Sumber gambar : wayang.wordpess.com & wikipedia
Sawijining dina, Maharesi Jamadagni sing lenggah ing Padepokan
Sambiharja, ngundang lima putrane kabeh
sing wis pada ngancik taruna. Lima putrane Sang Maharesi, urut-urutane kaya
mengkene: (1)Sang Rumawan, (2)Sang Susena, (3)Sang Wasu, (4) Sang Wiswasu, lan (5) Si ragil Ramaparasu.
Sang Maharsi Jamadagni banjur prentah marang lima putrane siji-siji supaya mateni Dewi Renuka, Ibune para taruno iku. Dewi Renuka iya garwane Sang Maharesi Jaamadagni.
Dewi Renuka lungguh ing ngarepe Sang Maharesi karo nangis keranta-ranta. Sebab
Sang Maharsi wis gilig atine, kudu paring pidana mati marang garwane dewe. Mesti
wae para putrane pada ora tegel. Putrane
sing mbarep nganti putrane sing nomer papat, kabeh pada sarujuk nolak prentahe
Sang Maharasi. Mulane Sang Maharsi banjir
duko bang mawinga-winga. Ingatase duwe putra lima,
papat putrane sing wis didawuhi, ora ana sijia sing nindakake dawuhe.
Kocapa putrane papat sing ora gelem nindakake dawuhe Sang Maharesi, banjur
disupatani. Mandi Sabdane Sang Maharesi sing gentur tapane. Saknaliko putrane papat mau pada dadi wong
kentir kabeh. Ngengleng ora kelingan apa-apa kaya wong setengah edan. Sewise nyepatani putrane kang nomer siji
nganti nomer papat, Sang Maharsi banjur dawuh marang putrane sing ragil, Ramaparasu.
“Ramaparasu, Ngger anakku. Sira wis weruh dewe, ganjarane anak sing wani
mbangkang prentahe Sudarmo nira. Saiki, aku dawuh marang siro. Patenana Ibumu,
Dewi Renuka. Yen sira tuhu miturut dawuhe Kangjeng Romo, ora-orane Ingung bakal
lali. Sira bakal entuk nugraha agung. Apa panjalukmu, bakal Ingsun turuti, Ngger
anakku cah bagus, Ramaparasu!” Sang Maharesi ngendiko alus marang Si Ragil.
Ramaparasu lantip ing panggraito. Matur marang Sang Maharesi Jamadagni. “Duh,
Kanjeng Romo, punapa dawuhipun Kanjeng Romo bade kula estokaken!” kanda kaya
mangkono, Ramaparasu banjur nyandak parasu utawa kampak sing gede banget.
“Duh, Kanjeng Ibu, Ingkang putra nyadong pangapunten. Sebab dalem namung
saderma nglampahi dawuhipun Kanjeng Romo, inggih Sudarmo kawula!” Ramaparasu
matur ing sangarepe Ibune sing lagi muwun.
Kumedot atine Ramaparasu. Nanging Ramaparasu ora wani nunggu suwe-suwe.
Parusu sing diasto tangan tengen, langsung ditamakna gulune Dewi Renuka sing
lagi nangis mingseg-mingseg. Ketiban kampak sing gedene lan landepe nggegirisi,
gulune Dewi Renuka langsung tugel tinigas pancing. Dewi Renuka tiba ing
bantala. Seda saknaliko. Sawise nyedani Ibune, Ramaparasu banjur ngrungkebi
layone ibune karo ngembeng waspo. Sirah karo gulune sing wis pisah, banjur dicedakna
maneh. Layone Dewi Renuka ditutupi nganggo lawon putih, disarekno ana ing ngarepe Maharesi Jamadagni.
Sawise pidana
mati kelakon ditindakna Ramaparasu, Sang
Maharsi rumangsa marem banget. Nanging kosok baline, Ramaparasu ngrasa gede
banget dosane. Sebab ingatase putra Maharesi kok kumawani njedani ibune dewe. Bareng
Sang Maharsi Jamadagni pirsa ingkang putra muwun lan ngembeng waspa, Sang
Maharesi ngendika.
"Wis kulup
putraku Ramaparasu, aja sira banjur sedih. Kembang melati ing Padepokan Sambiharjo sing wis laju ya wis samestine yen kudu
ucul saka gagange. Lha, ja mesti bae bakal tiba ing bantala. Wis cah bagus sira
ora susah muwun, mengko dadi kedawa-dawa. Ingsun wis marem banget dene kowe
putraku wis bisa gawe leganing atiku. Ingsun ngerti banget, sira wis nindaake kewajiban sing abot banget
sanggane. Mulane ngger kulup putraku Ramaparasu, siki arep njaluk apa bae marang Ingsun, arep tak
turuti kabeh sapenjaluk sira. Sebab sira pancen anakku lanang sing wis mituhu
banget maring kabeh dawuhe Kanjeng Rama. Ayo, matura! Mas, picis, raja-brana,
bojo ayu? Bakal Ingsun sembadani!"
Apa ta dosane Dewi Renuka, nganti Sang Maharesi Jamadagni nibakno pidana mati
marang bojone dhewe sing banget
ditresnani?
Sakjatine Dewi Renuka iku wanodya kang sulistya ing warna, senajan wis
kagungan putra lima ngancik dewasa,
nanging sarirane isih ayu kaya wanodya nembe ngancik dewasa. Sebab pancen Dewi
Renuka pinter ngadi sarira lan busana. Maharesi Jamadagni dhewe mongkog atine
duwe bojo ayu kaya widadari paringane Batara Indra.
Nanging Dewi Renuka lagi nampa godaan saka dewa. Ingatase deweke wis dadi
garwane Maharesi Jamadagni sing kewentar menyang ngendi-endi papan, lan isih
turunane dewa, Dewi Renuka ora kuwat
nandang krodaning nafsu birahi marang wong lanang, yaiku Prabu Citrarata. Prabu
Citrarata dewe pancen satrio sing gagah pidekso, tur bagus rupane, sing
ndadekake Dewi Renuka langsung kapencut.
Pancen Dewi Renuka, uga wanita ingkang sulistya ing warna, kulite kuning duku,
eseme pait madu, lirikane … mana tahan. Senajan wis kagungan putra lima, Dewi
Renuka isih katon kaya prawan sweet seventen.
Wektu semana Dewi Renuka wis meh patang sasi ditinggal samadhi Maharesi
Jamadagni ing Sanggar Pamujan Padepokan Sambiharjo. Kanggo ngilake rasa kangen
lan kesepian amargo wis luwih saka patang sasi ora tau disenggol Sang Maharesi, Dewi Renuka
banjur saben dina golek kesibukan kanggo nglipur atine. Pendak esuk mesti tindak dhewe menyang kebon saperlu metik
sajuran, nandur kembang, lan opek woh-wohan. Sawise kuwi banjur tindak menyang
pinggir narmada sing bening banget banjune, ora adoh karo pinggir alas.
Ndilalah wektu semana Dewi Renuka
mriksani Prabu Citrarata saka Kerajaan Martikawata nuju siram ing tengahe narmada. Dhewe maneh, ora ana sing
ngancani. Bareng Dewi Renuka mriksani Prabu Citrarata sing gagah, bagus
respati, nuju siram ing tengahe narmada, sanalika Dewi Renuka kasmaran nandang
birahe nganti Dewi Renuka wis ora bisa nahan hardanig nafsu asmara. Dewi Renuka
banjur nyopot klambine kabeh, terus medun narmada melu lelumban nyedaki Prabu
Citrarata. Bareng Prabu Citrarata mriksani ana wanodya sulistya ing warna tanpa
busana melu njemplung ora pati adoh karo deweke, Sang Prabu banjur tanggap ing
sasmita lan kersa nglanggati Dewin Renuka. Tanpa kudu mbuang wektu suwe-suwe Sang Prabu banjur nyedaki wanodya ayu mau.
Akhire, Dewi Renuka keturutan den jamah Prabu Citrarata, lan klakon lambang sari ing
sajeroning narmada. Bareng wis rampung, Dewi Renuka krasa marem lan kalegan
banget, dene wis kelakon bisa lambang sari karo satria gagah pideksa tur bagus
rupane. Dewi Renuka banjur mentas, ngango klambi maneh, lan engggal-enggal
kondur marang padepokan. Nanging bareng wis cedak padepokan, Dewi Renuka mulai krasa
gemeter lan trataban atine, banjur mbatin.
"Aduh keprije iki nasibku mengko
angger nganti anggonku laku sedeng bisa kapirsanan dening Sang Maharesi? Apa
wong sing lagi semedhi bisa weruh kelakuanku. Aduh angger nganti weruh, embuh keprije
nasibku mengko”
Maharsi Jamadagni
pancen Maharesi sing gentur samadhine, nganti direwangi duwe bojo ayu ya
dijorna wae kapiran pirang-pirang sasi. Nanging Sang Maharsi entuk nugraha
dewa, bisa weruh ing sajroning ciptane.
Apa sing cinipta katon kabeh. Sing adoh-adoh, apa maneh sing cedak. Mulane
bareng pirsa ing sajroning ciptane yen Sang Garwa wani slingkuh, saknalika Sang
Maharsi duka yayah sinipi.Wudar anggone tapa samadhi.
Senajan nembe tekan nang padepokan, Dewi Renuka langsung
ditimbali, banjur disidang disekseni putra-putrane. Nijate Sang Maharsi wis golong
gilig, ingkang garwa kudu dipidana mati, sebab wis gawe wirang Sang Maharesi.
Ingatase garwane Sang Maharsi sing kawentar
lan gentur samadhine, kok wani-wanine duwe laku selingkuh. Dewi Renuka sing
ngrasa salah, banjur bisane ya mung pasrah karo Sing Gawe Urip, karo nangis
mingseg-mingseg kelara-lara. Nang batin Dewi Renuka ngendika.
“Sak jane anggere
sewulan sepisan wae Sang Maharsi kersa ngancani aku turu bareng, aku ya wis trima lan matur nuwun baget. Ora bakal aku
bisa kegoda. Lha, iki nganti luwih patang
sasi!” Dewi Renuka nyalahna Sang
Maharesi kang dianggap lali nindakake kewajibane wong urip salaki rabi,
yaiku nyukupi kebutuhan nafkah lahir lan
uga nafkah batin bojone.
Ewa semono Sang
Dewi isih ikhtiar njaluk ngapura marang Sang Maharesi lan uga marang
putra-putrane. Nanging tumrape Sang Maharsi, tumindake Dewi Renuka pancen wis ora
bisa diapura. Pokoke, tiada maaf bagimu. Palu sabdo pandito wis kocap, Dewa Yamadipati
diundang rawuh, Sang Garwa, Dewi Renuka
kudu mati wae.[ana candake]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar