wujud werna-werna, antarane yakuwe, para aditia, para dewa, para gandarwa, jaksa, resi, senjata sing werna-werna, samudra, narmada, lan liya-liyane maning. Kabeh pada ngumpul nang awake Raden Rama Wijaya. Sang Rama Wijaia banjur nglepasna jemparing, ditibakna maring Rama Parasu. Saknalika Rama Parasu  ketrajang jemparing, banjur tiba maring bantala, kantaka ilang purwa duksina.

Nanging ora let suwe banjur eling maning, Rama Parasu  tangi lan njagong ngadep Sang Ramawijaya kanti getering penggalih. Sajroning kantaka, Rama Parasu krasa karawuhan para leluhure kang ngendika kaya kiye, ”He, kulup, Rama Parasu. Sang Rama Wijaya kuwe titisaning Bethara Wisnu. Mulane keliru banget anggere kulup kumawani maring Sang Rama Wijaya.” Mulane  Rama Parasu bareng wis eling banjur njaluk ngapura maring Sang Ramawijaia, karo njaluk ditidokna  dalan, apa sing kudune  dilakoni  supayane deweke bisa slamet urip nang dunya kiye. 

Raden Rama Wijaya banjur ngenidika, ”He, Rama Parasu, angger kowe pancen arep mertobat, dedununga ing wukir Mahendra, madega dadi brahmana guru bangsa, ajarana para satria supaja dadi satria pinandita lan ajarana para pandita supaya dadi pandita sinatria. Satria pinandita iku ya satria tama, satria sejati, satria sing bisa mamayu hayuning sarira lan keluarga, mamayu hayuning bangsa lan negara, sarta mamayu hayuning manungsa. Dene sing diarani Pandita Sinatria iku  pandita sing bisa mamayu hayuning bawana, manunggaling gusti lan kawula, suci tata ngeti tunggal”.


“He, Rama Parasu, wruhanira mbesuk ing tanah Jawa, bakal ana negara  sing dasare Pancasila, sing mung bisa  dilakoni dening wong-wong sing duwe  watak satria pinandito karo pandita sinatria. Mangertia, he, Rama Parasu. Wataking satrio pinandito–pandito sinatria karo Pancasila kuwe, sakjane surasane pada bae, piinda sirih lumah lan kurebe,yen sinawang seje rupane, nanging yen ginigit pada rasane. Sebab saka iku, he, Rama Parasu. Ajarana mbesuk para siswa-siswa, cantrik-mentrik, lan muridmu, supaya bisa ngerti, ngrasa   ,lan nglakoni ngelmu luhur, sebab ngelmu iki kelakone kanti laku.”


“Aduh, Inggih Raden, nanging sedaya kadigdayan kula sampun ical, otot bayu kula kados dipun lolosi. Sumangga kula aturi nyirnakaken kula kemawon, Raden,” kaya kuwe sambate Rama Parasu sing wis ilang kadigdayane lan kasektene, sebab ketaman senjata pusakane dewek.


“He, Rama Parasu, sira tahu njaluk umur sing dawa marang dewa. Dewa durung marengake sira bali maring kasidan jati. Mulane kowe sak durunge mangkat menyang wukir Mahendra, mangkata menyang narmada Wadusara, sirama ing kana. Wruhanira, he, Rama Parasu. Ing sakcedake tuke narmada Wadusara, ana papan suci kang diarani Dhipthoda.Ya papan iku tilas pertapane leluhurira Maharsi Bhregu. Jalaran kaprabhawan saka keramate Dhipthoda, mulane sing sapa adus ing narmada Wadusara, bakal sirna ilang uwas-sumelanging atine, ilang rasa garis mirise, pulih kasudiran lan kasektene. Ya, ing Dhiptodha iku leluhurira Maharsi Bhregu duk ing uni  tarak brata mati raga pirang-pirang warsa, nganti antuk nugrahaning Jawata”


Krungu pangandikane Raden Rama sing kaya kuwe, Rama Parasu banjur pamit, saperlu arep adus maring narmada Wadusara. Bareng rampung adus, temenan Rama Parasu bisa pulih maning kedigdayan lan kesektennane Rama Parasu. Rama Parasu, ya Maharsi Jamdagni Yunior, banjur yasa paguron ing wukir Mahendra. Akeh para siwane sing pada meguru maring Maharsi Rama Parasu Jamadagni Putra. Salah sijine murid kinasihe, yakuwi Raden Dewabrata, putrane Ratu Ngastina, Prabu Sentanu. Raden Dewabrata uga banjur madeg resi jejuluk Resi Bisma. Tanjeb kayon.(Tamat, 29-06-2016).




 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar