Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Selasa, 05 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Purbasari - Purbararang, Lutung Kasarung Parahiyangan.



Sumber gambar : Wikipedia.


Kerajaan Pasirbatang  nang juru pantun utawa tukang cerita sing sok ngamen keliling desa-desa lan kampung-kampung rakyat Sunda Galuh, dicritakna jere jaman gemiyen ana kerajaan sing diarani Kerajaan Pasirbatang. Kerajaan Pasirbatang  kuwe sawijining kerajaan sing subur makmur, loh jinawi, rakyate urip seneng, sebab pada kecukupan sandang, papan, lan pangan. Kerajaan Pasirbatang prenahe nang iring-iringane gunung sing kahanane apik lan endah banget. Gunungg kuwe  diarani Gunung Agung. Sang Prabu Pasirbatang gawe pesanggarahan nang ereng-erengane Gunung Agung. Perlune  ora mung kanggo tetirah. Tetapi uga kanggo tapa. Mergane Sang Prabu Pasirbatang rajin tapa nang iringane Gunung Agung, Sang Prabu banjur kawentar dijenengi dening kawula lan para punggawane, Prabu Tapa Agung. Sawijining jeneng kanggo aweh pakurmatan maring ratune sing sregep tapa lan prihatin, nyenyuwun maring Sing Maha Kuwasa supayane Kraton Pasirbatang bisa makmur,aman, lan kabeh kawulane pada sejahtera. Cukup sandang, pangan, lan papan.

Prabu Tapa Agung, duwe bojo jenengi Dewi Nitisuari. Lan diparingi  anak pitu, wadon kabeh tur ayu-ayu. Sing mbarep jenenge Purbararang. Sing bontot, Purbasari. Senajan Purbararang ayu tur mlowes, semono uga adi-adine. Ning sing paling ayu, adine paling bontot, Purbasari.

Purbasari ora mung ayu, Tapi kelakuane apik banget. Rajin mbantu wong tuwa, gelem srawung kambi wong cilik, lan seneng tetulung. Padahal wektu kuwe, Purbasari isih prawan kencur, durung dewasa. Sang Prabu Tapa Agung kuwe ratu sing awas mata batine, ngerti angger Purbasari jan-jane anak sing paling cocog ngganti Sang Prabu mbesuk angger wis mangsane lengser. Pancen sih mestine sing nggganti Sang Prabu, Purbararang. Sebab deweke  sing tuwa dewek, kudune dipilih dadi calon penggantine. Tapi, keprimen maning, Purbarangrang wateke ala, sombong, doyan pamer, lan doyan umuk. Senenge dandan tok, diladeni, lan males nyambut gawe.  Dadi senajan Purbararang anak mbarep, tapi angger kelakuane kurang pas karo sifat-sifate ratu sing kudune ambeg paramarta, kanggone Sang Prabu, Purbararang ora kudu diwarisi tahta. Mung bae Sang Prabu arep ngomong langsung  ora patia tega. Nanging suwe-suwe Sang Prabu nemu akal. Purbararang arep di tes kon dadi ratu sedela.

“Anakku kabeh, khusus Purbararang. Aku  wis duwe niat karo Ibumu arep tapa nang iringan  sisih kidul kulon Gunung Agung. Selawase aku tapa urusan kraton tak serahna maring kowe, Purbararang. Nanging ya aja dadi gelane atimu angger besuk aku arep lengser, calon sing arep ngganti aku dudu kowe. Aku karo Ibumu wis sepakat sing bakal arep ngganti aku  ya kae adimu, Purbasari.”

“Boten napa-napa, Kanjeng Rama. Kula ikhlas koh. Sabda Pandita Ratu. Kula, Purbararang namung nderek dawuhipun Kanjeng Rama,” kaya kuwe jawabane Purararang. Raine ya digawe sumringah, senajan atine mbededeg banget. 

Ingatase deweke anak mbarep, kenangapa sing didadekne calon penggantine malah adine sing bungsu. Tapi arep mbangkang maring ramane, ya ora wani. Dadi bisane mung pasrah, karo nggolet akal keprimen bisane nyingkirna Purbasari. Padahal Sang Prabu mung arep ngetes, apa bener Purbararang ikhlas temenenan angger sing dipilh dadi calon penggantine dudu deweke, nanging adine sing bungsu. Jan-janee angger Purbararang bener-bener ikhlas, lan dicoba kon ngatur pemerintahan  koh bisa. Niyate Purbarangrang arep kon nerusna dadi ratu penggantine. 
Akhire temenan esuke Prabu Tapa Agung lan Permaisuri Nitisuari ninggalna kraton Pasirbatang. Mangkate pada  dijujugna Purbararang lan adi-adine kabeh lengkap karo pengawale nganti tekan iring Gunung Agung sisih kidul kulon sing wis ana pesanggahane lan panggonan kaggo tapa.  

Ya wiwit dina kuwe Purbarang dadi ratu sementara ngganti Ramane. Purbararang gole ngatur pemerintahaan kerajaan dibantu pacare sing ngganteng, Indajaya. Tapi bareng ngrasakna dadi ratu koh kepenak. Bisa prentah maring sapa bae, akeh sing melayani kabeh kebutuhane. Suwe-suwe banjur tukul niate sing  ala, yakuwe keprimen bisane gawe cilakane Purbasari lan nyingkirna Purbasari selawase supayane mung Purbaranrang dewek mbesuk sing bakal dadi gantine ramane.


Akhire Purbararang dibantu Indraja sekongkol  njaluk tulung dukun santet sing sekti, sing bisa ngrusak kulit lan raine Purbasari sing ayu. Dukun santet wadon nyanggupi, banjur gawe ramuan sing dijenengi kaler nahun, yakuwe ramuan campuran areng, langes, lan godong-godongan karo oyod-oyodan ngandung getah racun sekang  wit-witan sing nang alas. Purabasari sing ora ngerti angger lagi dilomboni ya manut bae. Nang dukun santet dilulur nganggo ramuan kaler nahun. Purbasari diomongi angger khasiat kaler nahun bisa gawe awit nom, tambah ayu, lan kulit bakal katon cemerlang kaya warna kuning gading. 

Ora let suwe sawise dilulur, Purbasari krasa awake ora kepenak. Raine,gulune, dadane, lan tangane pada krasa pating senut, banjur krasa gatel banget. Dukun Santen banjur prentah Purbasari kon adus banyu kembang sing wis diwacakna mantra. Sebab ngira angger wis adus, lulure ileng, rasa gatele mesti bakal mari, Purabasari cepet-cepet mlebu kamar siram, lan siram banyu kembang. Byurr..byurr..byurr. Purbasari siram banyu kembang kanggo ngilange lulur kaler nahun. Lulur pancen ilang, rasa gatel ya ilang. Tapi kulite sing maune kuning duku cemerlang, ndadak malik dadi ireng ndeteng kaya areng, ndadekna bingunge  Purbasari.

“Aduh, Nini Dukun, keprimen kiye deneng kulitku malik dadi ireng kabeh kaya kiye? Raiku kayane uga malik dadi ireng.? Apa sebabe, Nini Dukun?”  Purbasari njerit-njerit ngundang Dukun Santet sekang njero kamar siram. Tapi Dukun Santet wis kon lunga nang Purbararang.

“Wis ora usah nangis, dasar cengeng! Kiye, ganti klambnine!” Purbararang mlebu kamar siram marani adine karo ngomehi.

Nini Dukun wis bali. Jere nasibmu ala. Kowe kena dayane ramuan kaler tahun. Kulitmu lan raimu arep tahunan ya kaya kuwe terus. Tapi aja kawatir, kowe bisa mari. Siki angger kowe kepengin mari lan lepas sekang dayane ramuan kaler nahun, kowe kudu mertapa kaya Kanjeng Rama. Jare Nini Dukun panggonan sing cocog kanggo tapa ngilangnya dayane ramuan kaler tahun yakuwe panggonan tapa nang sisih kidul wetan Gunung Agung. Ora pati adoh karo Gunung Cupu Mandala Ayu. Terserah kowe. Pengin mari, apa ora. Angger ora pengin mari ya ngonoh mapan nang kene bae. Tapi angger kepengin mari, ya nganah lunga tapa maring Gunung Cupu Mandala Ayu. Angger kowe setuju, ngesuk Uwak Lengser gelem mbatiri mangkat njujugna kowe,”  ujare Purbararang aweh nasehat maring adine sing lagi nangis nang kamar siram

Esuke, Purbasari dijujugna Uwak Lengser maring pertapaan Gunung Cupu, sisih kidul wetang Gunung Agung. Nang kana, Uwak Lengser karo prajurite nggawekna gubuk tengah alas, sing diarani ranggon kanggo manggon nganti mari sekang pengaruh dayane kaler nahun. Sawise ranggon rampung, Uwak Lengser pamit ninggalna Purbasari dewekan nang tengah alas gung liwang liwung. Sedina-dinane Purbasari muja semedi nang njero ranggon sing digawe sekang pring, lan payon welit. Purbasari nyuwun maring para dewa nang  buwana nduwur, nyuwun pitulangan supayane dayane ramuan kaler nahun bisa ilang. Lan kulite bisa bali maning kaya sedurunge kena daya ramuan gaib kaler nahun.

***

Kacarita, Guru Minda, dewa sing gagah, ngganteng, lan sekti manggon nang kahyangane para dewa buana nduwur.  Sawijinig wengi Guru Minda ngimpi ketemu prawan ayu banget kaya ibune, Sunan Ambu. Esuke Guru Minda ngadep Ibune arep takon nang ngendi panggonane prawan ayu sekang buwana tengah sing nekani deweke liwat impen.

Wektu semana Sunan Ambu  lagi njagong nang  kursi kancana sanjerone  pasewakan, lagi nunggu para dewa sing arep rapat. Guru Minda teka nang ngarepe Ibune terus nyembah. Banjur njagong sila arep matur, nanging nunggu di takoni disit nang Ibune. Ndilalah Ibune mandan suwe meneng bae. Ketone lagi ana sing lagi dipikir.

Sunan Ambu, Ibune Guru Minda, kuwe dewa wadon ratuning pohaci utawa widadari sing ayu banget. Ora nana dewa lanang sing wani ndeleng raine Sunan Ambu. Sebab angger ana dewa kumawani nyawang raine Sunan Ambu, matane bisa wuta sanalika. Mung sebab Guru Minda putrane, ya olih nyawang raine ibune angger lagi ora nang pasowanan. Ngrasa Ibune kesuwen ora takon-takon, Guru Minda banjur kemutan prawan ayu sing nekani sajroning impen, sing rupane mirip banget karo rupane Ibune. Mulane sajroning nunggu ditakoni, Guru Minda bolak balik nglirik raine Ibune.

 “Duh, bener prawan nang impenku, ayu banget kaya Kanjeng Ibu,”  Guru Minda nbatin nang ngarepi Ibune, banjur nglirik maning. Bolak balik kaya kue, nganti Sunan Ambu ngerti bolak-balik dilirik anak lanange sing wis jaka, Sunan Ambu langsung duka. Guru Minda dianggap ngalanggar pasal-pasal undang-undang dasar kadewan. Anak lanang ora olih naksir Ibune. Apa maning Guru Minda, anak dewa. 

“Guru Minda!” bentak Sunan Ambu. “Aku ngerti apa isine atimu. Kowe ora sabar nunggu tek takoni. Kowe wis nglanggar angger-anggering jagad. Bocah lanang ora kena naksir Ibune. Bocah wadon ora olih jejodoan karo Ramane. Bocah wadon sing nekani kowe lewat impenmu kuwe pancen calon bojomu. Siki lagi tapa nang alas perek Gunung Cupu Mandala Ayu. Deweke lagi nyenyuwun marang para dewa, kepengin mari sekang dayaning kaler nahun sing njalari rupane sing maune ayu siki dadi rusak, ireng ndeteng luwih ireng ketimbang lutung. Kuwe kabeh gagar-gara pokale Mbekayune, Purbararang sing nduweni ati jahil, metakil, iri, lan benci. Mung kowe sing bisa nulungi. Tapi sebab kowe ora sabar lan nglanggar angger-anggering jagad kumawani bola-balik nglirik aku. Kelakuanmu sing kaya kuwe persis kelakuane lutung sing ora duwe sopan santun!” Sunan Ambu ngomong ndukani putrane Guru Minda.

Krungu pangandikane Ingkang Ibu Sunan Ambu, Guru Minda langsung sujud njaluk ngapura. “Duh, Kanjeng Ibu. Keng Putra Guru Minda, nyuwun pangapunten bilih sampun nerak wewaler. Punika wau dalem mboten sengaja, Kanjeng Ibu,”  Guru Minda matur kambi nangis. Nanging awake Guru Minda kabeh wis malik dadi lutung gerde, kena daya sakti sabdane Sunan Ambu. Guru Minda nembe sadar angger deweke wis malik dadi lutung sawise didukani Ibune.

“Guru Minda, kowe tek jenengi Lutung Kasarung. Nasibmu pancen kudu dadi manungsa urip nang buwana tengah. Goleti calon bojomu Purbasari. Kowe bisa ngobati Purbasari nganti pulih kaya maune. Nanging takdirmu nembe bisa luwar dadi menungsa maning angger kowe bisa ngusahakna Purbasari ngucapna omongan, ‘Lutung Kasarung pancen calon bojoku’. Sebab sekang prabawane daya cinta ucapane Purbasari, ya nang wektu kuwe kowe bakal pulih dadi manungsa maning. Pulih dadi Guru Minda putraku sing wis luwar sekang dosa. Wis, Guru Minda aja kesuwen. Meduna maring buana tengah. Goleti calon bojomu. Tek dongakna slamet rahayu, kulup anakku. Angger ana apa-apane banjur perlu pitulunganku, kowe bisa nyuwun maring aku,” Sunan Ambu prentah Lutung Kasarung enggal-enggal medun maring buwana tengah kon nggoleti Purbasari nang iringangi Gunung Cupu Mandala Ayu, sisih kidul wetan Gunung Agung. Lutung Kasarung banjur menyat terus pamitan maring Sunan Ambu, sawise sujud njaluk pangestu.

Suwe Lutung Kasarung mabur nggoleti Gunung Cupu, sebab Lutung Kasarung nembe tau ngambah buwana tengah. Sawise weruh Pulau Nusakambangan, Kali Citanduy, Kali Serayu, Kali Cingcinggoling, Kali Logawa, Kali Banjaran, lan weruh Gunung Agung. Lutung Kasarung mabur ngetan, ngulon, ngalor, ngidul, balik ngulon maning nggoleti Gunung Cupu. Nanging ora ketemu. Akhire Guru Minda liren nang pinggir alas erengane Gunung Agung, ora pati adoh karo pasanggrahane Prabu Tapa Agung.

Wektu semana Prabu Tapa Agung karo permaisuri wis bali maring Kraton Pasirbatang. Prabu Tapa Agung kaget bareng ngerti yen Purbasari wis diurak Purbararang, kon lunga tapa. Lungane Purbasari, ndadekna sungkawane Sang Prabu, nganti lara pirang-pirang ndina. Prabu Tapa Agung siki wis yakin angger Purabararang pancen ora cocog dadi ratu. Tapi kepriwen maning, siki Sang Prabu malah lara. Purbararang karo Indrajaya duwe alasan maring rakyate yen Sang Prabu Tapa Agung isih gerah. Dadi isih cuti lara, nganti samarine nembe bisa tugas maning ngemban pusarangin kerajaan. Kanggo sementara wektu, sing dadi ratu ya isish tetep Purbararang dibantu Indrajaya.

Sawijining wektu, Sang Prabu ngrasa kepening bangit dahar iwak lutung. Purbasari dawuh maring Uwak Lengser kon ngundang tukang mbedag kewan alas, jenengi Aki  Penyumpit. Aki Penyumpit pinter nangkep manuk alas, lutung, bajing, lan liyane kewan alas ngangggo tulup.

“Aki Penyumpit! Kanjeng Rama lagi gerah. Kepengin dahar iwak lutung. Siki goletna lutung nang alas. Aja pati-pati bali angger durung ulih lutung. Angger nganti ora bisa ulih lutung, gulumu kanggo gantine,” Purbararang prentah Aki Sumbit kambi ngancam pidana mati angger ora kasil nggawa lutung sing arep dipoting diarah iwake.

Sadalan-dalan lakune Aki Penyumpet mrebes mili, deneng koh nganti diancam pidana mati angger nganti ora bisa nangkep lutung. Aki Penyumput sedalan-dalan mung kemutan anak lan bojone sing isih cilik-cilik. Kepriye nasibe bojone lan anak-anake angger nganti deweke dipidana mati. Lakune Aki Penyumpit mlebu metu alas, nganti tekan alas perek pasangrahane Prabu Tapa Agung. Nanging senajan awit esuk nganti sore nggoleti lutung, ora tahu ketemu. Kabeh kuwe dadi gawe sedihe Aki Penyumpit.  Ning ndilalah, pas lagi miling-miling, malah ana lutung sing gede banget medun sekang nduwur wit mereki Aki Panyumpit. 

Ngrasa ana kesempatan sing kawit esuk ditunggu-tunggu, bareng weruh lutung, Aki Penyumpit langsung nulup lutung gede sing lagi gandulan nang wit. Aki Penyumpet gumun banget sebab wis luwih sekang sepuluh, panah sumpit ditulupna maring lutung sing lagi gandulan. Nanging ora nana sijia sing bisa ngenani awake si lutung. Padahal  lutung gandulan nang pang wit sing ora pati adoh. 

“Aneh banget lutung kiye.Tulupanku ora tahu mleset. Lha, kiye wis ping sepuluh, koh mleset kabeh. Aduh, apa nasibku kudu dipidana mati? Njajal siki kiye tulup sing terakhir. Angger mleset maning, ya pancen takdir uripku mung tekan semene,” Aki Penyumpit mbatin kambi mrebes mili maning kemutan bojone lan anake sing isih cilik-cilik. Aki Penyumpit langsung tiba lemes  bareng sumpit sing mung gari siji-sijine mleset maning. Sebab lutung kasarung pintar gole inda.

“Aki Penyumpit, kowe aja sumelang angger ora bisa nangkep aku. Ayo, bali bae. Tek batiri. Aku kepengin weruh umahmu,”  Aki Penyumpit kaget banget bareng ngerti lutung kuwe mau bisa ngomong lan ngerti-ngerti wis ngadeg nang pereke.

Aki Penyumpit banjur ngerti angger Lutung mau kdadeyan sekang dewa sing lagi ngeja wantah. Aki Penyumpit buru-buru arep sujud nyembah Lutung. Tapi langsung dipenging lutung. “ Eh, Aki Penyumpit. Ora kena kowe nyembah manungsa. Apa maning nyembah wjud kewan kaya aku. Ora ilok. Mengko aku melu didukani Kanjeng Ibu, Sunan Ambu.” 

Krungu omongane lutung, Aki Penyumpit ora sida nyembah si Lutung. Luwih-luwih bareng wis ngerti yen si Lutung sing bisa ngomong kuwe pancen  dewa putrane Sunan Ambu, Ratu Buana Nduwur sing dipuja para dewa lan manungsa. Aki Penyumpit banjur maca japa mantra ngucapna syukur maring Sunan Ambu lan njaluk pitulungan kon bebas sekang pidana mati.

“Wis ora susah kawatir, Aki Penyumpit. Ngesuk jujugna inyong ngadep Prabu Tata Agung. Sapa ngerti kiye dadi dalane aku bakal ketemu karo prawan ayu sing nekani aku liwat impenku. Jenengku Lutung Kasarung, Aki Penyumpit,”  Lutung Kasarung ngajak Aki Penyumpit bali maring umahe, sebab wektu sore wis mulai rep. Sedela maning candik kala.

Tekan umahe Aki Penyumpit Lutung Kasarung ngrasa nelangsa banget bareng ndeleng omahe Aki Penyumpet sing ora pantes umah dinggoni bojone karo anak-anake. Wengine Lutung Kasarung muja semedi nyuwun maring Sunan Ambu supaya ditekakna para bujangga kahyangan kon Aki Panyumpit digawekna umah sing apik lan mandan pantes. Sunan Ambu  bareng dijaluki tulung anake, langsung ngirimna bujangga.   Bujangga sekang langit pada grumudug teka maring umahe Aki Panyumput. Langsung pada sengkud nyambut gawe. Esuke sedurunge wong-wong pada tangi, umahe Aki Penyumpit wis malik dadi apik banget. Kabeh kuwe ndadekna kaget lan bungahe Aki Penyumpit karo anak bojone.

“Ayuh, Aki Penyumpit. Aja kesuwen mumpung isih esuk. Jujugna aku maring Kraton Pasirbatang,’ Lutung Kasarung ngajak Aki Penyumpit sawise Aki Penyumpit wadul maring Lutung Kasarung soal gawat sing lagi diadepi Aki Penyumpit.

Ora let suwe, Aki Penyumpit wis tekan Kraton Pasirbatang ngadep Ki Lengser lan ngaturna lutung sing hasile gole mbedag nang alas. Ki Lengser bungah banget. Aki Penyumpit diwehi upah sing akeh, terus dikon bali. Si Lutung Kasarung ditinggal. Ki Lengser banjur ngadep Sang Prabu Tapa Agung karo nidokna lutung sing arep disembeleh kanggo diarah iwake. Sang Prabu Tapa Agung sing lagi gerah seneng banget bareng weruh lutung sing gede,sehat, lan lemu. "Mesti akeh daginge," Sang Prabu Tapa Agung mbatin.

“Lengser, cepet nganah dipencit kuwe lutunge. Aku wis suwe ora dahar iwak lutung,”  ujare Sang Prabu Tapa Agung.

Ki Lengser banjur ngundang tukang  jagal prentah kon nyembeleh si lutung. Nanging bareng si lutung arep disembeleh, malah ngamuk. Ora nana pisau sing pasah maring kulite. Ki Lengser ngrasa wedi banget, apa maning bareng si Lutung bisa ngomong maring Ki Lengser. Ki Lengser cepet-cepet  nemoni Sang Prabu Tapa Agung, kambi matur keanehan si Lutung sing bisa ngomong.

“Ya uwis, Ki Lengser. Kayane aku urung olih dahar iwak lutung. Sapa ngerti kiye kabeh dadi dalan marine anakku Purbasari. Siki si Lutung titipna maring Purbararang kon ngrumat disit sedurunge digawa maring Gunung Cupu,” Sang Prabu dawuh maring Ki Lengser.

Purbarangrang madan ora seneng maring si Lutung. Tapi arep nolak prentahe ramane ora wani. Terpaksa Purbarangrang  gelem ngrumat si Lutung. Nanging si Lutung matane jlalatan bareng weruh ana lima prawan ayu-ayu mirip Purbasari lagi pada sengkud ngadepi benang sing lagi dtenun. Lima prawan mau adine Purbararang lan mbekayune Purbasari. Merga ngira Purabasari nang kono, Si Lutung ngamuk lan ngrusak kabeh alat tenun, dadi lan kagete prawan lima sing ayu-ayu. Kabeh pada jejeritan mlayu. Si Lutung banjur ngrasa marem, sebab bareng wis bisa ndeleng raine lima prawan sing pada kamiweden, Si Lutung ngerti angger Purbasari isih nang alas, durung bali maring kraton.

Purbararang jengkel banget nampa laporan kelakuane si Lutung sing ora memper. Ki Lengser cepet-cepet diundang, dikongkon nggawa si Lutung  kon dititipna bae maring Purbasari . Si Bontot dikon ngrumat kaya sing dikandakna Ramane sing lagi gerah. 

“Uwak  Lengser aja kesuwen si Lutung nang kene. Wis bener banget ngendikane Kanjeng Rama. Purbasari kon ngrumat si Lutung. Cocog mbok pada irenge? Wis mangkat siki bae. Angger kesuwen mbok terus nganggu adi-adiku. Angger adi-adiku terus diganggu si Lutung, kapan pada bisa ngrampungna  gaweane?”  Purbarangrang prentah Ki Lengser karo aweh duwit kanggo sangu njujugna si Lutung. 

Purbasari seneng banget diwehi ingon-ingon lutung sing gagah, kulite bersih banget, lan bisa ngerti angger diajak ngomong. Si Lutung Kasarung bareng nyawang Purbasari, nembe yakin angger prawan ayu kuwe sing nemoni  deweke liwat impen. Senajan rupane lan kulite ireng ndeteng, Lutung Kesarung tetep ora pangling maring rupa asline Purbarasari  sing ayu, sing wis tahu ketemu senajan mung ketemu liwat ngimpi. 

Sawise Ki Lengser bali maring Kraton Pasirbatang ninggalna Purbasari lan Lutung Kasarung, saben dina Lutung Kasarung dolanan bareng ngancani Purbasari. Kabeh kuwe gawe lan senenge Purbasari. Sebab siki Purbasari wis ora patia kesepian, wis ana sing ngancani senajan mung wujude lutung. 

“Lutung, aku arep turu. Di batiri ya, aja lunga-lunga. Ngesuk dolanan maning,” Purbasari sawijining wengi pamit arep turu maring si Lutung. Si Lutung Kasarung banjur mbatiri Purbasari sing mulai mapan turu kambi kemulan. Lutung Kasarung njagong madan adoh, nganti  yakin angger Purbasari wis turu pules temenan. Tengah wengi Lutung Kasarung menyat alon-alon metu maring njaba, sedakep mandeng langit wengi sing katon paling kerlip akeh lintang kaya kunang-kunang lagi pada saba nang tengah wengi. Lutung Kasarung njaluk tulung maring Sunan Ambu, supaya Purbasari digawekna pasanggrahan sing apik banget kanggo gantine gubuk pring sing saben dina dinggoni. Lutung Kasarung uga njaluk tulung supaya Purbasari diwehi obat kanggo nambani  pengaruh teluh kaler nahun sing ngusak kulite Purbasari.

Sunan Ambu krungu panyuwune putrane, langsung prentah para bujangga medun maring panggonane Purbasari nang pinggire Gunung Cupu. Sawengi para bujangga sengkut nyambut gawe. Ora suwe pasanggrahan sing apik banget wis dadi, lengkap karo kamar padusan  lan jembangan isi banyu sing duwe daya bisa ngobati pengaruh teluh kaler nahun.

Purbasari kaget pisan bareng ngerti-ngerti wis nang njerone kamar sing bagus banget, ngluwihi kamare deweke sing nang Kraton Pasirbatang. Purbasari nggoleti lutung, tapi ora nana. “Lutung Kasarung!” Purbasari mbukak lawang kamar, metu maring ngarep nggoleti Lutung Kasarung.

Lutung Kasarung metu sekang mburi, banjur nuntun Purbasari, nidokna kamar padusan sing bagus banget. Nang jero kamar padusan wis ana jembangan isi banyu sing bening pisan. Purbasari ngerti angger Lutung Kasarung prentah Purbasari kon cepet-cepet siram. Sawise siram, daya teluh kaler nahun, langsung ilang dayane. Warna ireng sing wis pirang-pirang wulan nempel nang kulit lan raine Purbasari, pada luntur sanalika, kaya mangsi dleweran ninggalna kulite Purbasari, ndadekna gumun lan bungae Purbasari. Purbasari langsung sujud syukur deneng koh wis diparingi  pitulungan sekang para dewa, nganti kulite lan rupane bisa pulih maning kaya mauni. Malah siki tambah putih cemerlang kaya kulit widadari sekang kahyangan.

Weruh rupane Purbasari sing nembe metu sekang kamar siram ora klamben mung  nganggo anduk sedada nganti sanduwure dengkul, Lutung Kasarung langsung kamitenggengen. Meh bae ora tahan, arep nrangkul lan ngambung Purbasari. Untunge Lutung Kasarung isih kelingan wewalere Kangjeng Ibu Sunan Ambu. Pancen durung wektune. Purbasari durung ngerti angger Lutung Kasarung kuwe malikane Guru Minda sing lagi njalani ukuman akibat kenang supatane Ibune.  Supatane ibune nembe luwar angger Purbasari tulus metu sekang atine dewek gelem ngakoni  Lutung Kasarung kuwe pancen calon bojone. Lha, ngendi anak prawan ayu kaya Purbasari gelem dadi bojone Lutung ? 

“Guru Minda, kowe kudu sabar, ya anakku,” Lutung Kasarung sing lagi kamitenggengen krungu swarane Ibune lamat-lamat, ngelingna lelakone Guru Minda sing esih kudu sabar. Angger nganti Purbasari nganggep Lutung Kasarung wani kurangajar maring deweke, lan banjur jengkel maring Lutung Kasarung. Wah, bakal gawat. Bisa-bisa Purbasari malah geting lan wedi kepati-pati sebab ngira arep dipet bojo Lutung. Senajan lutung sekti. 

“Matur sembah nuwun, Kanjeng Ibu. Sampun ngelingaken dateng kula supados sabar. Kula ngestoakken dawuhipun Kanjeng Ibu,” Lutung Kasarung  njawab maring Ibune lewat omongan nang batin.

Kabar Purbasari wis mari tekan Kraton Pasirbatang, ndadekna bungahe Prabu Tapa Agung. Tapi Purbararang ngundang Ki Lengsser. Ora dikongkon metuk Purbasari sing wis kepengin bali maring kraton. Ki Lengser digawani prentah sing kudu dilakone Purbasari kanggo syarat angger Purbasari kepengin dipetuk bali maring kraton. Prentahe kabeh angel-angel. Nanging dibantu Lutung Kasarung, Purbasari bisa nglakoni kabeh prentahe Purbararang, yakuwe Purbasari dikon mbendung kedung Sipatahunan lan nangkep banteng putih. Prentahe Purbarangrang bisa disembadani. Kedung Sipatahunan dadi mung sawengi. Banteng Putih liar, ora nganti  tengah dina wis bisa digondeng Purbasari  dibantu Lutung Kasarung. 

Bareng Purbararang krungu angger Purabasari dibantu Lutung Kasarung bisa nuruti prentahe, Purbararang tambah jengkel. Purbararang banjur nantang Purbasari adu ketrampilan. Angger Purbasari menang, Purabararang ikhlas lengser keprabon. Kursi kencana arep diweken maring Purbasari, senajan Purbararang anak mbarep lan Purbasari anak bontot. Purbasari ditantang Purbarang nandur pari. Sapa sing kasile paling apik, kuwe sing bakal menang. 
Purbararang milih sawah sing datar dadi gambang diwluku. Purbasari diwehi tanah nang ereng-ereng gunung kon angel gole mluku. Nanging Purbasari wani namapa tantangan mbekayune, sebab dibantu Lutung Kasarung lan para bujangga sing diprentah Sunan Ambu. Ereng-ereng gunung sing angel diwluku tumraping manungsa biasa, gampang banget diwluku para bujangga. Juri perlombaan akhire gawe keputusan, Purbasari menang, Purbararang kalah. Sebab hasil panen sawah garapane Purbasari lewih akeh ketimbang sawah garapane Purbararang. 

Purbararang sing isih penasaran nantang Purbasari lomba masak, nenun, adu dawa rambut, lan merias pengantin. Hasilnya ya pada bae. Juri mutusna masakan Purasari luwih enak, tenunan gaweane Purbasari luwih alus, rambute Purbasari luwih dawa tinimbang rambute Purbararang, lan cara merias calon pengantin garapane Purbasari uga luwih apik. Akhire Purbararang sing wis bola-bali kalah tapi isin mundur isih nantang Purbasari adu ganteng calon mantune Sang Prabu Tapa Agung. Purbararang milih dadi jagone pacare, Indrajaya sing ganteng. Purbasari dikon nidokne sing endi calon menantune Prabu Tapa Agung. 
Mesti bae Purbasari dadi bingung. Untung Ki Lengser ngrisiki lan aweh saran Purbasari kon aja ragu-ragu nggandeng si Lutung Kasarung ngadep Sang Prabu Tapa Agung lan ditidokna pilihane Purbasari sing bakal dadi calon menantune Prabu Tapa Agung. Purbasari nampa usule Ki Lengser lan wani nrima tantangane Purbararang. Purbasari ora ragu-ragu nggandeng Si Lutung ngadep Prabu Tapa Agung. 
Purbararang langsung seneng banget, ngira yen Indrajaya mesti bakal menang angger kon adu bagus nang ngarepe Prabu Tapa Agung. Purbararang  nggandeng Indrajaya mlaku srimbit iring-iringan ngadep Prabu Tapa Agung. Purbasari sing nggandeng Lutung Kasarung ngetutna nang mburine Purbararang – Indraya. Ki Lengser dan para juri, ngetutna paling mburi.

Prabu Tapa Agung sing isih gerah kaget banget bareng akeh wong pada regudugan ngadep. Purbasari langsung matur, “Kanjeng Raman, punika Kangmas Indraya, calon mantu Kanjeng Rama.”.

Prabu Tapa Agung mung mantuk thok. Ganti Purbasari maju kambi nggandeng si Lutung Kasarung ngadep Sang Prabu. Ramane Purbasari kaget banget bareng weruh Purbasari gandeng si Lutung sing wis meh arep disembeleh. 
“Lhah, apa enggane inyong arep duwe mantu lutung? Oh, apa dosaku? Apa gara-gara inyong tau nyidam iwak lutung?” Sang Prabu Tapa Agung mbatin kambi atine ded-degan banget.

Purbasari banjur matur kanti tatag,” Duh, Kanjeng Rama. Dalem nyuwun pangapunten. Inggih punika calon jatukrama kula. Calon mantu Kanjeng Rama,”

Krungu ature Purbasari, Purbararang karo Indrajaya wis ora sabar ngira wis menang perlombaan adu kebagusan. Indrajaya mesti luwih bagus tinmbang si Lutung Kasarung. Purbararang karo Indrajaya ngguyu cekakakan bareng krungu ature Purbasari maring Sang Prabu Tapa Agung. 

Nangiing dumadakan mandi ucapane Purbasari ndadeknya Si Lutung Kesarung luwar sekang supatane Ibune. Mak jleg, si Lutung Kasarung wis salin rupa dadi satria sing gagah pideksa lan bagus banget, Guru Minda. Ora bisa digambarna senenge Purbasari bareng ngerti asal usule Lutung Kasarung. Semono uga Prabu Tapa Agung seneng banget dadi lan marine sekang gerahe.

Ki Lengser selaku dewan juri ngumumna angger pemenang perlombaan paling akhir, yakuwe Purbasari. Ki Lengser usul supaya Purbasari – Guru Minda diwisuda dadi calon pengganti Sang Raja. Tapi Sang Prabu Tapa Agung malah lengser wektu kuwe uga. Purbasari – Guru Minda diwisuda dadi ratu anyar Kerajaan Pasirbatang. Purabararang lan Indrajaya sing kudune diukum mati, diampuni Purbasari. Tapi pangkate mudun, dadi pembantu alias batur Kerajaan Pasirbatang.[ 06-07-2016]


1 komentar: