Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Tampilkan postingan dengan label Ceritera Legenda. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ceritera Legenda. Tampilkan semua postingan

Selasa, 19 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Ciung Wanara - Harya Bangah (02-Tammat)





 Keterangan Gambar: Turunane Ayam Aduan Ciung Wanara, Nagawiru. Asale sekang Pasirbatang. Leluhure sekang Desa Wanayasa, pinggir muara Kali Citarum, Purwakarta. Sumber gambar: Yudha Farm.

Sawise limang tahun Ciung Wanara meguru nang Padepokan Sang Hyang Sampakwaja Galunggung, Ciung Wanara bali maring Geger Sunten. Ciung Wanara wis dadi satria sing mumpuni, duwe ngelmu lahir lan ngelmu batin. Ciung Wanara kaget banget bareng ngerti Aki Balangantrang wis duwe jago ayam aduan sing digadang-gadang arep diadu karo jagone Sang Prabu Barmawijaya.


“Sapa jenenge jago aduan sing apik banget kiye, Aki,” Ciung Wanara takon maring Aki Balangantrang kambi ngelus-elus ayam aduan sing gagah banget. Warna wulune kuning emas.”


“Tek jenengi Nagawiru!”  jawabe Aki Balangantrang. 


“Nagawiru? Kuwe gua pertapane Ramaku nang Gunung Padang ya, Aki? Aku setuju banget.” Ciung Wanara isih kemutan gua tilas sanggar pamujan Ki Ajar Balmiki sing tau diampiri nuju deweke arep mangkat maring Galunggung dijujugna Aki Balangantrang limang tahun kepungkur.


“Banjur tuku nang ngendi, Aki? Aja-aja tunggal babon karo jago aduane Sang Prabu Barmawijaya?”


“Ya, bener tunggal babon. Tapi wis adoh banget.  Senajan Bapane Sang Prabu Barmawijaya sekang Mataram, tapi biyunge sekang Galuh Pakuan, tilas Kerajaan Tarumanegara nang muara Kali Citarum. Dadi asale jago aduan Sang Prabu Barmawjaya, si Jeling,  kayane sekang daerah pembibitan ayam aduan perek muara Kali Citarum sing dijenengi Desa Wanayasa. “


“Terus asale si Nagawiru, sekang ngendi, Aki?”  Ciung Wanara takon kambi esih mbopong lan ngelus-elus si Nagawiru.


“Ya, kae limang tahun kepungkur, bar Aki bali sekang jujug maring Galunggung, Nini aweh saran kon aku cepet-cepet golet bibit ayam jago aduan. Kebeneran banget Ki Lengser setuju. Banjur  Aki diwenehi duwit sing cukup kanggo ninggali Nini selawase Aki lunga, lan bekel sing cukup kanggo blasakan golet ayam aduan si kuat lan mitayani. Ki Lengser banjur aweh pituduh supayane Aki mangkat maring ngetan, maring Kadipaten Pasirbatang. Jare Ki Lengser nang Pasirbatang akeh punggawa sing kaya Sang Prabu Barmawijaya, seneng adu jago. Nang iring-iringane Gunung Agung lan Lembah Ciserayu, jarene Ki Lengser uga akeh pembibitan ayam aduan sing apik-apik. Mulane inyong dikon golet maring nganah. Tambahan maning, jere Ki Lengser, penguasa  Kadipaten Pasirbatang isih trah Purbasora.” Aki Balangantrang crita bisane oleh ayam aduan si Nagawiru.


“Dadi si Nagawiru sekang Lembah Ciserayu ya lan Gunung Agung, Aki?” Ciung Wanara isih takon.


“Ya, bener. Wis sering Aki adu jago nang Geger Sunten, ayam aduan sing ana pada kalah kabeh nglawan si Nagawiru,” Aki Balangantrang nryitakna si Nagawiru sing wis dadi ayam aduan jagoan nang Desa Geger Sunten lan desa-desa sakubenge.


“Angger kaya kuwe, kapan aku dijujugna maring Kraton Galuh, Aki? Aku wis ora sabar kepengin ketemu Sang Prabu Barmawijaya,”  Ciung Wanara takon maring Aki Balangantrang.


“Ya, ngesuk ora papa. Aki arep mbatiri. Ning  kudu sowan disit maring Kanjeng Ibu Dewi Naganingrum. Perlune njaluk donga lan pangestu. Bar sekang pesanggrahan Kanjeng Ayu  Naganingrum , ya ayu banjur niliki gua Nagawiru. Si Nagawiru digawa sisan,” Aki Balangantrang usul sing disetujui Ciung Wanara.


Esuke wong loro mangkat maring Karang Kamulyan, dadi lan bungahe Dewi Naganingrum. Tekan Gunung Padang, sawise njaluk pangestu maring Dewi Naganingrum, Ciung Wanara tapa seminggu nang gua Nagawiru kambi nggawa ajam jago si Nagawiru  sing melu dijak tapa.  Rampung tapa, Ciungwanara, Aki Balangantrang, lan si Nagawiru  mangkat langsung maring Kraton Galuh Kawali nemoni Ki Lengser.


“Wis ngesuk mangkat maring kalangan adu jago. Buktekna disit si Nagawiru bener-bener ayam jago aduan sing pilih tanding lan mitayani. Angger wis dadi juara  nembe tantang jagone Sang Prabu Barmawijaya,” Ki Lengser aweh saran lan nasehat.


Ora nganti seminggu si Nagawiru wis dadi jago aduan sing dikenal para botoh lan punggawa Kraton Galuh Kawali sing pada seneng adu jago. Saben si Nagawiru menang, Ciung Wanara langsung mbalekna jago sing kalah maring sing duwe. Padahal kudune jago sing kalah disered dadi jagone Ciung Wanara sing dadi pemenang. Dadine akeh punggawa botoh adu ayam sing pada gumun. Kabar Ciung Wanara dadi botoh sing menangan nang gelanggang adu ayam tapi ora gelem nyered jago lawane kawentar maring endi-endi nganti Sang Prabu Barmawijaya  uga krungu. Sang Parbu Barmawijaya banjur ngundang Ciung Wanara arep ditantang adu ayam karo si Jeling, ayam aduan andalane Sang Prabu Barmawijaya.


“Kowe sekang ngendi asale,bocah bagus?” Sang Barmawijaya  takon maring Ciung Wanara sawise Ciung Wanara bisa ngadep nang Pendapa Kraton Galuh.  Nang batin Sang Prabu kaget banget bareng weruh rupane Ciung Wanara sing mirip banget rupane Sang Prabu Permana Dikusuma sing wis seda.


“Kula lare saking Geger Sunten, Sang  Prabu. Miturut ujaring kanda, kula punika putranipun Ki Ajar Balimiki Sukaresi inggih Sang Prabu Permana Dikusumah, ingkang sampun seda. Ibu kula Kanjeng Ibu Dewi Naganingrum, sakmeniko taksih sugeng. Sampun dangu kula bade sowan Sang Prabu. Namung bade ngajak adu sawung aduan. Menawi sawung kula kawon, kula bade wangsul dateng Geger Sunten. Nanging menawi sawung kula ingkang menang, mugi Sang Prabu nglilakaken Kraton Galuh dipun bagi kalih. Sepalih kangge Harya Bangah, putra Sang Prabu. Sepalih kangge kula minangka warisanipun Kanjeng Rama Permana Dikusumah,”  Ciung Wanara matur nang ngarepe Sang Prabu disekseni para punggawa Kraton Galuh. Sang Prabu ora ngira babar pisan anggere Dewi Naganingrum lan bayine sing gemiyen wis disingkirna sekang Kraton Galuh lan kon dipateni, jebule isih urip. Sang Prabu isih kemutan gemiyen Ki Lengser sing diprentah nyingkirna Dewi Naganingrum karo bayine sisan.


“Lengser, kowe dadi saksi. Apa bener bocah kiye putrane Dewi Naganingrum? Apa bener Dewi Naganingrum isih sugeng?”  Sang Prabu takon maring Ki Lengser sing wis ngadep.


“Inggih leres, Gusti Kanjeng Prabu. Kulo pun Lengser pasrah bongkokan menawi bade dipun pidana pejah. Luwung kula ingkang dipejahi tinimbang putranipun Sang Prabu Permana Dikusuma kaliyan Kanjeng Ayu Dewi Naganingrum ingkang boten mangertos punapa kalepatanipun,” Ki Lengser matur blaka suta.


“Wis, Lengser kowe ora salah. Aku sing salah. Aku arep silih keprabon bae. Kepriye penemumu, Harya Bangah?”  Sang Prabu Barmawijaya njaluk Putra Mahkota Harya Bangah melu urun rembug.


“Kanjeng Rama boten kedah lengser keprabon rumiyin. Kawula Galuh taksih mbetahaken Kanjeng Rama. Menawi leres Ciung Wanara punika putranikun Sang Prabu Permana Dikusumah, lha, tegesipun taksih kadang kula piyambak sami-sami trah Galuh turunanipun Maharaja Eyang Wretikandayun. Kula boten setuju menawi  Kraton Galuh dipun para kalih. Nanging kula setuju aben sawung aduan dipun terasaken. Kula dados botohipun si Jeling. Botoh ingkang sawungipun unggul inggih punika ingkang dipun winisuda Kanjeng Rama dados Putra Mahkota Kraton Galuh. Botoh ingkang sawungipun kawon inggih dipun winisuda dados Wakil Putra Mahkota. Benjang menawi Kanjeng Rama bade lengser, Putra Mahkota dipun winisuda dados Ratu Kraton Galuh, Wakil Putra Mahkota dipun winisuda dado Patih Kraton Galuh,” kaya kuwe ature Harya Bangah. Ora nyana, kabeh punggawa Kraton Galuh sing pada rawuh nang pendapa lan melu sarasehan, pada setuju maring usule Harya Bangah. Mesti bae Ciung Wanara uga setuju. 


Rapat banjur bubar, diterusna adu ayam jago antarane jago andalane Harya Bangah lan Sang Prabu Barmawijaya, si Jeling,  diadu karo jago andalane Ciung Wanara, si Nagawiru. Kalangan adu ayam wis digelar nang tengah alun-alun Kraton Galuh. Kawula lan punggawa Kraton Galuh pada ndlidir maring alun-alun. Si Jeling ayam jagone Harya Bangah lan Sang Prabu Barmawijaya wulune ireng lan abang. Si Nagawiru, ayam jagone Ciung Wanara warnane ireng lan kuning warna emas. Ayam aduan sing nembe tahu ketemu banjur diculna nang tengah kalangan. 

Loro-lorone pada dedege, pada gagahe, jalune ya pada dawane. Sedela bae jago loro mau wis pada tarung rame banget. Saling tlabung, saling cucuk, saling nendang nganggo jalune. Loro-lorone pada kuwate. Penonton gole surak ora liren-liren. Seneng banget angger ajam jagoane bisa nendang mungsuhe. Perang tanding wis limang ronde. Si Jeling lan si Nagawiru wis diadusi ping lima. Tambah sering didusi, si Jeling  malah tambah loyo. Sebalike karo si Nagawiru, tambah sering diadusi tambah kuat lan tambah trengginas. Sang Prabu Barmawijaya wis ngira ngger si Jeling bakal kalah. Temenan, mlebu ronde kanem, si Jeling mlayu metu kalangan karo muni seru banget,”keoookkkk” Adu ayam rampung, penonton pada surak mbata rubuh. Klakon Ciung Wanara diwisuda dadi Putra Mahkota Kerajaan Galuh. Harya Bangah uga diwisuda dadi Wakil Putra Mahkota. Sang Brabu Barmawijaya tetep dadi Ratu Kraton Galuh nganti tekan titimangsane lengser keprabon.


Nanging Bareng Ciung Wanara lapor maring Ibune, Dewi Naganingrum katon isih kuciwa banget, sebab Arya Kebonan karo Dewi Pangreyep ora nampa paukuman. Padahal Dewi Naganingrum wis sumpah ora pati-pati arep ngambah Kraton Galuh anggere Arya Kebonan alias Prabu Barmawijaya karo bojone Dewi Pangreyep durung diukum. Kuciwane Dewi Naganingrum mau dadi gawe sedihe Ciung Wanara. Ciung Wanara banjur rembugan karo Aki Balangantrang, Nini Balangantrang, lan Ki Lengser. Kepriwe carane bisa nibakna paukuman maring Sang Prabu lan Dewi Pangreyep supayane Dewi Naganingrum bisa lilih penggalihe. Ki Lengser banjur usul supayane Ciung Wanara gawe penjara  sing wujude kurungan wesi sing angger disawang keton apik banget. 


“Lajeng sinten ingkang saged asung pitulungan damel kurungan saking tosan ingkang sae, Uwak Lengser?”   Ciung Wanara takon maring Ki Lenser.


“Raden saged tindak dateng Kadipaten Pasirbatang. Nyuwun bantuan supados dipun kirimi tigangatus tiyang ingkang ahli damel sawernaning gegaman perang kalian alat-alat kangge dateng sabin lan tegalan. Tukang ahli tosan saking Pasirbatang punika tentu saged dipun suwuni tulung damel kurungan saking tosan,” Ki Lengser matur maring Ciung Wanara sing wis dadi Putra Mahkota, mulane wis ora wani ngomong ngaggo basa ngoko maning.  Semono uga Aki Balangantrang kambi Nini Balangantrang. Mung Ibune Dewi Naganingrum sing isih wani ngoko maring Ciung Wanara.


“Duh, matur nuwun sanget saranipun, Uwak Lengser,” ujare Ciung Wanara sing banjur mangkat maring Kadipaten Pasirbatang dikancani Aki Balangantrang sing wis apal dalan sebab tahu menganah. Kebeneran  akeh sedulure Ciung Wanara trah Purbasora nang Pasirbatang, mulane tekane Ciung Wanara kambi Aki Balangantrang disubya-subya lan olih pakurmatan kaya nyambut tamu agung. Adipati Kadipaten Pasirbatang nyanggupi ngirimna telung atus tukang wesi  mumpuni sing bisa gawe kurungan wesi.  Ciung Wanara lan Aki Balangantrang bali maring Kraton Galuh kanti ati bungah lan marem. 

Ora suwe telung atus tukang wesi wis tekan nang Geger Sunten, desa panggonane Aki lan Nini Balangantrang. Nang kono Ki Lengser wis nyediakna bahan sekang wesi lan tungku kanggo ngolah wesi. Saben dina tukang wesi sekang Pasirbatang sengkud nyambut gawe ngejur bahan wesi banjur digawe saka-saka kanggo kerangka kurungan wesi. Sawise nyambut gawe meh sangang wulan, bahan kerangka kurungan wesi karo lawange lan kuncine pisan wis rampung. Kari digawa maring Karon Galuh arep disetel dadi kurungan wesi. 


Tekan Kraton Galuh tukang-tukang wesi isih sengkud nyambut gawe maning, ya kuwe nyetel saka-saka kerangka kurungan wesi lan ruji-ruji kanggo pager kurungan. Sawise rampung disetel kurungan gari dicet nganggo warna ireng, putih, lan kuning, dadi rupane apik banget angger disawang. Ciung Wanara seneng banget bareng dilapori kurungan wesi sing dikarepna wis rampung. Sawise ndeleng kurungan wesi lan wis tampa kunci lawang kurungan wesi, Ciung Wanara ngundang Sang Prabu Barmawijaya lan Permaisuri Dewi Pangreyep. Sang Prabu kon melu ndeleng kambi ngresmekna kurungan wesi sing apik banget kanggo ngukum kawula utawa punggawa Kraton Galuh sing kena pidana ukuman sebab ngalanggar angger-angger Kraton Galuh.


Sang Prabu Bramawijaya karo Permaisuri Dewi Pangreyep langsung gumun lan kamitenggengen ndeleng kurungan wesi sing apik banget. Wujude kubus, payone, pagere, tutupe, kabeh digawe sekang ruji-ruji wesi gilig sing dicet apik banget. Ciung Wanara ngajak Sang Prabu Barmawijaya karo Sang Permaisuri Dewi Pangreyep mlebu maring kurungan wesi. Tanpa curiga lan rasa wedi Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep mlebu maring kurungan wesi. Putra Mahkota Ciung Wanara cepet-cepet metu, lawang kurungan ditutup sekang njaba nang prajurit pengawal  sing setia maring Ciung Wanara. Lawang  banjur dikunci. Sedela bae Sang Prabu Barmawijaya karo Dewi Pangreyep wis dikunjara nang jero kurungan wesi, dijaga prajurit-prajurit sing setia maring Ciung Wanara. 


Nanging Arya Bangah sing arep ditangkep prajurite Ciung Wanara, bisa lolos metu kraton, nggawa prajurit-prajurite sing setia maring Harya Bangah. Harya Bangah banjur ngangkat senjata mbalela, ora trima Rama lan Ibune dikunjara Ciung Wanara. Perang Harya Bangah karo Ciung Wanara ora nana sing bisa nyegah. 


“He, Ciung Wanara, kowe aja giri-giri gumuyu. Adepi aku, Harya Bangah. Ayo tanding siji lawan siji kaya adate para ksatria. Kawula cilik lan prajurit Kraton Galuh aja didadekna korban kanggo nuruti nafsu serakahmu maring banda lan kekuasaan,” Harya Bangah sesumbar kambi nantang Ciung Wanara. Krungu tantangane lan sesumbare Harya Bangah, Ciung Wanara ora gelem kalah, banjur maring alun-alun arep ngladeni tantangane Harya Bangah. Perang tanding antarane Harya Bangah lan Ciung Wanara rame banget. Ora nana sing kalah lan sing menang, senajan perang tanding wis nganti pitung dina. 


Weruh kahanan sing kaya kuwe, Ki Lengser banjur prihatin banget. Deweke banjur prentah Aki Blangantrang kon metuk Dewi Naganingrum. Sebab menurut penemune Ki Lengser mung Dewi Naganingrum sing bisa ngudari ruwet rentenging Kraton Galuh.  Aki Balangantrang dikancani sepuluh prajurit Kraton Galuh klakon bisa nggawa Dewi Naganingrum maring Kraton Galuh. 

Ki Lengser ngejak Dewi Naganingrum niliki kurungan wesi kon ndeleng kahanane Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep. Nyatane Dewi Naganingrum ora tega bareng niliki kahanane Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep sing wis pirang-pirang dina dikunjara nang jero kurungan wesi. Akhire Dewi Naganingrum gelem aweh pangapura, sawise Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep njaluk pangapura kabeh kesalahane lan dosa-dosane maring Dewi Naganingrum. 


Ki Lengeser kambi Aki Balangantrang seneng banget bareng Dewi Naganingrum gelem aweh pangapura maring  Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep.  Kuci kurungan wesi banjur dibukak. Sang Prabu, Dewi Pangreyep, Dewi Naganingrum, Ki Lengser, lan Aki Balangantrang, cepet-cepet maring alun-alun arep misah Haryo Bangah  sing lagi perang tanding  karo Ciung Wanara. 


“Ngger, Ciung Wanara lan Harya Bangah. Ayo liren, aja diterusna anggomu regejegan rebutan nyawa. Kawula Kraton Galuh luwih seneng kowe sakloron pada guyub rukun nyambut gawe bareng kanggo kepentingan kemajuan kabeh kawula Kraton Galuh. Sing pada eling angger kowe kuwe pada dene trah Galuh, pada dene keturunane Eyang Maharaja Wreti Kandayun. Ora nana bab sing ora bisa dirembug kanti apik-apikan. Ayo, siki dirembug bareng nang pendapa, orang nang tengah alun-alun kaya kiye. Isin karo kawula sing pada ngarep-arep para Satria Galuh sing kudune pada bisa urip guyub rukun,” Dewi Naganingrum ngendika sekang  pinggir alun-alun dikancani Sang Raja Bramawijaya lan Dewi Pangreyep.


Bareng Ciung Wanara lan Haryo Bangah weruh wong tuwane wis pada runtang runtung akur maning, Harya Bangah karo Ciung Wanara ya banjur pada nyimpen senjatane dewek-dewek. Satria loro mau sing meh rebutan nyawa pada rangkulan, pada njaluk pangapura. Kawula Kerajaan Galuh, para prajurit, lan para punggawa pada seneng banget. Ora pada ngira perang sedulur sing bisa ngrusak Kraton Galuh bisa dicegah.


Haryo Bangah karo Ciung Wanara banjur pada rundingan disekseni Sang Prabu Barmawijaya, Dewi Pangreyep, Dewi Naganingrum, Ki Lengser, Aki Balangantrang, lan para punggawa luhur liyane. Hasil rundingan, Sang Prabu Barmawijaya milih liren dadi ratu. Karo bojone Dewi Pangreyep duwe niat mertapa mesanggrahan nang panggonan sepi pinggir alas, arep mertobat maring para dewa. Kraton Galuh dipecah dadi loro, Galuh Wetan lan Galuh Kulon. Watese Kali Brebes lan Kali Citanduy.  Harya Bangah dadi penguasa Galuh Wetan. Ciung Wanara dadi Penguasa Galuh Kulon. Pusat Galuh Kulon tetep manggoni kraton lawas nang Kawali. Dewi Naganingrum dadi Ibu Suri mbatiri Ciung Wanara madeg ratu manggon nang Kraton Galuh Kawali. Harya Bangah sing madeg ratu Galuh Wetan, kepeksa gawe kraton anyar kanggo pusat kraton Galuh Wetan nang Pasirluhur, iringan sisih kidul Gunung Agung, ora pati adoh karo Pasirbatang. 



Sawise rundingan rampung lan wis pada mupakat, Harya Bangah nyabrang Kali Citanduy diiringi prajurit pengawal sing setia. Tekan pinggir wetan Kali Citanduy Harya Bangah ngadeg madep ngulon. Nang sisih kulon, Ciung Wanara wis ngadeg madep ngetan diiringi prajurit pengawal sing setia. Satria loro pada ngadeg adep-adepan. Ki Lengser ngadeg nang duwur prahu tengah-tengah Kali Citanduy dikancani Aki Balangantrang. Ki Lengser maca amanat sing ditulis Sang Prabu Barmawijaya.


“Para dewa dadi seksine, Kali Citanduy nang sisih kidul lan Kali Brebes nang sisih lor, kuwe dadi wates antarane wilayah Galuh Kulon sing pusate nang Galuh Kawali karo wilayah Galuh Wetan sing pusate nang Galuh Pasirluhur. Kali Brebes lan Kali Citanduy dadi pamali sing ora kena dilanggar Raja Galuh Wetan lan Galuh Kulon. Raja Galuh Wetan pamali ngrebut wilayah sakulone Kali Citanduy lan Kali Brebes. Raja Galuh Kulon uga pamali ngrebut wilayah sawetane Kali Citanduy lan Kali Brebes. Kali Citanduy lan Kali Brebes, dadi Kali Pamali sing misah wilayah Kraton Galuh Wetan lan Kraton Galuh Kulon. Sing sapa nglanggar Kali Pamali sing wis pada disepakati, bakal nampa benduning para dewa. Kraton Galuh Wetan lan Kraton Galuh Kulon, bisa bali dadi siji maning anggere ana mupakat antarane penguasa Galuh Kulon karo Galuh Wetan. Mupakat ngenani bab apa bae, ora nglanggar Pamali. Malah bakal olih nugraha sekang dewa. Sebab rukun gawe sentosa. Crah gawe bubrah,” kaya kuwe isine Maklumat Pamali sing wis pada disepakati Harya Bangah lan Ciung Wanara.


Harya Bangah (739 – 766 M) lestari dadi Ratu Galuh Pasirluhur. Ciung Wanara (739 – 783 M)  lestari dadi Ratu Galuh Kawali. Rakyat Galuh Wetan lan Galuh Kulon tetep pada guyub rukun, pada tulung tinulung. Malah uga pada besanan. 

Pancen sawise Harya Bangah lan Ciung Wanara pada seda, turunane Harya Bangah, Rakean Wuwus Prabu Gajah Kulon (819 – 891 M), mbojo olih anak wadone Prabu Linggabumi (813 – 852 M), turunane Ciung Wanara. Kerajaan Galuh Wetan lan Kerajaan Galuh Kulon didadekna siji maning sawise Prabu Linggabumi seda (852 M). Pusat Kerajaan tetep nang Galuh Kawali. Pusat Galuh Wetan, balik maning dadi Kadipaten Pasirluhur, isih mlebu wewengkon Kraton Galuh Kawali. Wektu jaman semana ambane wilayah Kerajaan Galuh ya kuwe, wilayah paling wetan nganti Kali Bogowonto lan wilayah paling kulong nganti Ujung Kulon, Selat Sunda.[Tamat, 19-07-2016]






Senin, 18 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Ciung Wanara - Harya Bangah ( 01 )





Sang Prabu Permana Dikusumah, ratu Keraton Galuh, duwe bojo loro. Sing nonor siji, Dewi Naganingrum, sing nomer loro Dewi Pangreyep. Dewi Naganingrum luwih tuwa tinimbang Dewi Pangreyep. Dewi Pangreyep  umure kira-kira nembe songolas tahun. Dadi ya lagi semangat-semangate duwe bojo, bojone ratu maning. Dewi Pangreyep pancen ayu. Sayange Sang Prabu Permana Dikusumah arang-arang teka maring kamare Dewi Pangreyep. Kayane kon awet, ndean soten. Sebab Sang Prabu Permana Dikusuma pancen ratu Pandita Sinatria. Deweke rajin tapa nang Gunung Padang. Sok-sok tapane nganti satus dina nembe bali.  Bar kuwe banjur mangkat tapa maning. Kayane Sang Prabu Permana Dikusumah ora pati betah nang kraton. Luwih betah nang pertapaan. Urusan kraton sedina-dina diurus wakile, Arya Kebonan, lan Patih Anggada. 


Sawijining wektu Dewi Naganingrum, bojo sing nomor siji, bisa meteng. Mesti bae dadi lan bungahe Sang Prabu. Nanging senajan bojone lagi meteng Sang Prabu ora liren gole tapa. Bojone sing lagi meteng malah sering ditinggal dewekan nang kraton. Maklum bojo ratu, senajan ditinggal ya ana sing ngrumati ya kuwe para danyang kraton sing unggal dina ngawulani lan nyediakna kabeh kebutuhane Permaisuri Naganingrum.


Bareng Dewi Pangreyep krungu anggere Dewi Naganingrum wis lagi meteng, deweke gela banget. Dewi Pangreyep ngrasa Sang Prabu ora adil. Dewi Pangreyep ngira Sang Prabu luwih sering turu bareng karo bojo sing tuwa pendak bali sekang tapa, tinimbang turu bareng karo deweke. Dewi Pangreyep banjur sering wadul lan curhat maring Arya Kebonan. Arya Kebonan pancen gagah, isih nom, lan  jan-jane pancen bekas pacare Dewi Pangreyep. Mung bae Dewi Pangreyep keburu dilamar Sang Prabu Permana Dikusumah. Lan maning Bapane Dewi Pangreyep, Patih Anggada, ora bisa nolak kersane Sang Prabu. Senajan Arya Kebonan ya duwe kedudukan cukup, dadi wakile Sang Prabu.  Dewi Pangreyep akhire tetep dijodohna karo Sang Prabu, dadi bojone sing nomor loro. 


Kawit Dewi Pangreyep sering curhat maring mantan pacar, hubungane Arya Kebonan karo Dewi Pangreyep sing kesepian, tambah suwe tambah akrab. Arya Kebonan ora mung sok tilik maring panggonane Dewi Pangreyep. Suwe-suwe malah sering nginep. Akhire Dewi Pangreyep kepengin dipegat bae supayane bisa dadi bojone  Arya Kebonan. 


“Kakang Arya kudu cepet-cepet golet akal, aja nganti kawula Kerajaan Galuh ngerti, angger Kakang sering nginep nang kene. Angger aku nganti meteng, keprimen mengko nasibku?” Dewi Pangreyep  aweh saran maring Arya Kebonan karo ngudarasa.


“Wis, tenang bae lah. Bapamu wis setuju banget angger kowe dadi bojoku. Bapamu ngungun gemiyen nampa lamarane Sang Prabu. Aku durung crita, ya? “


“Sang Prabu arep nerusna gole tapa mandan suwe, kira-kira rong tahunan,” Arya Kebonan nerusna gole crita maring Dewi Pangreyep. “ Aku lan Bapamu wis diundang ngadep Sang Prabu. Sang Prabu arep liren keprabon, sebab wis madeg Pandita, kanti jeneng  Ki Ajar Balmiki Sukaresi. Aku kon diwisuda ngganti Sang Prabu. Malah Sang Prabu aweh jeneng karo aku, Barmawijaya. Sang Prabu uga titip Dewi Naganingrum sing lagi meteng maring aku kon dijaga sing bener nganti bayine lahir. Sang Prabu pesen angger mbesuk jabang bayi wis dewasa, aku kon mbalekna tahta Kraton Galuh maring putrane Sang Prabu.” 


“Aku lan Bapamu, Patih Anggada wis setuju,” Arya Kebonan nerusna sawise meneng sedela. “ Malah Bapamu njaluk Sang Prabu kon megat kowe, Sang Prabu ya ora kabotan.” 


“Dadi kowe ora usah kawatir. Ngesuk kowe resmi dadi bojoku, sedurunge aku diwisuda dadi Ratu Galuh, nganggo gelar Prabu Barmawijaya. Senajan dadi ratu mung sedela, ora papa mbok?” Arya Kebonan crita maring Pangreyep anggere Sang Prabu wis megat Dewi Pangreyep nang ngarepe Patih Anggada, lan nang ngarepe deweke. Dewi Pangreyep seneng banget deneng koh Sang Prabu rila megat deweke.


Ora let suwe Patih Anggodo wara-wara ngumumna maring kawula Kerajaan Galuh, anggere Sang Prabu Permana Dikusuma wis lengser keprabon sebab Sang Prabu wis madeg pendeta nganggo jeneng Ki Ajar Balmiki Sukaresi. Sing dadi ratu Galuh ngganti Sang Prabu ya kuwe wakile, Raden Arya Kebonan sing banjur nganggo gelar Sang Prabu Barmawijaya. Sedurunge diwisuda, Arya Kebonan klakon daup karo randane Sang Prabu Permana Dikumah, Dewi Pangreyep. Ora let suwe Dewi Pangreyep meteng, dadi lan bungahe Dewi Pangreyep, Sang Prabu Barmawijaya, lan Patih Anggada.


Nanging Patih Anggada mulai tukul niate sing ala. Deweke duwe niat kepengin nyingkirna Ki Ajar Balmiki Sukaresi lan anake sing esih nang kandungane Dewi Naganingrum. Niate Patih Anggada disetujui Sang Prabu Barmawijaya. Sebab angger Ki Ajar Balmiki Sukaresi, Dewi Naganingrum, lan calon bayi sing nang kandungan bisa disingkirna, besuk sing bakal nerusna dadi ratu Galuh ora nana liya kejaba mung anake Dewi Pangreyep karo Sang Prabu Barmawijaya.


Patih Anggada banjur utusan wong kon mateni Ki Ajar Balmiki. Nanging Ki Ajar Balmiki disuduk keris nyatane ora mati-mati gawe bingunge si utusan. Arep bali duwit upahe wis ditampa. Arep nerusna niyate mateni Ki Ajar Balimiki Sukaresi, dudu perkara gampang.


“He, Ki Sanak.  Apa salahku maring kowe?  Kowe sekang ngendi lan sapa sing kongkon mateni aku? Apa dosaku? Aku gelem mati, angger kowe gelem crita sapa sing prentah kowe?”  Ki Ajar Balmiki takon maring utusane Patih Anggada. 


Sawise utusane Patih Anggada jelasna sapa sing prentah, Ki Ajar Balmiki nembe pasrah. Utusane Pating Anggada nusuk dadane Ki Ajar Balmiki nganggo keris. Tembus walikat, dadi lan patine Ki Ajar Balmiki. Nanging ragane ujug-ujug ngilang. Utusane Patih Anggada krungu suara tanpa rupa,”Mbesuk Sang Raja  Barmawijaya arep diwales dening anakku.”


Utusan banjur bali lapor maring Sang Patih. Sang Patih banjur aweh keterangan maring kawula Keraton Galuh, anggere Sang Raja Barmawijaya wis nibakna paukuman mati maring Ki Ajar Balimiki. Sebab ingatase Ki Ajar Balmiki Sukaresi sawijining pendeta ahli tapa, nanging Ki Ajar Balmiki malah main serong ngnati zina karo Endang Gagambang, adine wadon.  Mulane Ki Ajar Balmiki banjur dipidana mati.  Kawula Kraton Galuh sing krungu pawarta sekang Sang Patih, akeh sing pada teka maring Padepokan Gunung Padang, panggonane tapa Ki Ajar Balmiki. Ki Ajar Balmiki wis ora nana, wis murca. Sing ana mung naga gede banget sing dijenengi Nagawiru. Kawula Kerajaan Galuh ngira Nagawiru kuwe malikane Ki Ajar Balmiki sing kena bebendune dewa.


Kacarita kandungane Dewi Pangreyep saya suwe saya gede. Semono uga kandungane Dewi Naganingrum. Sawijning wektu Sang Prabu Barmawijaya niliki Dewi Naganingrum. Sang Prabu kepenging ngerti calon bayi sing dikandut Dewi Naganingrum kuwe calon bayi lanang apa bayi wadon. Ujug-ujug bayi sing nang kandungane Dewi Naganingrum bisa ngomong,” He, Barmawijaya. Kowe sing mateni Ki Ajar Balmiki, ya?” 


Krungu ana bayi nang kandungan bisa ngomong nuduh wong sing mateni Ki Ajar Balimiki Sukaresi, Sang Prabu Barmawijaya dadi jengkel banget. Ki Lengser  langsung bae diundang lan diprentah, “ Ki Lengser, mbesuk angger bayine Naganingrum lair, dibuang bae nang Kali Citanduy. Ibune digawa nang alas, langsung pateni sisan!” 


Ki Lengser ora bisa nolak prentahe Sang Raja Barmawijaya. Temenan bareng Dewi Naganingrum nglairna jabang bayi lanang, jabang bayi mau cepet-cepet dilebokna nang kendaga, diwehi seperangkat klambi kanggo bayi, lan duwit logam. Kandaga banjur dilarung nang Kali Citanduy. Dewi Naganingrum uga banjur digawa maring alas kon dipateni. 


Nanging Ki Lengser ora tega. Dewi Naganingrum digawekna umah gubug nang pinggir alas, perek Kali Citanduy, sing mbesuk dadi desa jenenge desa Karang Kamulyan. Ki Lengser lapor goroh maring Sang Prabu Barmawijaya anggere kabeh prentahe Sang Raja wis dirampungi. Laporane Ki Lengser dadi  bungahe Sang Raja Barmawijaya. Padahal Ki Lengser goroh nglomboni Sang Raja.  Malah meh saben wulan niliki Dewi Naganingrum, aweh bekel lan aweh nasihat sing akeh-akeh supayane Dewi Naganingrum tetep sabar nampa cobaane dewa.


 Ora let suwe, Dewi Pangreyep ya nglairna anak lanang sing bagus banget, dijenengi Harya Bangah. Saking senenage Sang Prabu Barmawijaya duwe anak lanang, Harya Bangah langsung diwisuda dadi Putra Mahkota Kerajaan Galuh. Sang Prabu Barmawijaya banjur nganakna pesta syukuran pitung dina pitung bengi, nanggap sawernaning tontonan kanggo hiburan rakyat Galuh.  Angger awan digelar kalangan adu jago. Sang Raja Barmawijaya kebenaran pancen duwe kareman adu jago. Botoh-botoh sekang daerah liya pada teka, njajal jagone Sang Prabu Barmawijaya. 


Langka ana ayam jago sing bisa ngalahna jagone Sang Raja. Angger jagone botoh kalah, disered dadi jago duweke Sang Raja. Nang Sang Raja dihadiahna maring punggawane. Sebalike angger jagone Sang Raja sing kalah, ya jagone Sang Raja disered dadi duweke Botoh sing menang. Nang Botoh sing menang, tilas jago Sang Raja bisa didol apa dilelang. Sistem adu jago jaman Kerajaan Galuh ora nana sing model taruhan sing ngandung unsur judi. Anane sistem seredan. Jago sing kalah dadi duweke botoh sing menang.


Ganti cinarita, Aki Balangantrang karo Nini Balangantrang, manggon nang desa Geger Sunten, sapinggire Kali Citanduy. Sedina-dinane gaweane Ki Balangantrang mung golet iwak nang Kali Citanduy nganggo cara mancing, njala, lan pasang wuwu nang kali. Hasile saben dinane digawa Nini Balangantrang maring pasar, didol dadi duwit. Aki lan Nini Balangantrang wis suwe gole umah-umah, nanging ora duwe anak. Sawijining wengi, Nini Balangantrang ngimpi ketiban wulan. Nini Balangantrang banjur tangi, crita karo bojone.


“Aki, Inyong koh ngimpi mangku rembulan. Jarene wong-wong tuwa, angger wong wadon ngimpi mangku rembulan, jere arep duwe anak. Bener apa ora, Ki?” Nini Balangantrang takon maring bojone sing lagi turu jingkrung kemulan sarung.


“Alah, wong wis tuwa kaya kowe, kapan arep duwe anak. Kowe mbok wong wadon gabug. Ora bakal arep duwe anak,” Aki Balangantrang kepeksa tangi sebab dioyag-oyag bae nang  bojone kon ngrungokna critane.


“Aki nyesel duwe bojo aku?  Angger kaya kuwe, pegat bae aku lan balekna maring wong tuwaku!” Nini Balangantrang jengkel diarani wong wadon gabug. 


“Angger kowe tek  pegat banjur sapa sing arep ngedolna iwak maring pasar? Sapa sing arep masakna aku? Sapa sing arep nggawekna wedang aku? Sapa sing arep mbatiri turu aku?” jawabe Akii Balangantrang santai.


“Angger aku kon mbalekna kowe maring wong tuamu, ya tangeh lamon. Mbok wong tuwamu wis pada nang kuburan?”  Aki Balangantrang isih moyoki bojone.


“Dasar! Aki-aki loyo, ngarani inyong sing gabug, ya!”  Nini Balangantrang tambah jengkel, kambi tangi tangane nyandak bantal dikeprukna sirahe Aki Balangantrang. Aki Balangantrang indha. Keprukane mrucut. Nini Balangantrang gentayaran arep tiba. Tapi tibane malah mereki Aki Balangantrang. Aki Balangantrang trengginas nyaut beyekane bojone, banjur ditarik. Nini Balangantrang tiba njagong nang amben persis pipire Aki Balangantrang, terus ngledag nang amben, banjur nangis. Aki Balangantrang langsung bae ngeloni Nini Balangantrang sing mingseg-mingseg nangis kambi nyungsepna raine nang dadane Aki Balangantrang.


“Hampura, Aku, ya Nini!” Aki Balangantrang ngrasa salah wis ngarani bojone wong wadon gabug.  Tangane Aki Balangantran ngelus-elus rambute lan pipine bojone sing lagi nangis sesenggrukan. Ora let suwe, keprungu suarane ayam pelung ingon-ingonane Aki Balangantrang nang kandang ayam mburi umah kluruk. Suwarane dawa banget, kaya  lagi aweh tanda angger wengi kuwe wis meh tekan wayah esuk. 


“Nini, Aku arep maring kali, dongakna ya wuwuku olih iwak sing akeh,” Aki Balangantrang pamit karo bojone sing wis mari jengkele.  Nini Balangantrang njujugna Aki Balangantrang maring ngarep lawang. Langite wis keton padang, Aki Balangantrang  mlaku mengetan nganti Nini Balangantrang wis ora weruh Aki Balangantrang maning, sebab wis ketutupan rungkude wit pring sing pada tukul nang sapinggire Kali Citanduy. Nini Balangantrang banjur maring pedangan arep mususi beras,ngliwet, lan nggodog wedang.


Aki Balangantrang medun maring Kali Citanduy. Mangsa terang, banyu Kali Citanduy sing bening kinclong-kinclong ora pati gede. Kahanane sepi. Sing krungu mung suara kecupak-kecipak sekang sikile Aki Balangantrang sing lagi mlaku urut pinggir kali marani wuwu sing dipasang ora pati adoh karon watu cadas nang pinggir kali. Aki Balangantrang kaget sekal bareng weruh anak kotak kandaga sing bagus banget, lagi temangsang nang watu wadas pinggir kali. Bareng dijikot lan dibukan isine, meh bae Aki Balangantrang ora percaya, malah ngira yen deweke kuwe lagi ngimpi. Isine kotak kandaga yakuwe bayi sing lagi turu, climut, klambi bayi, popok, lan duwet logam. 


Aki Balangantrang langsung ngerti bayi mau mesti anak salah sijine pangeran Kerajaan Galuh sing ora diaku banjur dibuang nang kali. Maksude dibuwang nang kali ya kuwe arep  diweken maring sapa bae sing nemu bayi kuwe. Banjur sing nemu dikon momong kaya anake dewek. Mulane nang kotak digawani klambi bayi, popok, climut bayi, topi bayi, lan duwit. 


“Ni, bener impenmu. Kiye aku gawa olih-olih sekang pinggir Kali Citanduy,” Aki Balangantrang ngulungna kotak isi bayi maring bojone ndadekna bungahe Nini Balangangtrang. 


Bayi mau banjur dirumat Aki lan Nini Balangantrang kaya anake dewek, nganti dadi bocah remaja. Sabane saben dina maring alas pinggir Kali Citanduy. Aki lan Nini Balangantrang aweh jeneng maring bocah mau Manarah. Sekang tembung manah lan rahayu. Manah  artine ati. Rahayu artine selamet.  Dadi  manarah artine bocah sing arep terus slamet. Aki Balangantrang duwe ilmu bisa ngerti omongane kewan, bisa naklukna kewan galak, malah bisa omong-omong karo kewan. Ilmune Aki Balangan diajarna maring  Manarah. Aki Balangantrang ora mung duwe ilmu gendam, deweke uga duwe simpenen ilmu pencak silat, senajan durung nganti tingkat pendekar kondang.  Manarah pancen bocah pinter, trengginas, demen tirakat. Mulane sedela bae wis bisa nampa warisan ilmune Aki Balangantrang. Aki Balangantrang niate arep ngirimna anake asuhe kuwe maring Padepokan Sampak Waja, Galunggung. Tapi Nini Balangantrang urung setuju, sebab  nganggep anak asuhe kuwe isih bocah, dadi durung tega.


“Aki, manuk apa kae?”  bocah anak asuhe Ki Balangantrang sawijining wektu diajak jalan-jalan maring alas pinggir Kali Citanduy. Deweke banjur takon bareng weruh manuk sing wulune apik banget.

“Ya, kae sing diarani manuk ciung,” jawabe Aki Balangantrang.


“Lha, angger kae sing pada gelantungan nang wit, jenenge ketek, munyuk, monyet, apa lutung, Aki?”


“Kewan sing pinter kae jenenge  apik, Wanara,” Aki Balangantrang  gole jawab katon sabar banget.


“Angger kaya kuwe, kawit siki jenengku tek tambahi dewek, Ciung Wanara. Setuju, Aki?” 


Aki Balangantrang langsung setuju. Sebab Manarah Ciung Wanara, artine Pendekar Ciung Wanara sing arep terus slamet, kalis sekang sakabehing sambekala. Bakal diparingi dalan gampang nggayuh kabeh bae apa sing dadi cita-citane. Cita-citane Ciung Wanara ora liya mung kepengin dadi pendekar sing pilih tanding, sawise deweke ngerti angger sabanere deweke kuwe keturunan ksatria Kerajaan Galuh. Ciung Wanara ngira angger deweke kuwe mung lagi dititipna maring Aki lan Nini Balangantrang dadi anak asuh.  


“Aki, kapan aku dijujugna maring Kerajaan Galuh. Aku kepengin ketemu karo Rama Biyungku sing nglairna aku,”  Suwening suwe Ciung Wanara njaluk maring Aki Balangantrang dijujugna maring Kraton Galuh. 


“Cep Ciung Wanara, Aki arep nemoni Ki Lengser disit. Sapa ngerti Ki Lengser bisa nidokna sapa rama lan ibumu,” Aki Balangantrang janji ngesuk arep mangkat maring Kerajaan Galuh dewekan disit.  Sebab Aki Balangantrang khawatir maring keselamatane Ciung Wanara. Ciung Wanara setuju ditinggal nunggu nganti Aki Balangantrang bali maning karo gawa olih-olih keterangan sapa bapane lan ibune Ciung Wanara. Temenan esuke Aki Balangantrang mangkat dewekan maring Kawali, Pusat Kraton Galuh.


 Akhire Aki Balangantrang bisa ketemu Ki Langser. Aki Balangantrang njelasna maksude nemoni Ki Lengser. Ki Lenger kaget banget, bareng dicritani  anggere Aki Balangantrang tahu nemu bayi nang pinggir Kali Citanduy. Bayi kuwe terus dirumat nganti dadi bocah wis meh remaja.  Bocah kue siki gawe bingunge Aki Balangantrang sebab bolak balik takon sapa bapan lan sapa ibune sing nglairna .


Esuke Ki Lengser pamit maring Pating Anggada lan Sang Raja Barmawijaya, ngakune arep tilik sedulure sing nang desa Geger Sunten sing lagi lara. Sawise oleh ijin, Ki Lengser karo Aki Balangantrang ninggalka umahe Ki Lengser.  Ki Lengser yakin angger bocah mau asale bayi sing gemiyen dibuwang nang Kali Citanduy, slamet ditemokna lan diemong Aki lan Nini Balangantrang nganti dadi bocah sing wis meh remaja.Apa maning bareng wis ketemu. Ki Lengser gumun banget sebab rupane Ciung Wanara plek persis rupane bapane, Permana Dikusuma, tilas Ratu Kraton Galuh.


“Cep Ciung Wanara. Kiye Uwamu, Ki Lengser sekang Kraton Galuh kepengengi ketemu,”  Aki Balangantang ngenalna Ki Lengser maring Ciung Wanara. Ciung Wanara bungah banget bisa ketemu karo punggawa Kraton Galuh sing diarep-arep bakal bisa njelasna sapa bapa lan biyunge deweke.Ki Lengser gumun banget ndeleng rupane Ciung Wanara. Sebab plek banget karo ramane, Permana Dikusuma, tilas Ratu Galuh,


“Ciung Wanara, kowe dudu turunane ksatria biasa. Ramamu jenenge Sang Prabu Permana Dikusuma, Ratu Kraton Galuh sing lengser sebab madeg Pandita nganggo jeneng Ki Ajar Balmiki Sukaresi. Siki wis seda. Tilas padepokane nang Gunung Padang. Ibumu isih sugeng. Siki tetirah masanggrahan nang pinggir Kali Citanduy sing luwih adoh maning sekang kene. Siki sing dadi ratu ngganti Ramamu, Sang Prabu Barmawijaya. Sang Prabu kagungan putra siji jenenge  Raden Harya Bangah. Ora gampang angger kowe kepenging ketemu Sang Prabu Barmawijaya, sebab Sang Prabu pancen goleti patimu lan ngertine kowe karo Ibumu wis mati.” Ki Lengser crita sing sebenere lelakone Sang Prabu Permana Dikusuma lan Permaisuri Dewi Naganingrum maring Ciung Wanara, Aki  Balangantran, lan Nini Balangantrang.


“Lajeng kados pundi caranipun kula saged kepangggih kaliyan Kanjeng Ibu, lan kados pundi caranipun kula saged sowan Sang Prabu Barmawijaya, Uwak Lengser?”  Ciung Wanara jaluk saran-saran maring Ki Lengser.


“Ya, kowe kudu sabar, lan kudu duwe ketrampilan keprajuritan lan olah yuda, lan duwe ilmu. Sebab angger kowe siki ngadep Sang Prabu Barmawijaya, tanpa kowe duwe ilmu lan ketrampilan sing cukup, kowe pada bae mung arep setor nyawa, lan kowe mung arep bali maring Geger Sunten gari jeneng tok. Ciung Wanara, kaki buyutmu Sang Purbasora, tahu dadi Raja Galuh. Kaki canggahmu, Sang Hyang Sampakwaja, tahu dadi Adipati Kadipaten Galunggung. Maharaja Wreti Kandayun, kaki caggah Ramamu, ya kuwe sing ngadegna Kraton Galuh nang Kawali. Dadi kowe pancen duwe hak tahta Kraton Galuh. Ya kuwe sebabe Sang Raja Barmawijaya nggoleti patimu supayane besuk ara nana keturunane Sang Raja Permana Dikusumah sing arep nuntut hak tanta Kraton Galuh,” Ki Lengser aweh keterangan maring Ciung Wanara.


“Lajeng kados pundi hubunganipun kula kaliyan Harya Bangah, putra Sang Raja Barmawijaya?”  


“Ya, Dewi Pangreyep kuwe ibu kewalonmu. Sebab Dewi Pangreyep tilas bojone Ramamu. Nanging Harya Bangah, isih sedulurmu sebab pada dene trah Galuh keturunane Maharaja Wertikandayun. Maharaja Wretikandayun kakicanggahe ramamu, Permana Dikusuma. Nanging uga kaki canggahe Barmawijaya, ramane Harya Bangah. Angger diurut pancakaki, kowe luwih tuwa tinimbang Harya Bangah. Ora mung tuwa sekang umur, sebab kowe lahir disit beda paling nem utawa pitung wulan karo Harya Bangah. Tapi kowe uga kapernah tuwa angger dipancakaki,” Ki Lingser aweh penjelasan maring Ciung Wanara.


“Kula bade usul dateng Sang Prabu Barmawijaya, Uwak Lengser.”  


“Arep usul apa? “ Ki Lengser takon.


“Menawi keterangan Uwak Lengser leres kula trah turunanipun Maharaja Wretikandayun, tegesipun kula kalian Harya Bangah punika taksih sederek, sami-sami gadah waris Kraton Galuh. Kados pundi menawi kula bade usul kemawon supados mbenjang Kraton Galuh dipun bagi kalih kemawon. Sepalih kangge Harya Bangah. Sepalih kangge kula.” Ciung Wanara duwe penemu banjur diusulna maring Ki Lengser.


Krungu usule Ciung Wanara, Ki Lengser banjur gumuyu.” Cep Ciung Wanara. Ora gampang mbagi Kraton Galuh, sebab durung mesti Sang Prabu Barmawijaya gelem. Nanging usulmu bagus banget. Angger Sang Prabu Barmawijaya gelem laku adil lan emut pesene Ramamu Sang Prabu Permana Dikusuma wektu arep lengser, kudune ora kabotan nrima usulmu. ” Ki Lengser aweh penemu maring Ciung Wanara. [ bersambung]

Catatan : Seri candake klik ngisor kiye:
https://tamanrafflesia.blogspot.co.id/2016/07/legenda-tanah-pasundan-ciung-wanara_19.html