Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Rabu, 13 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Sang Kuriang Sakti - Dayang Sumbi (01)

Gunung Tangkuban Perahu, Sumber Gambar Wikipedia, Koleksi Tropen Museum.

Wayah esuk celeng wadon Wayungyang metu sekang alas, mlipir-mlipir urut pinggir alas, arep golet panganan nggo sarapan. Sawise mlumpati kalen, lakune tekan pinggir kebon sing akeh wit boled, Celeng Wayungyang krasa ngonggor, padahal isih esuk. Kebenaran banget nemu batok mlumah isi banyu. Langsung banyu mau diombe kabeh. Senajan banyu mau mambu pesing, tumrap Celeng Wayungyang ora pati mambu. Malah krasa seger banget nang gulune. Ya, Celeng Wayungyang pancen nembe rampung puasa suwene 40 dina, sebab deweke duwe panjaluk maring dewa kepengin banget duwe anak ora perduli lanang apa wadon. Sing penting anake sing digadang-gadang kudu wujud menungsa. 


Nang pinggir alas mau, bengine nembe dienggo mesanggrahan Sang Raja Sungging Perbangkara, raja sing sekti lan sugih. Wengine Sang Raja pipis nang kebonan ora sengaja banyu pipise tiba nang batok klapa sing pas mlumah. Esuke Sang Raja karo sawadya balane bongkar kemah tilas kanggo masanggarahan, budal bali maring kratone. Ya, batok isi banyu pipise Sang Raja mau sing banjur diombe Celeng Wayunyang sing nembe rampung gole tapa nyenyuwun maring dewa supaya diparingi anak sing wujude menungsa.


Ora let suwe, temenan Celeng Wayungyang meteng. Bareng nglairna, brojol metu bayi menungsa wadon sing sehat lan ayu banget. Mendah senenge Celeng Wayungyang. Bayi wadon mau dijenengi Dayang Sumbi. Diemong kanti tlaten banget, nganti meh wis prawan. Suwe-suwe Dayang Sumbi takon sapa ramane. Celeng Wayungyang blaka suta ngomongi angger bapane Dayang Sumbi sebenere ratu sing misuwur, sekti, lan disenengi kawulane, sebab pinter ngatur pemerintahan. Dayang Sumbi njaluk kon dijujugna kepengin ketemu bapane kambi mbuktekna apa bener omongane ibune angger deweke sebenere putri ratu.


Esuke Celeng Wayungyang ngeterna Dayang Sumbi maring kratone Sang Raja. Tapi Celeng Wayungyang mung ngeterna tekan ngarep gapura tok ora wani melu mlebu. Dayang Sumbi kon nemoni Sang Raja dewekan. Sang Raja kaget banget bareng dilapori petugas jaga, ana bocah wadon ayu banget, ngaku putrine Sang Raja, lan raine plek banget karo Sang Raja. Sang Raja banjur prentah petugas jaga, Dayang Sumbi kon ngadep Sang Raja nang pasewakan. Sang Raja tambah gole kaget  bareng weruh bocah wadon isih prawan ayu banget, rupane plek jiples karo deweke nuju isih enom. Sang Raja ora bisa mungkir. Malah dadi senenge,  sebab Sang Raja pancen kepengin duwe anak wadon. Anake Sang Raja lanang kabeh. Dayang Sumbi banjur urip nang kaputren, diajari werna-werna ketrampilan. Tapi ketrampilan Dayang Sumbi sing paling unggul, yakuwe nenun benang. Hasil tenune alus banget, dinggo rebutan lan goletan para priyayi lan keluarga raja.


Ayune Dayang Sumbi kondang maring endi-endi. Akeh para ksatria, putra raja, lan para raja sing pada nglamar Dayang Sumbi. Tapi Dayang Sumbi ora gelem umah-umah. Cita-citane mung siji, kepengin dadi wong wadon sing awet nom selawase urip. Supaya cita-citane terkabul, Dayang  Sumbi terus-terusan puasa ora nana liren lan kendate. Suwe-suwe Sang Raja dadi bingung.


“Geulis, Dayang Sumbi. Apa kowe ora kepengin duwe bojo lan anak? Apa arep terus dewekan selawase urip?”  Sang Raja takon maring Dayang Sumbi sawise ditimbali.


“Oh, tentu kemawon kulo inggin kepening gadah sisihan lan kepengin gadah anak. Namun boten sapunika. Kula saweg nyuwun dateng Ingkang Maha Kuwaos, supados dipun paringi awet nem, kalis dados tiyang sepuh, senajan umur kula saya dangu saya katah,”  Dayang Sumbi matur maring Sang Raja.


“Ya, aku krungu kowe terus-terusan puasa ora kendat-kendat. Terus apa panjalukmu marang aku?” Sang Raja mandeng anake wadon sing pancen ayu ndadekna atine Sang Raja mongkog. 


“Kula namung nyuwun dipun damelaken ranggon pinggir wana tilas rikala Kanjeng Rama mesanggarahan. Kula bade nyepi wonten mriku. Kanjeng Rama mboten susah khawatir, kula bade terus damel tenunan. Kanjeng Rama saged kirim utusan pendak tigang pasaran, mendet tenunan, sareng kirim benang. Menawi kula sampun pikantuk pitedah Jawata, kula bade matur Kanjeng Rama. Namung punika panyuwun kula dateng Kanjeng Rama,” ujare Dayang Sumbi. Sang Raja ora kabotan nuruti panjaluke Dayang Sumbi. 


Sedela bae ranggon nang pinggir alas wis rampung. Dayang Sumbi dijujugna para punggawa, lengkap digawani bahan panganan, benang kanggo nenun, teropong, lan alat tenun. Sedina-dina gaweane Dayang Sumbi ora liya mung puasa, nenun, karo angger wengi terus-terusan nyuwun maring Sing Gawe Urip  supaya apa sing dadi panjaluke keturutan. Akhire Dayang Sumbi oleh pituduh angger panjaluke awet nom bakal kesembadan. Sawise oleh pituduh, Dayang Sumbi liren gole tirakat. Niyate arep lapor maring Sang Prabu kon dipetuk lan arep lapor angger siki wis siap-siap gelem duwe bojo. 


Nanging lagi asak-asik ketungkul nenun, dumadakan teroponge ucul, terus mental  sekang ranggon tiba nang longan ngisor perek saka anda sing kanggo munggah medun ranggon. Dayang Sumbi ngulet sedela, rasane bebeh banget angger kon medun lewat anda njukut teropong sing lagi dinggo nenun. Wektu semana durung pati awan senajan srengenge wis meh butul tekan tangah langit duwur sirah.


“Hem, enggane lagi ribet kaya kiya, tenunan durung rampung. Eh, teroponge malah tiba. Duh, Gusti, apa enggane inyong kudu mudun njikot teropong? Padahal tenunan kudu enggal rampung, ndadak kudu ditinggal medun. Tanggung temen ujarku,” Dayang Sumbi ngomong dewek, sebab atine krasa medegel. Teroponge tiba maring longan ranggon.


“Mendah senengku angger ana sing bisa njikotna teropong sing tiba nang longan ranggon, ya. Wis lah angger wadon, tek aku sedulur sinarawedi. Angger lanang, aku gelem dadi bojone,”  Dayang Sumbi ngomong dewek madan ora sadar, niyate mung kanggo ngudarasa ora temenanan, mung nggo lomboan. Nanging omonange Dayang Sumbi sing wis pirang-pirang wulan tirakat kanti puasa, mesti mandi banget. Suket lan kewan pada krungu.  Apa maning para dewa, jin, peri, setan, guriang, lan lelembut liyane. Kabeh  pada bisa krungu apa sing diomongna Dayang Sumbi. 


Kebeneran nang longan ranggon ana asu sing jenengane  Si Tumang, sing unggal esuk teka maring ngono saperlu golet luwihan panganan sing sok dibuwang Dayang Sumbi sekang ranggon. Si Tumang kuwe  asu sekti sebab malikane Dewa Brama sing lagi nampa ukumane Batari Uma, bojone Betara Guru.  Critane dong jaman semana, Dewa Brama  olih musibah.  Dewa Brama pancen sering medun niliki wilayah kono, sebab akeh kawulane Sang Prabu Sungging Purbangkara sing pada asung sesaji maring Dewa Brama. Sawijining wektu Dewa Brama sekang langit medun maring wewengkone Prabu Sungging Perbangkara. Nang saelore wilayah Raja Sungging Perbangkara pancen ana kawah sing ngetokna geni sing didadekna pusat persembahan maring Dewa Brama.

Wektu semana lakune Dewa Brama liwat alas sing ana situne utawa telaga sing banyune bening biru kinclong-kinclong. Tapi ora sengaja Dewa Brahma weruh Dewi Uma, Bojone Batara Guru, lagi adus nang sapinggiring telaga sing pancen banyune bening banget lan sesawangan sakubenge asri lan endah banget.  Dewa Brahma mandeg sedela, mandan kaget sekal bareng ngerti angger sing lagi siram kuwe Ratuning Widadari, Batari Uma. Batari Umma  dadi lingsem banget deneng koh Batara Brama nganti bisa nyawang deweke sing lagi siram. Mulane Batari Uma langsung duka. Batara Brama dianggep murang tata lan ora sopan. Dewa Brama banjur disotna utawa disumpahi dening  Batara Uma sing ucapan sote mandi banget. Kena daya sote Batari Uma, Dewa Brama malik sekal dadi asu deleg-deleg nang duwur watu pinggir situ, karo nangis sesenggrukan njaluk ngapura maring Batari Uma.


“He, Brama. Ora susah nangis. Mbesuk angger ana prawan ayu sing rajin tirakat kepengin dawa umure lan kepengin duwe anak sekti, unggal dina adus nang situ kene, kowe tak wenangna lambang sari karo prawan mau. Liwat anakmu sing bakal lair lewat guwa garbane prawan ayu mau, bakal dadi sranane kowe pulih dadi dewa maning, bali maring kahyangan kumpul bareng kambi aku maning,”  Batari Uma ngendika sedela,  banjur ilang, kondur maring Suralaya. Dewa Brama  sing wis malik dadi asu, saben dina dadi tukang jaga situ nunggu kanti sabar anane prawan ayu sing kepengin  awet nom lan kepengin duwe anak sing sekti. Penduduk sing kebenaran sok maring ngonoh, ora tahu ngerti sekang ngendi asale asu mau. Ngertine mung asu sing sok jaga situ. Sebab ora tahu ngganggu penduduk, asu mau diparabi Mang Situ. Paraban sing maksude kanggo ngormatai asu penjaga situ supaya aja ngganggu lan diganggu. Tapi suwe-suwe penduduk ngganti jenenge Mang Situ, dadi Situ Mang. Banjur dadi Si Tumang.


Si Tumang, bisane yang mung pasrah maring takdir sing lagi disandang. Prajurit Sang Raja Sungging Purbangkara sing tahu kemah ora adoh karo situ utawa telaga mau, sering weruh Si Tumang lagi turu nang duwur watu sapinggiring telaga. Ya si Tumang kuwe sing pendak esuk saba longan ranggone Dayang Sumbi golet panganan nganti nang sawijining dina krungu sambate Dayang Sumbi. Bareng krungu sambate  Dayang Sumbi,  Si Tumang banjur  cepett-cepet njukutna teropong. Teropong dicokot, Si Tumang terus gitir munggahi undak-undakan anda ranggon. Usahane si Tumang ora sia-sia. Sebab Si Tumang  kelakon bisa munggah tekan duwur, mlumpat lawang ranggon. Mak jedul, si Tumang  sing gagah lan gedene meh secempe wis ngadeg nang ngarepe Dayang Sumbi karo aweh teropong sing mau tiba lan digoleti Dayang Sumbi.


Dayang Sumbi kaget sekal. Deweke ora ngira babar pisan angger omongane sing mung lomboan, keprungu dening Si Tumang.  Saking wedine, Dayang Sumbi njerit sekuwate, banjur tiba ngledag mlumah nang duwur klasa ora adoh karo alat tenun. Nanging senajan njerit sekuate nganti suarane sundul langit, tangeh lamon nang panggonan sing sepi gung liwang liwung kaya kuwe, ana wong sing arep aweh pitulungan. Sing krungu ya mung Si Tumang  tok sing mandeng kami tenggengen weruh prawan ayu tiba gledag semaput banget saking wedine.  Posisine mlumah maning. Weruh Dayang Sumbi tiba ngledag ngathang-athang, Si Tumang banjur alon-alon mereki…


Sajeroning semaput, Dayang Sumbi kaya ngimpi diajak jalan-jalan ksatria gagah tur bagus banget kaya rembulan. Lakune Dayang Sumbi karo ksatria gagah mau tekan pinggir telaga amba sing banyune biru kinclong-kinclong bening banget. Nang pinggir telaga wis ana perahu lengkap karo sauhe. Ksatria mau ngajak  Dayang Sumbi numpak perahu. Dayang Sumbi dituntun Sang Ksatria munggah maring perahu, banjur bisa njagong jejer bareng karo Sang Ksatria. Perahu  maju alon-alon  nggawa Sang Ksatria lan Dayang Sumbi maring tengahing telaga. Sawise muter-muter lelayaran sing gawe senengi Dayang Sumbi, perahu mandeg nang tengah-tengah telaga. Dumadakan banjur teka kabut putih kaya kukus ngubengi perahu, nganti sesawangan sakubenge telaga ora keton. Semono uga langit sing nang duwur telaga, ora keton babar pisan sebab ketutup pedut putih. 


Ujug-ujug Dayang Sumbi ngrasa kaya lagi nang jero kamar penganten sing klambune putih bersih. Perahune ilang malik dadi ranjang pengantin sing kasure empuk mendul-mendul. Sang Ksaria tampan mau mesem, ngajak Danyang Sumbi turon bareng. Dayang Sumbi ora kuasa nolak. Saklorone banjur pada lumban asmara sawarege. Akhire Dayang Sumbi klakon lambang sari karo Sang Ksatria sing  gagah lan bagus mau. Durung tutug anggone seneng-seneng lumban asmara, kabut putih sing kaya kukus ilang. Langit biru nang duwur telaga keton maning, Semono uga wit-witan nang iringane telaga sing asri banget. Dumadakan Sang Ksatria sing  gagah lan bagus mau uga melu  ngilang bareng karo ilange pedut putih ninggalna Dayang Sumbi dewekan nang tengahing telaga. Dayang Sumbi banjur njerit-njerit njaluk tulung ngundang-ngundang Sang Ksatria bagus kon aja ditinggal dewekan nang  nduwur prahu. Tapi Sang Ksatria sing wis ngilang kaya-kaya ora nggape maring nasibe Dayang Sumbi….


Alon-alon Dayang Sumbi mbukak mripate, sadar yen deweke bar semaput mandan suwe. Deweke ngemut-emut apa sing nembe bae kedadeyan. Deweke isih bingung ngalami kedadean sing  ngeram-erami. Endi sing ngimpi sajroning semaput lan endi sing kenyataan, campu aduk dadi siji. Kabeh mau ndadekna Dayang Sumbi atine trataban ora karu-karuan. Apa maning bareng awake krasa linu lan beyekane krasa pegel kaya bar nyambut gawe abot. Ora tau-taune kringete gemrobyos nganti klambine  lan jarite teles kabeh. Sing gawe gumune maning,  Dayang Sumbi ngrasa jarit tapihe dadi kendor, kaya ana sing bar nguculi, lan otote krasa kaya dilolosi. Dayang Sumbi menyat lan njagong. Mripate diucek-ucek, milang miling kaya ana sing digoleti. Tapi sing digoleti ora ana.


“Aneh,….” Dayang Sumbi mbatin karo negmut-emut ngimpi sing dialami sajroning semaput. Deweke banjur medun sekang ranggon, nggawa anduk, klambi kebayak, jarit anyar, wewangian, lan sabun. Dayang Sumbi ngarasa kudu enggal-enggal adus lan kramas, kanggo ngilangi tilas kringet sing pada dleweran nelesi klambine lan ngilangna rasa loyo nang awake. Dayang Sumbi mlaku kaya adat sabene angger esuk apa sore arep adus maring situ utawa telaga sing pancen ora pati adoh karo ranggone. Situ mau pancen saben dinane dienggo adus lan umbah-umbah Dayang Sumbi. Nang Sapinggire situ ana  kekembangan, wit-witan, lan watu gede sing bisa kanggo aling-aling angger Dayang Sumbi arep adus. 


Tekan pinggir telaga, Dayang Sumbi nyuwun supaya dilindungi para dewa, kambi maca mantra, ”Duh Dewa, mugi kersa njagi kula saking pedamel awon sak lebetipun kula adus wonten telaga punika.Menawi wonten manungsa ingkang kumawantun ningali kawula, mugi-muga dipun paringi wuta boten saged sumerep sak laminipun.”   

Kaya kuwe japa mantra sing diwaca Dayang Sumbi pendak-pendak arep adus nang telaga tengah alas. Dayang Sumbi cepet-cepet nyemplung sawise ucul-ucul mbukak klambi lan tapihe. Nang jero telaga bolak-balik Dayang Sumbi slulup, ndadekna awake krasa seger maning. Otot-otote sing maune kaya dilolosi, ilang babar blas.


Pendak-pendak Dayang Sumbi nyilem, bayangan Sang Ksatria tampan muncul nang pikirane. Tapi angger njembual  banjur mbukak mripate, bayangan Sang Kstaria, ngilang sekal. Kaya kuwe terus terusan sing dialami Dayang Sumbi wektu adus nang pinggir telaga tengah alas. 


“Kapan aku arep rampung adus angger terus mbayangna satria bagus dong aku semaput. Eh, sapa ngerti  satria bagus ora mung bayangane nang pikiran inyong. Sapa ngerti gelem ngeton, dadi ora dadi bingungku. Guriang apa Dewa sih sing  ngajak aku numpak perahu? Apa enggane aku bakal duwe anak karo Si Tumang? Duh Dewa, kulo nyuwun tobat. Apa inyong duwe dosa karo Kanjeng Rama?  Gara-gara nolak pirang-pirang wong lanang sing nglamar inyong?“ Dayang Sumbi terus mbatin kambi adus. Angger kemutan omongane sing kebacut ketrucut padahal maune kur nggo lomboan, Dayang Sumbi banjur mrebes mili. Nanging angger kemutan Si Tumang, ndadekna jengkele, atine tambah medegel pisan.

Ujug-ujug Dayang Sumbi ora nguja weruh Si Tumang lagi mandeng deweke sekang nduwur watu gede sing ora pati adoh karo panggonan Dayang Sumbi adus. Dayang Sumbi langsung jengkel banget.


“He, Si Tumang. Kowe sabenere sapa? Dewa, Guriang, apa kewan biasa? Angger kowe kewan biasa, aku milih luwih becik mati nang telaga kie. Inyong milih dadi iwak apa bulus bae. Nanging angger kowe dewa apa guriang, senajan kowe wujud kewan, inyong gelem dadi bojomu lan gelem dijikotna klambi lan jaritku,” ujare Dayang Sumbi. 


Krungu omongane Dayang Sumbi, Si Tumang langsung mlumpat mlayu njrantal sekang nduwur watu gede, marani watu sing ora pati adok kari panggonan Dayang Sumbi adus. Si Tumang njikotna jarit karo klambi sing nang duwur watu, banjur diulungnna maring Dayang Sumbi. Ya, kawit wektu kuwe, Dayang Sumbi mupus lan ikhlas dadi bojone Si Tumang. Sebab, Dayang Sumbi yakin kuwe kabeh ora liya ukuman sekang dewa maring deweke sing kudu disangga lan dilakoni kanti ikhlas. Pancen ora let suwe Dayang Sumbi meteng banjur nglairna jabang bayi lanang sing sehat, kulite wuled, warnane cemerlang kaya warna gading. Rupane bagus kaya Sang Katria sing ngajak Dayang Sumbi numpak prahu nang tengah telaga sajroning semaput.


”Anaku tek jenengi Sang Guriang.  Sebab bapane kayane Guriang Sakti sing nemoni inyong dong lagi semaput,” ujare Dayang Sumbi aweh jeneng maring anake. 


Sang Guriang, artine anak Raja Jin. Sebab Dayang Sumbi ngira Si Tumang jelmaan Raja Jin sing nyenengi deweke. Nanging wengine Dayang Sumbi diprimpeni suara tanpa rupa dikon ngganti jenenge anake lanang dadi Sang Kuriang. “Anakmu aja dijenengi Sang Guriang. Ganti bae, dadi Sang Kuriang.  Aku dudu guriang, uga dudu ratuning jin. Anakmu lan anakku kuwe besuk bakal dadi ksatria sing sekti pilih tanding. Ora pasah gegaman landep apa bae,”  kandane suara tanpa rupa  maring Dayang Sumbi. 


Dayang Sumbi seneng banget bareng ngerti anake kuwe dudu anak jin, apa lelembut, ning anak dewa. Apa sing dadi ciita-citane Dayang Sumbi kelakon temenan, yakuwe duwe anak turunan dewa sing sekti. Sang Kuriang gede nang alas, nganti meh ngancik remaja. Kesenangane Sang Kuriang pendak dina mbebedag kewan alas lan nekani panggonan sing wingit-wingit lan angker. Kancane maring ngendi-ngendi ya mung Si Tumang sing setia mbatiri Sang Kuriang. Sang Kuriang pinter mbedag kewan nganggo panah lan tumbak. 


Sawijining wektu Dayang Sumbi pesen maring Sang Kuriang. “Ngger, anakku Sang Kuriang. Ora kaya adat sabene, Ibumu dine kiye kepengin banget dahar ati menjangan kanggo buka mengko sore. Goletna ya kulup, Sang Kuriang,” ujare Dayang Sumbi sing isih nerusna tirakat puasa maning wiwit Sang Kuriang umur telung tahun. Panyuwune maring dewa, supaya Sang Kuriang dadi pemuda sing sekti ora nana sing bisa ngalahna .


“Injih, Ibu,” jawab Sang Kuriang, seneng banget angger dikongkon mbebedag kewan alas. Dina kuwe kudu bisa olih menjangan, kaya pesene Ibune.

Kaya adate, Sang Kuriang nggawa panah mlebu metu alas dikancani Si Tumang. Nanging dina kue kayane klebu dina sial kanggone Sang Kuriang. Sebab senajan wis direwangi blasakan mlebu metu alas, ewadene ora nana kewan siji-sijiya sing keton. Apa maning menjangan. Dumadakan Sang Kuriang weruh Celeng Wayungyang  glendeh-glendeh metu sekang ngisor wit gede kayane arep golet banyu kanggo nginum.

Weruh celeng gede banget, Sang Kuriang senenge ora karuan.

”Ora olih ati menjangan, ya ati celeng kanggo Kanjeng Ibu. Ora papalah nglomboni Kanjeng Ibu, sepisan kiye thok,” Sang Kuriang ngomong dewek. Panah banjur dipasang, tali gendewa dipentang. Mata panah diarahna maring gulune Celeng Wayungyang. 


Tapi bareng weruh celeng Wayungyang arep dipanah, Si Tumang njegog-njegog seru banget, ndadekna kagete celeng Wayungyang. Trengginas celeng Wayungyang mlayu sipat kuping bareng krungu suarane Si Tumang sing kaya mbrebegi seisining alas.


Weruh celeng Wayungyang mlayu gara-gara dijegogi Si Tumang, Sang Kuriang dadi jengkel banget. Si Tumang arep ditendang. Ora kena, sebab Si Tumang bisa indha. Sang Kuriang tambah jengkel. Si Tumang diuber, nanging ora kecandak. 


“Kurang ajar! Ora olih ati menjangan ora papa asal bisa olih atine Si Tumang! Atine Si Tumang ya bisa kanggo gantine ati menjangan supayane panjaluke Kanjeng Ibu sing kepengin dahar ati menjangan bisa keturutan,”  Sang Kuriang karo isih jengkel isih ngomong nang batin. 


Panah sing maune arep kanggo mateni celeng Wayungyang, siki diarahna maring gulune Si Tumang sing malah mlaku alon-alon mereki Sang Kuriang. Mak jepret. Tali gendewa diculna. Anak panah playune kaya tatit. Mata panah sing digawe sekang waja dilapisi perak, klakon nanceb nang gulune Si Tumang.  Si Tumang langsung glayaran, tiba nang lemah, ora ngetokna suara. Getih mili sekang gulune sing kena anak panah. Sedurunge mati, matane Si Tumang kedip-kedip malah kaya bungah banget apa sing diarep-arep bisa keturutan. Sang Kuriang banjur nngunus glati. Si Tumang langsung disembeleh gulune, dibedel kulit wetenge, banjur dicikot atine. Terus dibungkus nganggo godong jati.


Sang Kuriang cepet-cepet bali, sebab khawatir tekan ngumah Ibune ora sempat masak ati menjangan kanggo buka mengko sore. Nembe sepuluh langkah, Sang Kuriang mbalik kepengin weruh bangkai Si Tumang sepisan maning. Nanging bangkai Si Tumang ngilang embuh maring ngendi, Sang Kuriang wis ora peduli.  Arep ilang dipangan asu ajag, apa kewan galak liyane terserah alam semesta bae.


Sorene Dayang Sumbi kelakon buka dikancani Sang Kuriang. Dayang Sumbi pancen pinter masak. Werna-werna lawuhe sore kuwe. Sang Kuriang sing ngancani Ibune, bolak balik tambah sega. Ora mung sega tok, kabeh lawuhe dicicipi. Tapi lawuh iwak ati menjangan ora disenggol-senggola. Beda karo Dayang Sumbi sing keton bungah banget. Dayang Sumbi keturutan bisa lawuh ati menjangan sing wis dimasak nganggo racikan bumbu pilihan. Malah deweke bolak-balik tambah segane. Dayang Sumbi nawari Sang Kuriang kon jikot ati menjangan. 


“Kagem Kanjeng Ibu mawon sadaya. Supados Kanjeng Ibu marem,” jawabe Sang Kuriang nolak ditawani iwak ati menjangan. 


“Ya wis, eman-eman. Kanggo Ibu kabeh bae ya?” Dayang Sumbi njikot irisan ati menjangan sing wis mung gari sepotong kanggo lawuh tambahan sega rong centong sing nembe diciduk maning. 


Sawise rampung buka lan omong-omongan, Dayang Sumbi kemutan Si Tumang. Ora kaya adet sabene kawit esuk  Si Tumang ora ngaton.Padahal biasane sok glibedan njaluk jatah panganan.


“Nang endi ya, Si Tumang?” takon Dayang Sumbi maring Sang Kuriang. Maune Sang Kuriang mung meneng bae. Nanging suwe-suwe deweke krasa ora kepenek angger terus-terusan goroh maring Ibune. Sang Kuriang banjur blaka suta, crita sebenera angger iwak ati sing diolah Ibune, dimasak lan wis didahar kabeh kuwe mau dudu ati menjangan. Tapi atine Si Tumang. Sang Kuriang nyritakna kabeh kedadeyan mau awan. Ora luwih ora kurang. Kabeh mau mung saking kudu-kudune Sang Kuriang kepengin gawe senenge ibune, ora kepengin gawe kuciwane ibune sing mung kepengin dahar ati menjangan. 


“Ati menjangan boten benten kalih ati segawon, Kanjeng Ibu,” Sang Kuriang matur kambi ngrasa seneng bisa nuruti apa sing dadi karepe Ibune. 


Krungu critane Sang Kuriang, Dayang Sumbi kaget banget, rasane kupinge kaya disamber bledeg. Dayang Sumbi langsung mendelik matane, wetenge krasa munyel-munyel. Sebab deweke ora ngira babar pisan angger iwak ati sing wis diiris-iris, diwehi bumbu, banjur diolah, dimasuk, wis dinggo lawah madang sore kuwe, jebule dudu ati menjangan. Nanging atine Si Tumang.


Dasar bocah kurang Ajar! Kebangeten banget kowe, Sang Kuriang! Wani-wani nglomboni Ibumu, ya!” Dayang Sumbi nangis gerung-gerung saking jengkele, dadi gawe bingunge Sang Kuriang. 


“Ibu…!” Sang Kuriang merek arep ngeneng-enengi Ibune. Tapi Dayang Sumbi sing jengkele wis sundul ngapak-apak, ora bisa nrima kelakuane Sang Kuriang. Gagang centong sing sekang kayu dijikot, banjur dikeprukna sirahe Sang Kuriang. Keprukane pas kena batuk sisih kiwe, ndadekna sirahe Sang Kuriang gudras getih abang dleweran nang pipine.


“Minggat sekang ngarepe inyong, kowe Sang Kuriang!“ Dayang Sumbi isih nangis, arep ngepruk maning nganggo centong, tapi Sang Kuriang bisa indha. Sang Kuriang ora ngira babar pisan anggere Ibune bisa jengkel banget. Sang Kuriang ngrasa sirahe pyar-pyaran, getih abang dleweran nang pipi kiwe. Kayonge keprukane Dayang Sumbi ora pati seru, nanging ngerti-ngerti orang mung gawe sirahe Sang Kuriang pyar-payaran. Tilas keprukan ninggalna tatu lan isih ngetokna getih.  Wedi angger Ibune tambah jengkel, Sang Kuriang mak klepat lunga ninggalna Ibune sing isih nangis. Nangisi Si Tumang sing wis dipateni Sang Kuriang. [ana candake] 

Waca lanjutane :
https://tamanrafflesia.blogspot.co.id/2016/07/legenda-tanah-pasundan-sang-kuriang_15.html


Tidak ada komentar:

Posting Komentar