Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Jumat, 15 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Sang Kuriang Sakti - Dayang Sumbi (02 -Tamat)





Lakune Sang Kuriang ngetan terus, mlebu metu alas. Munggah gunung, meduni jurang. Angger tekan panggonan sing angker lan wingit, Sang Kuriang banjur merlokna tapa. Cita-citane mung siji, kepengin sekti ngluwihi manungsa biasa lan kepengin duwe bojo sing ayune ora kalah karo ayune Ibune, Dayang Sumbi. 


Jagad terus muter, dina ganti dina, wulan ganti wulan, tahun ganti tahun, windu ganti windu. Sang Kuriang ora tahu kendat gole tapa nganti kasektenane ngluwihi kesektenane para jin, setan, guriang, blekasakan, lan sakabehing lelembut. Kabeh pada takluk dadi abdine Sang Kuriang. Bareng wis krasa cukup panyuwune maring para dewa, ya kuwe dadi manungsa sing sekti punjul  mega lan apak-apak, gari mung siji panyuwune sing durung kelakon, ya kuwe duwe bojo sing ayune kaya Dayang Sumbi.


Senajan Sang Kuriang wis sekti, nanging ora ngira angger ibune isih awet nom. Paling-paling angger ibune isih urip mesti ya wis tuwa kaya nini-nini. Bareng kemutan Ibune, Sang Kuriang kepengin napak tilas panggonane Ibune. Mulane Sang Kuriang banjur mangkat mlaku maring arah kulon. Eh, sapa ngerti lakune maring kulon, bisa kasembadan sing dadi panjaluke maring dewa, ketemu prawan ayu sing ayune pada karo Dayang Sumbi, ibune.


Ganti sing dicritakna, Dayang Sumbi sawise ngurak Sang Kuriang mulai ngrasa ngajog banget. Apa maning wengine sawise ngepruk anak lanang siji-sijine nganggo centong nganti pipi kiwe Sang Kuriang gudras getih, Dayang Sumbi diprimpeni ketekan Sang Ksatria sing tahu ngajak numpak prahu nang satengahing telaga.


“Dayang Sumbi, anakmu Sang Kuriang ora salah. Patine Si Tumang pancen wis suwe tek tunggu-tunggu. Ya kuwe sing dadi margane aku bisa luwar sekang dosa, bisa balik maning maring asalku sekang alam kadewan. Aku siki wis bisa bali maning maring kahyangan sawise pirang-pirang windu ngumbara nang dunya dadi Si Tumang. Dayang Sumbi, bojoku sing ayu, tek tunggu tekamu maring kahyangan supayane  bisa bareng-bareng urip bebojoan  karo Ingsun. Goleti Sang Kuriang. Nanging aja pati-pati gelem dirayu Sang Kuriang, senajan kowe kudu nemoni pati. Angger kowe wis bisa ketemu anakmu Sang Kuriang, ya kuwe tandane kowe arep bisa kumpul karo aku. Orang mung nang impen. Nanging nang alam kadewan, alam parahiyangan. Wis ya semene disit, Dayang Sumbi….” Mak gregah Dayang Sumbi tangi bareng karo ilange Sang Ksatria sajerone ngimpi.


“Kiye dudu ngimpi, tapi wisik gaib sekang alam kadewan,” Dayang Sumbi batin. Dayang Sumbi banjur duwe niyat. Ngesuk arep nusul goleti anake sing mlayu ngetan. Ora pati-pati bali angger durung klakon ketemu Sang Kuriang. Klakon lakune Dayang Sumbi wis ngliwati alas gung liwang liwung, nrabas ri bebondotan, mung liren sedela angger ngrasa kesel. Sawise pirang-pirang wulan mlaku ngetan, akhire Dayang Sumbi nemu ranggon kosong nang pinggrir alas. Dayang Sumbi nampa wisik dikon manggon lan tapa nang ranggon kuwe kanggo laku lan dadi sranane dalaning bisa ketemu maning karo Sang Kuriang. Temenan bareng tapane wis madan suwe, Dayang Sumbi ditekani bocah lanang ganteng ngancik dewasa. Dedeg piyadege gagah pideksa. Dayang Sumbi madan kaget sedela lan madan pangling. 


“Kiye anakku apa dudu, ya? Jeneng Sang Kuriang mesti ora mung siji. Tapi angger nang batuk kiwe ana pilake, ya kuwe Sang Kuriang anakku,” Dayang Sumbi mbatin.


“Hem.., ana prawan ayu nang pinggir alas. Aku wis sumpah gelem omah-omah duwe bojo angger rupane kaya Ibuku. Lha, prawan kiye mirip banget karo ibuku. Duh, Dewa. Matur kesuwun banget deneng apa sing dadi impenku bakal kesembadan,” Sang Kuriang uga mbatin.


“He, Prawan Ayu! Sapa jenengmu lan ngendi omahmu? Aku, Sang Kuriang, wis pirang-pirang tahun nggoleti prawan ayu sing rupane kaya ibuku. Lha, koh sisi  bisa ketemu prawan ayu sing rupane kaya ibuku. He, Prawan Ayu. Gelem ora gelem kowe kudu dadi bojoku. Apa bae sing dadi penjalukmu, bakal tek sembadani!” Sang Kuriang ora sabar banjur takon maring Dayang Sumbi.


“Oh, Sang Kuriang. Ya, inyong kiye ibumu. Kowe pangling, ya? Pirang-pirang tahun kowe tek goleti, perlune inyong mung arep njaluk ngapura maring kowe. Kowe tau tek kepruk nganggo centong kayu jati nganti kowe gudras getih. Sang Kuriang, apa enggane kowe wis ora percaya maning maring ibumu? Apa kowe wis ora nganggep inyong dudu ibumu?” Dayang Sumbi ngomong kambi mrebes mili.


“Sapa jenengmu? angger kowe pancen bener ibuku?” Sang Kuriang takon ora percaya angger wong wadon kuwe ibune.


“Dayang Sumbi, Putri Prabu Sungging Perbangkara!”  Dayang Sumbi kanda jawab pitakone Sang Kuriang.


“Hahaha…, Prawan ayu-ayu koh arep goroh maring aku, ya?  Aku wis pisah karo Ibuku luwih sekang sepuluh windu. Mesti Ibuku angger siki esih urip, wis nini-nini, rambute wis putih kabeh, kulite kisut, untune ompong, lan angger mlaku mesti wis ngaggo teken. Kowe dudu Ibuku. Sing duwe jeneng Dayang Sumbi mbok ora kur Ibuku?”  Sang Kuriang ora percaya keterangane Dayang Sumbi. Malah terus ndesek Dayang Sumbi kon gelem dadi bojone wektu kuwe uga.


“ He, Sang Kuriang. Angger kowe ora percaya karo aku, ora papa. Wis siki kaya kiye bae. Angger nang duwur kupingmu perek batuk sisih kiwe ora nana pilake, kuwe kowe pancen dudu Sang Kuriang anakku. Nanging angger anak pilake, berarti kowe kuwe anakku sing wis tau tek kepruk nganggo entong banjur tek urak. Angger kowe anakku, mesti bae kowe ora patut mbojo aku. Kowe bakal olih bebenduning para dewa angger kowe wani-wani nglanggar larangane para dewa sing ngatur jagad!” 


“Ya jajal enyah dideleng, nduwur kupingku sisih kiwe anak pilake apa ora. Ujarku lha ora nana pilake!” Sang Kuriang njagong nang ngarepe Dayang Sumbi kambi prentah Dayang Sumbi kon niliki ana pilake apa ora. Sebab rambute Sang Kuriang sing sebahu nutupi kuping.


Dayang Sumbi ora sabar, ngrangkul sirahe Sang Kuriang, ditarik maring dadane, banjur nyingkapna rambut sing nutupi batuk iringan kiwe perek kuping. Dayang Sumbi bener. Persis nduwur kuping madan mengarep perek batuk iringan sisih kiwe, ana pilak bekas tatu. Dayang Sumbi ora ragu-ragu maning, pilak mau bekas tatu sekang entong sing dikeprukna maring sirahe Sang Kuriang jaman semana.


“Oh, bocah bagus! Anakku, Sang Kuriang. Bener ngendikane Ibu. Kowe Sang Kuriang, anakku. Tilas keprukan entong sing wis dadi pilak, kuwe bukti sing kowe ora bakal bisa mungkir maning!” Dayang Sumbi bungah banget bisa ketemu maning karo anake. Mulane Sang Kuriang terus di rangkul lan pipine Sang Kuriang diambungi bola-bali. 


“Terserah kowe arep ngomong apa, Prawan Ayu. Kowe tetep bakal dadi  bojoku paringane para dewa sing wis nyembadani panyuwunku awan wengi,” Sang Kuriang tetep ora percaya karo omongane Dayang Sumbi. Sang Kuriang malah ngrasa kepenak bisa nyungsepna raine nang dadane Dayang Sumbi.


“Sang Kuriang, anakku! Apa kowe ora percaya karo pilak sing nang duwur kupingmu? Apa kowe reka-reka ora emut kedadeyan wektu semana?” Dayang Sumbi isih nyoba ngemutna Sang Kuriang.


“Aku nembe percaya kowe Ibuku, angger aku bisa weruh dewek nganggo mripatku anane pilak sing nang duwur kupingku!” jawabe Sang Kuriang kambi gemuyu.


“Plak!Plak!Plak” Dayang Sumbi mulai jengkel. Sirahe Sang Kuriang ditampong ping telu. “Goblogmu ora mari-mari, Sang Kuriang! Inyong kiye Biyungmu sing nglairna kowe. Mesti bae mripatmu ora bisa weruh dewek tilas tatu sing wis dadi pilak nang duwur kupingmu. Apa kowe arep dadi bocah sing duraka maning? Arep pet bojo Biyungmu? Kowe bakal kena bendune para dewa, Sang Kuriang!” 


“Hahaha…, Prawan Ayu! Ya ngonoh kowe arep nampongi aku. Nyah pipi tengen angger isih kurang! Pokoke kowe tek wei wektu sewengi kanggo mikir. Ngesuk kudu wis ana keputusan. Gelem ora gelem kowe kudu wis dadi bojoku. Ngesuk aku arep nyuwun maring para dewa, supayane aku olih pangestu kowe bisa dadi bojoku,” Sang Kuriang gemuyu kambi mengo merekna pipi tengen kon ditampong maning.


Dayang Sumbi meneng bae mandan suwe, karo mupus kayane kekarepane anake kuwe pancen wis ora bisa dialang-alangi maning. Senajan Dayang Sumbi ngomong nganti ngetupruk nyritakna angger deweke kuwe sabenere Ibune Sang Kuriang sing diparingi dening dewa awet nom terus selawase kalis kenang tuwa. . Kaya-kayane Sang Kuriang tetep bae ora arep gelem percaya sekuku ireng. Dayang Sumbi banjur mikir golet akal keprimen bisane ucul sekang bebaya sing banget mbilaheni maring deweke lan maring Sang Kuriang. Akhire Dayang Sumbi nemu akal.


“Wis, Sang Kuriang. Angger kowe ora percaya karo kabeh omonganku. Aku gelem dadi bojomu angger kowe bisa nyembadani panjalukku,” Danyang Sumbi njaluk kudangan maring Sang Kuriang.


“Apa panjalukmu, Prawan Ayu?  Cepet omongna. Mesti bakal tek sembadani, asal kowe gelem dadi bojoku!”  Sang Kuriang nantang Dayang Sumbi.


“Sapereke Kali Citarum, ana telaga sing ora pati gede. Gemiyen aku sering adus nang pinggir telaga mau. Aku kepengin kowe bisa mbendung Kali Citarum  supayane dadi telaga sing gede,amba, lan asri banget sesawangan nang sekubenge. Aku kepengen digawekna perahu kanggo lelayaran nang satengahing telaga. Ya nang tengah telaga gaweanmu  kuwe mau  aku kepengin ngrasakna wengi sing kepisan dadi penganten anyar turu bareng karo bojoku,” Dayang Sumbi kemutan impene dong semaput dijak Sang Ksatria, sedurunge Sang Kuriang lair. Ya impene kuwe sing didadekna kudangan maring Sang Kuriang.


“Ah, kudangan sing gampang banget, Prawan Ayu. Bakal tek sembadani!”  Sang Kuriang njawab enteng.


“Isih ana syarate maning,”  Dayang Sumbi isih duwe kudangan maning.


“Aku seneng banget anggere bojoku kuwe Ksatria Sing Sekti. Mulane aku kepengin, telaga gaweanmu mau kudu rampung sewengi thok. Sedurunge ana jago kluruk wayah esuk lan sisih bang wetan keton benang-benang putih tandane wektu wis parak esuk, telaga kudanganku kudu wis dadi, lengkap karo perahune sing kudu wis siap nang pinggir telaga,” Dayang Sumbi  nyaluk syarat-syarat sing luwih angel maning lan ngira Sang Kuriang ora bakal sanggup nuruti panjaluke.


“Bakal tek sembadani panjalukmu Prawan Ayu, calon bojoku. Ya, ayuh aja kesuwen siki mangkat bae maring ngulon mereki pinggir Kali Citarum.” 

Sang Kuriang ngajak Dayang Sumbi budal  mlaku bareng mengulon. Sang Kuriang maca Aji Bayu Pitu. Mulane lakune dadi kebat banget. Sedela bae wis tekan tilas panggonan Dayang Sumbi gemiyen digawekna ranggon nang Ramane, Prabu Sungging Perbangkara. Ranggon lawas wis ilang babar blas. Mulane Sang Kuriang banjur nggawekna ranggon kanggo manggon Dayang Sumbi sementara wektu. Bareng ranggon wis dadi, Sang Kuriang pamit arep gawe telaga sing gede lan asri kanggo nyembadani panjaluke Dayang Sumbi.


“Prawan Ayu, tunggu nang kene bae ya.  Aja lunga-lunga angger durung tek petuk. Ngesuk-esuk kowe mesti wis klakon dadi bojoku, Prawan Ayu!” Sang Kuriang pamit maring Dayang Sumbi.


Lakune Sang Kuriang maring ngulon mereki pinggir Kali Citarum. Tekan pinggir Kali Citarum, nemu watu sekebo gedene. Sang Kuriang munggah nang duwur watu, banjur njagong sedakep maca japa mantra ngundang ratuning jin sing jenenge Sang Hyang Tikoro. Sedela bae ratuning jin wis njembual nang ngarepe Sang Kuriang. 


“Tulung dibantu aku. Gawekna telaga sing gede karo praune sisan. Kudu rampung sedurunge parak esuk.” Sang Kuriang njaluk tulung Sang Hyang Tikoro, Ratuning Jin Kali Citarum.


 Dijaluki tulung Sang Kuriang, Ratuning Jin mau langsung sanggup aweh pitulungan lan bantuan. Ora let suwe Sang Hyang Tikoro teka nggawa ewonan lelmbut, blekasakan, prakayangan lengkap karo gegamane, siap nyambut gawe. Sawengi muput pating kemrosak suwarane Kali Citarum mbrebegi kawula Prabu Sungging Perbangkara sing pada kamiweden. Akeh sing pada ngungsi sebab pada ngira banjir sedela maning arep teka. Padahal ora ana udan lan ora ana mendung nang langit. 


Wayah wengi Kali Citarum mulai mbludag. Telung prapat wengi alas sekitare ranggon Dayang Sumbi wis malik dadi telaga sing kinclong-kinclong banyune kesorot sunare lintang-lintang sing pada pating kerlip nang langit. Dayang Sumbi kaget banget bareng weruh alas sing ora adoh karo ranggon wis malik dadi telaga sing gede lan asri banget. Dayang Sumbi ngerti angger Sang Kuriang meh bisa nyembadani panjaluke.


“Oh, Sang Kuriang. Kowe pancen anak dewa. Tapi senajan kowe anak dewa, ora olih kowe bebojoan karo biyungmu,”   Dayang Sumbi menyat sekang ranggon bajur  njembrengna  mori putih tenunan simpenane sing digawe sekang benang sutra putih. Mori putih mau banjur dijembreng lan dikibarna nang saka ranggon. Dayang Sumbi gagean medun, banjur nyumed tumpukan godong lan kayu sing wis ditata. Sedela bae kukuse mabur ndedel menduwur. Genine mulad-mulad, sunare geni madangi ranggon lan mori putih sing dijembreng nang saka ranggon. Sekang kadohan urubing geni lan mori putih sing ketiban sunare geni mulad-mulad, katon kaya sunare srengenge sing arep ngeton wayah parak esuk. Semono uga warnane kukus putih lan mori putih sing mobat-mabit kena angin, kaya sunar putih bang wetan wayah parak esuk. Ayam jago ingon-ingone kawula Sang Raja Sungging Purbangkara ngira kukus putih lan mori putih sing  mobat mabit  kuwe pertanda wis wayah parak esuk. Mulane ayam jago banjur rame pada kluruk saur manuk suwarane. 


Krungu swarane ayam jago pada kluruk saur manuk lan weruh sunar puith nang bang wetan, para lelembut lan jin anak buahe Sang Hyang Tikoro langsung pada mlayu pating plencing ninggalna gawean sing wis meh rampung. Kabeh lelembut wedi angger nganti kemanungsan. 


Sang Kuriang sing lagi gawe prahu nang pinggir telaga sing wis siap, kaget bareng weruh Dayang Sumbi wis ngadeg nang pipire. “Sang Kuriang! Perjanjian batal. Kowe ora bisa nyembadani kudanganku. Prahu gaweanmu durung rampung. Padahal siki wis parak esuk. Delengen kae bang wetan. Sunar putih wis keton. Sedela maning srengenge arep njedul sekang pinggir langit bang wetan.” 


Dayang Sumbi nidokna arah bang wetan. Perjanjian dianggep batal nang Dayang Sumbi. Sang Kuriang kudu mbatalna niate ngepet bojo Dayang Sumbi. Sawise ngomong kaya kuwe, Dayang Sumbi langsung mak klepat malyu sipat kuping ninggalna Sang Kuriang sing lagi kamitenggengen ndeleng arah bang wetan. 


Bareng weruh Dayang Sumbi mlayu. Sang Kuriang dadi jengkel banget. Perahu sing durung dadi langsung ditendang maring lor. Perahu mabur maring langit, banjur tiba nang sisih lor. Malik dadi gunung mengkureb. Sang Kuriang banjur ngundang  Ratuning Jin arep diomehi. Kambi gemuyu Ratuning Jin ngomong maring Sang Kuriang.


“Sang Kuriang, dilomboni Prawan Ayu koh gelem. Delengan kae bang wetan, aja kesusu. Kae kukuse runtah lan kayu bakar sing diobong Prawan Ayu. Warna putih sing mobat-mabit kae, mori putih tenunane Prawan Ayu, supayane bisa nggo nglomboni. Ayam jago sing kena dilomboni banjur pada kluruk. Kabeh kuwe mung akal buluse Prawan Ayu, Sang Kuriang!”  Raja Jin ngomongi Sang Kuriang.


“Angger kaya kiye, percumah aku gawe telaga. Prawan Ayu! Maring endi playumu mangsa ora bisa tek susula. Bakal kecandak, klakon dadi bojoku kowe, Prawan Ayu!” Sang Kuriang sesumbar kambi esih jengkel. Watu-watu segajah-gajah gedene sing dienggo mbedung Kali Citarum, banjur disual Sang Kuriang. Bendungan langsung jebol ambrol sekal. Telaga gawean sekang mbendung Kali Citarum langsung susut, ilang bali kaya maune. Dayang Sumbi sing kamiweden terus  mlayu maring lor wetan, dioyok Sang Kuriang. Pendak-pendak arep kecekel, nang langit ana kilat lan suara bledeg sing nglindungi Dayang Sumbi. 


“Dayang Sumbi, wis wektune kowe munggah kahyangan bareng karo Aku,” Dewa Brama sing malik dadi tatit lan bledeg, nyamber Dayang Sumbi sing wis meh kecandak Sang Kuriang sing ora kendat anggone terus ngoyok.  Dayang Sumbi ilang sekal bareng karo suwarane bledeg  sing suarane mbudegna kuping, sekang ngarepe Sang Kuriang. Dayang Sumbi ditulungi Dewa Brama, slamet ora bisa kecandak Sang Kuriang. Lemah sing dipidek Sang Kuriang, ujug-ujug mletak sekal dadi jurang sing jero. Sang Kuriang tiba mlebu maring jurang  sing banjur nutup maning. Kaya Ibune, Sang Kuriang uga ilang sekal bali maring asal usule.


Panggonane Sang Kuriang ngilang diuntal bumi, banjur misuwur dadi desa sing nang penduduk sakubenge dijenengi desa Ujungbeurung. Gunung malikane perahu gaweane Sang Kuriang dijenengi Gunung Tangkuban Perahu. Kawulane Sang Prabu Sungging Purbangkara, unggal tahun esih tetep aweh kurban kanggo Dewa Brama. Panggonane kurban mapan nang pucuke Gunung Tangkuban Perahu sing saben dina ngetokna kukus ora tahu ana lirene. Sakubenge Gunung Tangkuban Perahu ya akeh telaga-tealaga cilik sing ngetokna banyu panas isi welirang sing duwe khasiat ngobati sawernaning penyakit kulit lan bisa ndadekna kulit alus awet nom, kaya sing dadi gegayuhane Dayang Sumbi.[Tammat-15-07-2016]


Tidak ada komentar:

Posting Komentar