Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Senin, 27 Juni 2016

Wayang Kulit Banyumasan : Sumpahe Rama Parasu (02)




Sumber Gambar : wayang.wordpress.com
Suluk disit :

Aja turu......sore-sore .....cah bagus lan cah ayu.........ana....dewa....nganglang jagat....nyangking bokor kencana  isi ne donga  tinular....sandang klawan pangan.....ya iku bagian nipun......wong sing melek lan sabar ...nrima...hoooo.....heeee….


Ingkang garwa Dewi Renuka, ya sebenere wis tau ngelingna maring Sang Maharsi, "Duh Maharsi samenika sampun wanci siang, kula dereng damel unjukan kalian masak. Bade dateng tegalan rumiyin saperlu mendet lombok, kacang panjang, ron lembajung, kecipir, welok, terong, lan sanes-sanesipun. Bade damel sayur lodeh, kluban, lan sambel. Punapa Kanjeng Maharsi boten kangen kalian sambel lan masakan kulo?"

Dewi Renuka pancen pinter masak, sambel gaweane ya enak. Diarani pedes ning ora patia pedes, diarani ora patia pedes, tapi ya pedes. Kayane angger gelem mbukak usaha kuliner warung sega nang Banyumas, Prakerta, Sokaraja, apa Sidareja lan Cilacap, kajonge tah laris pisan.Apa maning nang Bandung utawa Jakarta.


Krungu ature ingkang garwa, Maharsi Jamadagni ngendika, "Mesti bae aku kangen maring masakanmu, Nini Dewi.Kluban,sayur lodeh karo sambele pisan. Nanging aku lagi luwih kangen dibatiri nang kene. Siki kaya kije bae.Ora usah maring tegalan, ora usah masak, ora usah gawe unjukan. Ning angger garep adus ya nganah, aja kesuwen. Sawise adus maring kandang sapi  Nandini bae. Diperes jikot banyu susune, terus nyuwun sakehing masakan maring Sapi Nandini. Aja kelalen dongane.Isih emut, mbok?"


Ingkang garwa mangsuli, "Teksih sanget, nanging punapa Kanjeng Maharsi boten bade tindak dateng langgar sanggar pamujan?"


Sang Maharsi njawab enteng, "Bab kuwe gampang, bisa tek ropel mengko angger aku wis mari kangenku maring kowe, Nini Dewi. Dina kiye paling ya aku mung arep adus thok. Nanging bar kuwe, ya kudu dibatiri maning nang senthong, ya. Wis nganah angger garep adus, aja kesuwen lan aja kelalen maring kandang sapi."


Dewi Renuka njawab,"Inggih, Sang Maharsi."


Nanging bareng ingkang garwa Dewi Renuka garep tangi, tangane isih dicekeli bae, malah bangkekane dicandak, banjur ditarik lan dikeloni maning, kambi dirisiki, "Sepisan maning, ya, Nini Dewi."


Dewi Renuka ya manut bae, banjur terus mapan mlumah garep gawe legane Sang Maharsi, karo mangsuli, "Inggih sumangga kersa, Kanjeng Maharsi".


Kaya kuwe kegiatane Sang Maharsi Jamadagni, ndina-ndina embuh pirang seri sedina sewengi. Putra-putrane weruh polahe ramane, ya mung pada meneng bae. Malah esuk-esuk banget bocah lanang lima mesti wis cepet-cepet lunga ngalas, sengkud gawe proyek mbukak kebon lan sawah anyar. Perlune angger  awan-awan,  ya ora pati ngganggu rama karo biyunge sing lagi sibuk honei moon jilid pindo. Mesti bae kahanan Padepokan angger awan dadi sepi. Sebab putra-putrane pada maring alas nggarap proyek nganti sore. Sang Maharsi karo Garwane angger awan, ya pada nang sentong bae. Paling-paling, ana cantrike sing pada piket nggo jaga-jaga mbok menawa ana tamu.


Nanging temenan sawijining dina, padepokan kerawuhan tamu agung sekang Kerajaan Mahespati. Prabu Arjuna Sasrabahu, Ratu Mahespati, diiringi pengawale sawadya balane rawuh maring padephokan, saperlu garep mundut Sapi Nandini, sapi pusaka ingon-ingone Maharsi Jamadagni. Angger olih arep ditembung apik-apaik arep dijaluk. Angger ora olih ya arep dipeksa lan diglandang bae. Pancen, ana landa dolanan dara, sing sapa lena, bilahi ya njur bakal teka.

***

Sapa sih jane Prabu Arjuna Sasrabahu kuwe? Prabu Arjuna Sasrabahu kuwe putune Prabu Herria, Ratu Mahespati sing wiwitan lan putrane Prabu Kartawiria, ratu sing kepindo. Dadi Prabu Arjuna Sasrabahu, ratu sing nomer telu. Sawise Prabu Arjuna Sasrabahu seda tanpa perang tanding karo Maharsi Ramaparasu, putra-putrane kabeh tinumpes kelor dening Maharsi Ramaparasu putra ragile Maharsi Jamadagni, ya wiwit saka wektu kuwe Kerajaan Mahespati ilang sekang lumahing bumi.


Jan-jane Prabu Arjuna Sasrabahu tahu ketitisan Betara Wisnu, mulane tahu kondang dadi ratu sing gung binatara, padang obore, duwur kukuse, adoh kuncarane. Mergane pancen tahu duwe curiga, turangga lan kukila. Curiga kuwe keris, lambange kasekten, cipta, rasa, lan karsa., sing ndadekna bisa triwikrama, sebab pancen titisane Betara Wisnu. Duwe turangga, lambange kekuasaan, sebab duwe patih sing sekti lan pengabdi setia, Patih Sumantri Suwanda Geni. Uga duwe kukila, yakuwe bojo sing aju kinyis-kinyis, Dewi Citrawati, putri sekang kraton Magada.


Prabu Arjuna Sasrabahu, dijuluki sasra bahu, sebabe angger tiwikrama, malik dadi buta sing gede banget sing tangane utawa bahune dadi sewu cacahe. Sasra, sekang tembung sasraha, sing artine sewu. Nanging, suwe-suwe Batara Wisnu lunga, ora betah, sebab Sang Prabu Arjuna Sasrabahu, bareng mbojo Dewi Citrawati, ketungkul ngurusi bojone bae, ora gelem ngurusi kawula lan negarane. Urusan praja lan kawula diserahna maring putra-putrane, ngonoh terserah arep diapakna Kraton Mahespati.


Dewi Citrawati pancen bojo sing aju banget, uga tahu dadi titisane Dewi Sri. Sayange Dewi Citrawati kiye aleman banget, penjaluke werna-werna, tur sing angel-angel. Cara jaman sakiye ndean ya istri matrek. Adoh banget wateke karo Dewi Renuka, sing jan-jane ya ora kalah ayune karo Dewi Citrawati. Nalika Dewi Citrawati dilamar Prabu Arjuna Sasrabahu panjaluke madan ora memper pisan, yakuwe njaluk diiringi prawan dhomas sing jumlahe 800. Jaman semana nggoleti prawan ayu nganti 800 mesti bae ora gampang, kudu ndimek maring ngendi. Untunge, akeh kraton sing pada gelem mbantu. Nek jaman siki sih gampang. Pasang iklan nang koran, tv apa internet, mesti bakal mbrudul, akeh sing ndaftar.


Bareng wis klakon daup, wengine nganti pirang-pirang bengi Dewi Citrawati isih durung gelem disenggol dening Sang Prabu. Sebab isih duwe panjalukan maning sing luwih angel, yakuwe karepe malam pertama sare bareng karo Sang Prabu, kudu nang sajroning taman kaswargan, sing jenenge Taman Sriwedari. Untunge Sang Prabu duwe patih Sumantri sing bisa mindah Taman Sriwedari sekang Kahyangan Utarasagara maring Mahespati, sebab dibantu adine buto bajang Sukrasana. Ya, nang pesanggrahan Taman Sriwedari sing wis dipindah maring Mahespati kuwe, Prabu Arjunasasrabahu nembe bisa klakon lambangsari malam pertama karo Dewi Citrawati.


Ana penjalukane maning sing dadi margane Dewi Citrawati nemu dalaning pati. Dewi Citrawati njaluk dibendungna bengawan, perlune arep kanggo adus nang muaraning bengawan. Nanging Dewi Citrawati ora kersa adus lan lelumban dikancani Sang Prabu. Deweke mung arep adus karo abdi pengiringe thok. Tugase Sang Prabu kur kon mbendung bengawan, perlune banyune dadi madan gampang nggo adus karo lelumban. Sang Prabu banjur tiwikrama, turon mbendung bengawan nganggo sarirane. Patih Sumantri di kon cuti ora usah ngurusi negara disit, perlune kon njaga Sang Prabu sing lagi tiwikrama mbendung bengawan lan uga njaga Dewi Citrawati sing arep adus karo lelumban diiringi para abdine wadon kabeh.


Kacarita, Patihe Dasamuka Kala Marica, sing wis suwe nginggeng  Dewi Citrawati sing lagi adus, banjur teka garep ngruda peksa. Ndilalahe, Patih Sumantri gole piket ngjaga bojone gustine, mandan adoh, ora wani perek-perek. Kala Marica bungah banget bisa mereki Dewi Citrawati, lan arep dirudapeksa alias diperkosa. Dewi Citrawi kaget banget. Arep njaluk tulung karo sapa? Nang batin Dewi Citrawati getun banget, sebab deweke sing prentah Patih Sumantri kon aja perek-perek, mbok bojone, Prabu Arjuna Sasrabahu cemburu. Dewi Citrawati bisane mung njerit sekuate. Tapi Kala Marica ora kelangan akal. Bangkekane Dewi Citawti bisa disaut, lan digawa mentas maring pinggir bengawan. Nanging sadurunge bisa ngruda peksa lan nguculi klambine Dewi Citrawati, tangane Sang Dewi nyandak patrem sing disimpen nang sanggule. Dewi Citrawti lumuh wirang sebab wis klakon kejamah wong lanang sing dudu bojone tur buto maning. Dewi Citrawati milih suduk sarira, dadi lan patine.

Patih Sumantri Suwanda Geni kaget banget bareng ngerti ana buta mata kerancang wani-wani ngganggu bojone gustine. Perang tanding Kala Marica karo Patih Sumantri Suwanda Geni, ora bisa dicegah. Sayang Patih Sumantri gagal mateni Kala Marica. Sebab Kala Marica bisa mlayu lan njaluk tulung karo bendarane Prabu Dasamuka sing nuju masanggarahan nang pinggir alas, ora pati adoh karo muara kali sing lagi dibendung Prabu Arjuna Sasrabahu. Sial kanggone Patih Sumantri Suwandageni, sebab deweke utang dosa lan nyawa, yakuwe tahu mateni adine dewek, Buta Bajang Sukrosono. Akhire Patih Sumantri Suwandageni  seda kalah pancakara karo Prabu Dasamuka.


Mesti bae, Prabu Arjuna Sasrabahu, duka banget. Prabu Dasamuka banjur diamuk dening Prabu Arjuna Sasrabahu. Dasamuka kalah ing juda, banjur dirangket, lan arep dipateni. Nanging dewa ora marengake Prabu Arjuna Sasrabahu sing wis koncatan Wisnu mateni Dasamuka. Dasamuka banjur diapura, diculna, terus bae ngitar bali maring Alengka, ninggalna Prabu Arjuna Sasrabahu sing mung bisane deleg-deleg. Enggane koh mung sedina bisa kelangen patih kinasih lan bojone sing terus-terusan gawe kasmaran lan gandrunge Sang Prabu. Ya, saka wektu kuwe Sang Prabu banjur keton nglokro, keton-ketonan terus maring Dewi Citrawati. Pendak dina metu kraton njajah desa milang kori,mbok-mbok nemu wong wadon sing pada ajune karo Dewi Citrawati. Akhire lakune Prabu Arjuna Sasrabahu tekan padepokane Maharsi Jamadagni, sing kawentar duwe bojo ayu awet enom, yakuwe Dewi Renuka.

***

Prabu Arjuna Sasrabahu rawuh maring padepokane Maharsi Jamadagni, sebab krungu kabar angger Sang Maharsi kuwe duwe sapi wadon sapi Nandini. Sapi Nandini kiye duwe khasiat werna loro. Sepisan, bisa aweh sawernaning dedaharan lan peni raja peni sing dikarepna dening Sang Maharsi. Kaping loro, sing sapa bae nginum banyu susu peresane susune sapi Nandini bisa bakal awet nom terus, ora bisa tuwa, lan umure bisa nganti sewu warsa. Maharsi Jamadagni karo putra-putrane, lan garwane, merga sering ngunjuk banyu susu Sapi Nandini, mulane banjur olih khasiate susu sapi Nandini. Sarirane pada seger-seger,keton enom bae. Apa maning Dewi Renuka. Ora ana sing ngira yen deweke kuwi wong wadon sing wis duwe putra lima sing wis ngancik remaja. Akeh sing ngira yen Dewi Renuka kuwe pantese dadi putrine Sang Maharsi. Kabeh kuwe mau merga sekang dayane banyu susune sapi Nandini.


Kacarita, Rawuhe Sang Prabu ditampa karo ati bungah banget dening Maharsi Jamadagni. Saking bungahe kerawuhan Ratu, Maharsi  Jamadagni kongkon bojone dandan sing apik lan njiapna pasugatan dedaharan werna-werna, wowohan, lan unjukan banju susu perah Sapi Nandini. Dedaharan sing disuguhna maring Sang Prabu, yakuwe dedaharan sekang khasiat lan daya kasektene Sapi Nandini.


Bareng kabeh dedaharan lan unjukan wis siap, Dewi Renuka ngaturi Sang Prabu lan pendereke  kersaa nyicipi dedaharan lan unjukan sing wis temata. Bareng Sang Prabu weruh Dewi Renuka sing mung sak klebatan, saknalika Sang Prabu kemutan marang ingkang garwa Dewi Citrawati sing wis bali maring kasidan jati. Sakjrone dahar dibatirii Sang Maharsi, Sang Prabu mbatin,”We lha, aju temen bocah wadon kae, kaya jambe sinegar karo Yayi Dewi Citrawati.”

Sawise rampung gole dahar, Sang Prabu banjur ngendika, ”Dedaharan iki lan unjukan banyu  susu mirasa banget, apa bener sabab saka dayani sapi Nandini  ingon-ingonmu mu, Maharsi?”


Sang Maharsi  mangsuli, ”Inggih leres, Kanjeng Prabu.”


Sang Prabu ngendika maning,”We lha, ana Maharsi duwe unjukan sing rasane ngluwihi rasane unjukane Ratu Mahespati!”


Krungu  pangandikane Sang Prabu, Sang  Maharsi meneng bae, nanging atine wiwit ngrasakna ora madan kepenak. Apa maning bareng Sang Prabu uga takon bojone,”Lha, sapa kae bocah wadon sing mau ngaturi dahar, Maharsi? Anakmu apa anake kancamu?”


“Tiyang estri kala wau punika, sanes anak kula, Kanjeng Prabu. Punika wau inggih bojo kula, biyungipun anak kula gangsal ingkang sampun ngancik dewasa. Sakniki anak-anak kula nuju wonten wana, mbikak tegalan enggal, pramila  boten saged  ngurmati rawuhipun Kanjeng Prabu ing Padepokan ngriki.”


“We lha, tiwas kebeneran banget. Dadi wong wadon mau bojomu,Maharsi?”


”Inggih Kanjeng Prabu.”


Sang Prabu Arjuna Sasrabahu banjur ngendika maning, ”Dadi ana Maharsi, duwe bojo ayu, ayune  ngluwihi  garwane Ratu Mahespati.”


Dewi Renuka sing lagi nang umah njero, krungu kabeh pangandikane Sang Prabu Arjuna Sasrabahu,  tanggap anggere bakal ana bilahi. Mulane enggal metu lewat mburi mlayu maring ngalas, karepe arep nusul ingkang putra kon enggal-enggal bae bali maring padepokan. Sang Prabu sing isih ngendikan karo Sang Maharsi, ora ngerti anggere Dewi Renuka wis mlayu sekang Padepokan. Ngertine ya isih nang pedangan.


Sang Prabu ngendika maning maring Sang Maharsi, pangandikane siki malah wiwit murang tata.

”He, Maharsi Jamadagni! Bojomu sing aju kae arep tak bojong maring Mahespati, semono uga sapi Nandini kewan ingon-ingonmu arep tak pundut lan tak gawa menyang Mahespati, oleh apa ora?”


Durung nganti Maharsi Jamadagni njawab, Sang Prabu Arjuna Sasrabahu sing wis koncatan wisnu lan murang tata kuwe, banjur ngendika maning, ”Olih ora olih, ya kudu oleh! He, komandan prajurit pengawal saka Mahespati, purba wasesa tek serahna marang kowe. Gawanen bojone Maharsi karo Sapi Nandini ingon-ingone maring Mahespati!”


Sawisa ngendika kaja kuwe, Prabu Arjuna Sasrabahu jengkar sekang palenggahan, tindak maring kreta sing wis diparkir ora adoh karo padepokan, banjur kreta mlayu ninggalna padepokan Sambiharja.[ ana candake]

Artikel Candake : Sumpahe Rama Parasu -bagian 03
https://tamanrafflesia.blogspot.co.id/2016/06/wayang-kulit-banyumasan-sumpahe-rama_29.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar