Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Rabu, 29 Juni 2016

Wayang Kulit Banyumasan : Sumpahe Rama Parasu (03)





 Sumber gambar : wayang.wordpress.com
Bareng Prabu Arjuna Sasrabahu wis ninggalna Padepokan, prajurit Mahespati banjur cepet-cepet  nindakna dawuhe Sang Prabu. Sang Maharsi ujug-ujug bae ditangkep dening prajurit telu cacahe, banjur dijagongna nang dingklik, dijaga prajurit telu, sing siji nang sisih tengen nyekeli lengen sing tengen, sing siji maning nang sisih kiwe,nyekeli lengen kiwe, sing siji liyane maning nang buri, njekeli pundake. Perlune kon Maharsi aja bisa lunga-lunga. Sapi Nandini sing nang kandang, wis kelakon digered sekang kandange lan digawa metu,diringi sepuluh prayurit.Nanging prajurit sing cacahe lima sing ditugasi nggawa Dewi Renuka,gagal nemokna, padahal tandu nggo mbojong maring Mahespati wis siap nang latar padepokan.

 ”Lah, kiye mau maring ngendi bojone Maharsi sing wis dikersakna Sang Prabu? Koh ora ana nang dapur?.He kanca2 ,jajal digoleti nang senthong.Leboni unggal senthong.Aja kelalen goleti mbok umpetan nang sanggar pamujan”,kaya kuwe omongane komandan peleton(danton),sing olih printah kon nggawa Dewi Renuka. Nanging senajan sentong wis diorak-arik,sanggar diobrak-abrik,sing di goleti ora ana.Mulane banjur pada  laporan maring komandan peleton prajurit Mahespati sing wis nampa dawuh Sang Prabu Mahepati kon mboyong peksa Dewi Renuka. Bareng wis krungu laporan angger sing digoleti ora nana,komandan peleton banjur mereki Sang Maharsi sing lagi disandera.


“He, Maharsi.Bojomu dikersakna nang Gustiku. Aku didawuhi kon mboyong maring Mahespati.Lha kae tandu  sing nggo gawa  ya wis siap. Lha siki diumpetna nang endi? Jawab Maharsi!!!”, komandan regu takon maring Maharsi. Mesti bae Maharsi ora njawab, sebab nang batin mbededeg banget deneng koh ana prajurit sing  wani kurang ajar lan murang tata maring deweke. Tapi arep budi ya ora bisa,sebab sing maune mung dicekeli prajurit telu bae ora bisa obah.Apa maning siki ditambah komandan peleton sing kaya arep nginterogasi,ngadeg nang ngarepe,gole ngomong kambi  nggentak2 ngedirna kekuasaane.


“He Maharsi! Jawab  takonane Iyong sepisan maning.Diumpetna nang endi bojomu?”,komandan takon maning karo nggentak luwih seru maring Sang Maharsi Jamadgni.”Nek ora gelem njawab mesti bakal tek pilara kowe!!!”,komandan regu mulai ora sabar,ngomong kaya kuwe kambi matane dipendelik-pendelikna,raine diperek-perekna maring raine Maharsi Jamadagni.Malah siki tangan kiwene wis wani  nyekel jenggote Sang Maharsi. Nanging Senajan digentak-gentak lan dipeksa-peksa,Sang Maharsi tetep meneng bae.Niate arep ngeningna cipta,maca rapal lan japa mantra,arep ngetokna kedigdayanne nggo nglawan para prajurit.Nanging,Sang Maharsi  ora emut yen deweke wis pirang2 dina ora munggah maring sanggar pamujan,wis pirang2 dina ora maca rapal japa mantra,wis pirang-pirang dina ora tahu dzikir lan samadhi.Mulane dadi kelalen rapal japa mantra  nggo ngetokna kedigdayane. Pirang bara apal rapal japa mantra kedidayan,sing apal kecepal mung gari japa mantra Aji Kamasutra.Pancen bisa dimaklumi,Sang Maharsi Jamadagni sing maune Maharsi sing gentur samadhine lan mandi sabdane, wis ora tau  gentur samadhi lan dzikir nang sanggar pamujane,tapi ndina2 akhir2 kiye gentur nang sentong bae,kelon terus karo bojone.Mesti bae banjur ilang mandine lan kedigdayaane.Ibarat macan wis ilang siunge,gajah tugel gadinge,manuk garuda ilang cekere,ula ilang upase. Lir godong jati aking, sepi sepa asepah samun.Ning kayane pancen wis tiba titi mangsane, Sang Maharsi kudu ngunduh wohing pakarti.Mergane tahu ngukum anake lanang papat dadi kentir,siki Sang Maharsi uga dijaga prajurit papat,sing wis siap2 garep milara Sang Maharsi.


Komanda  peleton wis sangsaya ora sabar maning, mulane banjur aweh ancaman terakhir,”He Maharsi,koh meneng bae kaya Maharsi kentir, jawab takonku sepisan maning. Nang endi bojomu, umpetan nang padepokan apa nggesruk maring alas?”. Sang Maharsi tetep bae kukuh  ora gelem njawab,malah cangkeme umed-umed maca rapal japa mantra kadigdayan, naning  ndilaha keliru, sing diwaca  malah japa mantra Aji Kamasutra. Mulane Sang Maharsi banjur ndredeg wel-welan, angger ora dicekeli mesti wis tiba gentawilan.Socane merem,nanging sekang cangkeme metu swara sesambat,”Duh…Nini Dewi, Nini Dewi…..Nini Dewi,”kaya kuwe sambate terus-terusan  kayong wong lagi brangta  dadi gumune prajurit papat sing wis siap garep milara.


Mulane komandan prajurit banjur ngomong,”Wah,genah diumpetna kiye bojone,buktine siki diundang-undang. Ayuh dipilara bae,mangsa tegaa bojone sing lagi umpetan apa nggesruk nang sekitar kene. Mengko mesti bakal teka ngeneh”.Bar ngomong kaya kuwe, komandan prajurit langsung   bug!. Bogem mentah  pembukaan ditibakna maring raine Sang Maharsi. Sabanjure Sang Maharsi diantemi prajurit papat.Ana sing ngantem sekang kiwe,sekang tengen,sekang buri lan sekang ngarep,dipilara didadekna bancakan. Mesti bae Sang Maharsi banjur mumet sirahe,kunang2 pandelengane,matane mulai bengep lan biru-biru,lambene pecah,sekang irunge mulai metu getihe,dipilara kaya kuwe suwe-suwe Sang Maharsi gentawilan,tiba sekang dingklik,tiba maring lemah.Nanging para prajurit Mahespati sing lagi milara Sang Maharsi ora leren, malah ana sing nendang karo  arep ngidek-idek Sang Maharsi sing wis tiba  mengkureb  . Untunge  komandan regu nglarang,karo ngomong.


 “Aja kebanjur, mengko mbok mati.Tugase sekang Sang Prabu ora mateni Sang Maharsi.Ning mung kon mboyong bojone.Jorna bae kon nggereng-nggereng ngundang-undang bojone.Sedela maning tuli bojone teka. Ditunggu bae.” Pancen Sang Maharsi Jamadagni sing wis tiba tengkureb nang lemah isih terus nggereng-gereng kambi ngundang-undang bojone, sebab kenang dayane aji kamasutra.Nanging suara gerengane suwe-suwe mung krungu lamat-lamat, banjur ilang.Sang Maharsi meneng bae, kaya wong turu, semaput merga dipilara lan diantemi prajurit papat. Nanging lambene keton mesem, ndean tah turu kebanjur kambi ngimpi ngeloni  ingkang garwa, kena dayane aji kamasutra sing wis dirapal. Mulane senajan nembe dipilara, kayonge ya ora ngrasa  lara. Embuh mengko anggere wis emut sekang semapute.


Kocap kacarita, Ramaparasu sawise  disusul ibune lan krungu wadulane ingkang ibu sing kamiweden banget, banjur nyandak kampak pusakan, mlumpat pada sanalika  ninggalna kakange karo ibune, cepet-cepet mlayu sipat kuping bali maring padepokane. Ibune karo kakang-kakange ya banjur pada nusul Ramaparasu bali maring padepokane sing lagi kenang musibah. 

Tekan latar padepokan, Maharsi Jamadagni  banjur mandeg sedela, tangan sijine malang kerik, sing sijine maning nyekel kampak pusaka sing landape kaya pisau cukur, tur dawane lan gedene ora karuan. Matane jlalatan nggoleti Sapi Nandini ing biasane nang kandang. Bareng bener weruh kandang sapi Nandini  pusaka  padepokan wis ora nana nang kandang, Maharsi Ramaparasu sing sarirane gede duwur, gagah pideksa, banjur jengkel banget. Raine jajabang mawinga-winga, netra andik angatirah imba tepung, idep mangada-ada, untu gathik kumedud padoning lambe, banjur bengok-bengok  suarane kaya bledeg nyamber-nyamber padepokan, nantang-nantang maring puluhan prajurit Mahespati sing lagi pada ngepung padepokan, sebab isih nggoleti Dewi Renuka, ibune sing dikersakna Prabu Arjuna Sasrabahu.


“Heh, prajurit Mahespati, kiye Ramaparasu putrane Maharsi Jamadagi, adepi disit krodaku angger garep mbradat Sapi Nandini, Sapi pusaka keluarga  Padepokan Sambiharja. Angger ora, klakon tigas gulumu mangsa ora potola. Ayuh  maju kabeh yen pancen  kowe prajurit sejati. Aja wanine mung jag-jagan ngrusak kesucian padepokane Maharsi Jamadagni!” kaya kuwe sesumbare Ramaparasu. 

Krungu sesumbar kaya kuwe, komandan peleton prajurit Mahespati banjur aweh komnando kon ngepung lan ngrangket Maharsi Ramaparsu. Puluhan prajurit Mahespati, sing nggawa tombak maju bareng mak grek ngepung garep ngrangket Maharsi Ramaparasu.Tumbak wis mulai pating tlalang dibalangne maring sarirane Maharsi Ramaparasu. Tapi Mahari Ramaparasu, dudu maharsi baen-baen. Deweke pinter olah yuda, bisa nggunakna sakehing gegaman perang. Senjata klangenane yakuwe kampak gede lan gendewa pusaka jenenge Bargawastra sing langkape dawa lan gede banget.Siki Ramaparasu nggunakna kampak pusakane  nggo nglumpuhna mungsuhe.

Bareng weruh tumbak pating tlalang arep nibani deweke, Ramaparasu trengginas muter kampak pusakane lelet banget kaya kitiran, kanggo nadahi tumbaktumbak sing marani deweke. Kena tangkisane kampak, tumbak-tumbak banjur, prang! Pada tugel dadi sewalang-walang. Ramaparasu mlumpat mereki prajurit sing ngepung kambi nyabetna kampake. Sesabetan, sepuluh sirah prajurit Mahespati pada gumlundung tiba maring lemah potol sekang gulune, disusul getih  abang sing pating puncrat lan gembung sing pada tiba pating gedebugan. Nembe sesabetan bae wis sepuluh prajurit sing potol sirahe. Lha wis pira angger limang sabetan. Mulane senajan dikroyok  se-peleton prajurit Mahespati, ora bakal bisa nandingi krudane Ramaparasu. 

Prajurit sing isih urip dadi miris, mulane banjur pada mlayu, bubar kabeh ninggalna padepokan, malah komandan peletone wis ngitar disit,wedi mbok potol gulune. Bareng prajurit Mahespati sing isih urip pada mlayu kamiweden, Ramaparasu cepet-cepet mlebu ngumah. Nanging  Ibune karo kakang-kakange wis pada tekan malah wis pada nang njero ngumah lagi nulungi ramane. Maharsi Jamadagni lagi dadi  rubungan, diturokna nang amben, wis emut, ora semaput maning, mung kari ngrasakna  larane. Bareng weruh ramane isih urip, Ramaparasu bungah banget deneng koh bapane slamet. Tapi deweke banjur kemutan sapi pusaka ingoningone,sapi Nandini sing wis diglandang maring Mahespati. Ramaparasu terus bae njikot pusaka panah Bagawastra, lengkap kambi gendewane sing  dawa, gede, lan abot banget tumrap wong biasa, nanging enteng kanggone Ramaparasu.Tekade arep ngoyak Prabu Arjuna Sasrabahu  sing wis murang tata. Ingatase ratu  koh  gelem  ngrampok sapi, malah arep mboyong ibune.


Wektu semana Prabu Arjuna Sasrabahu  lagi nitih kereta garep bali maring Mahespati. Sang Prabu lagi enak-enak njagong nang kreta, arep bali maring Kratone Mahespati, kepengin bangaet enggal-enggal tekan, perlune arep nyiapna kamar nggo  Dewi Renuka angger mengko klakon keboyong maring Mahespati. Nang batin Sang Prabu  ngudarasa dewek, ”Ee wong Wadon ayu kaya kae,sing kaya jambe sinigar karo Yaji Dewi Citrawati, masa ora gelema dadi bojone Ratu Mahespati,ratu sing gung binatara sugih bandu banda.Eman-eman banget  wong wadon ayu kaya kae koh mung trima urip nang padepokan,dadi bojone  Maharsi.Dadi bojoku mesti bakal luwih mukti lan mulya.Apa panjaluke mesti bakal tek turuti.” Kaya kuwe panglamune Prabu Arjunasarabahu, sing mulai kasmaran lan nandang brangta maring Dewi Renuka. Mulane Prabu Arjunasasrabau ora ngira babar pisan angger lagi dioyok Ramaparasu sing playune cepet banget. Sedela bae, playune Ramaparasu wis  meh bisa nututi  kereta  sing  dititihi Prabu Arjuna Sasrabahu. 

Bareng kira-kira wis  perek, Ramaparasu mandeg sedela, banjur mentang  gendewa pusaka  nglepasna  panah  maring kretane Prabu Arjuna Sasrabahu sing lagi ngambah dalan mlayu banter banget. Panah pusaka sing ampuhe kepati-pati, lepas sekang tali gendewa, ndadekna udan panah sing pating clorot kaya tatit nyamber-nyamber karo ngoyok keretane Prabu Arjuna Sasrabahu. Wektu kuwe  Prabu Arjuna Sasrabahu    ora ngira babar pisan yen usahane prajurite mboyong bojone Maharsi Jamadagi ora hasil. Mulane sedalan-dalan  terus mbyangna  mendah senenge bakal duwe bojo maning sing ayune njambe sinigar karo Dewi Citrawati. Babar pisan ora ngira yen  bakal nemu bilahi sing dadi marganing pati. 

Udan panah pusaka klakon  nrobos kretane Sang Prabu Arjuna Sasrabahu, bahune sing jumlahe bisa dadi  sewu angger tiwikrama. Ketiban panah pusaka Maharsi Ramaparasu, lengene Sang Prabu Arjuna Sasrabahu pedot tatas rantas pada sakna lika, tiba nang bantala, ndadekna sedane Prabu Arjuna Sasrabahu ing wektu iku uga. Kusir kreta kaget banget bareng ngerti yen gustine sing njagong nang mburine wis seda prutul tangane ketrajang panah pusakane Ramaparasu. Mulane kreta banjur cepet-cepet diplayokna maring Mahespati nggawa ratune sing wis dadi layon.[ana candake]
Artikel candake : Sumpahe Rama Parasu bagian 04- Tamat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar