Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Selasa, 19 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Ciung Wanara - Harya Bangah (02-Tammat)





 Keterangan Gambar: Turunane Ayam Aduan Ciung Wanara, Nagawiru. Asale sekang Pasirbatang. Leluhure sekang Desa Wanayasa, pinggir muara Kali Citarum, Purwakarta. Sumber gambar: Yudha Farm.

Sawise limang tahun Ciung Wanara meguru nang Padepokan Sang Hyang Sampakwaja Galunggung, Ciung Wanara bali maring Geger Sunten. Ciung Wanara wis dadi satria sing mumpuni, duwe ngelmu lahir lan ngelmu batin. Ciung Wanara kaget banget bareng ngerti Aki Balangantrang wis duwe jago ayam aduan sing digadang-gadang arep diadu karo jagone Sang Prabu Barmawijaya.


“Sapa jenenge jago aduan sing apik banget kiye, Aki,” Ciung Wanara takon maring Aki Balangantrang kambi ngelus-elus ayam aduan sing gagah banget. Warna wulune kuning emas.”


“Tek jenengi Nagawiru!”  jawabe Aki Balangantrang. 


“Nagawiru? Kuwe gua pertapane Ramaku nang Gunung Padang ya, Aki? Aku setuju banget.” Ciung Wanara isih kemutan gua tilas sanggar pamujan Ki Ajar Balmiki sing tau diampiri nuju deweke arep mangkat maring Galunggung dijujugna Aki Balangantrang limang tahun kepungkur.


“Banjur tuku nang ngendi, Aki? Aja-aja tunggal babon karo jago aduane Sang Prabu Barmawijaya?”


“Ya, bener tunggal babon. Tapi wis adoh banget.  Senajan Bapane Sang Prabu Barmawijaya sekang Mataram, tapi biyunge sekang Galuh Pakuan, tilas Kerajaan Tarumanegara nang muara Kali Citarum. Dadi asale jago aduan Sang Prabu Barmawjaya, si Jeling,  kayane sekang daerah pembibitan ayam aduan perek muara Kali Citarum sing dijenengi Desa Wanayasa. “


“Terus asale si Nagawiru, sekang ngendi, Aki?”  Ciung Wanara takon kambi esih mbopong lan ngelus-elus si Nagawiru.


“Ya, kae limang tahun kepungkur, bar Aki bali sekang jujug maring Galunggung, Nini aweh saran kon aku cepet-cepet golet bibit ayam jago aduan. Kebeneran banget Ki Lengser setuju. Banjur  Aki diwenehi duwit sing cukup kanggo ninggali Nini selawase Aki lunga, lan bekel sing cukup kanggo blasakan golet ayam aduan si kuat lan mitayani. Ki Lengser banjur aweh pituduh supayane Aki mangkat maring ngetan, maring Kadipaten Pasirbatang. Jare Ki Lengser nang Pasirbatang akeh punggawa sing kaya Sang Prabu Barmawijaya, seneng adu jago. Nang iring-iringane Gunung Agung lan Lembah Ciserayu, jarene Ki Lengser uga akeh pembibitan ayam aduan sing apik-apik. Mulane inyong dikon golet maring nganah. Tambahan maning, jere Ki Lengser, penguasa  Kadipaten Pasirbatang isih trah Purbasora.” Aki Balangantrang crita bisane oleh ayam aduan si Nagawiru.


“Dadi si Nagawiru sekang Lembah Ciserayu ya lan Gunung Agung, Aki?” Ciung Wanara isih takon.


“Ya, bener. Wis sering Aki adu jago nang Geger Sunten, ayam aduan sing ana pada kalah kabeh nglawan si Nagawiru,” Aki Balangantrang nryitakna si Nagawiru sing wis dadi ayam aduan jagoan nang Desa Geger Sunten lan desa-desa sakubenge.


“Angger kaya kuwe, kapan aku dijujugna maring Kraton Galuh, Aki? Aku wis ora sabar kepengin ketemu Sang Prabu Barmawijaya,”  Ciung Wanara takon maring Aki Balangantrang.


“Ya, ngesuk ora papa. Aki arep mbatiri. Ning  kudu sowan disit maring Kanjeng Ibu Dewi Naganingrum. Perlune njaluk donga lan pangestu. Bar sekang pesanggrahan Kanjeng Ayu  Naganingrum , ya ayu banjur niliki gua Nagawiru. Si Nagawiru digawa sisan,” Aki Balangantrang usul sing disetujui Ciung Wanara.


Esuke wong loro mangkat maring Karang Kamulyan, dadi lan bungahe Dewi Naganingrum. Tekan Gunung Padang, sawise njaluk pangestu maring Dewi Naganingrum, Ciung Wanara tapa seminggu nang gua Nagawiru kambi nggawa ajam jago si Nagawiru  sing melu dijak tapa.  Rampung tapa, Ciungwanara, Aki Balangantrang, lan si Nagawiru  mangkat langsung maring Kraton Galuh Kawali nemoni Ki Lengser.


“Wis ngesuk mangkat maring kalangan adu jago. Buktekna disit si Nagawiru bener-bener ayam jago aduan sing pilih tanding lan mitayani. Angger wis dadi juara  nembe tantang jagone Sang Prabu Barmawijaya,” Ki Lengser aweh saran lan nasehat.


Ora nganti seminggu si Nagawiru wis dadi jago aduan sing dikenal para botoh lan punggawa Kraton Galuh Kawali sing pada seneng adu jago. Saben si Nagawiru menang, Ciung Wanara langsung mbalekna jago sing kalah maring sing duwe. Padahal kudune jago sing kalah disered dadi jagone Ciung Wanara sing dadi pemenang. Dadine akeh punggawa botoh adu ayam sing pada gumun. Kabar Ciung Wanara dadi botoh sing menangan nang gelanggang adu ayam tapi ora gelem nyered jago lawane kawentar maring endi-endi nganti Sang Prabu Barmawijaya  uga krungu. Sang Parbu Barmawijaya banjur ngundang Ciung Wanara arep ditantang adu ayam karo si Jeling, ayam aduan andalane Sang Prabu Barmawijaya.


“Kowe sekang ngendi asale,bocah bagus?” Sang Barmawijaya  takon maring Ciung Wanara sawise Ciung Wanara bisa ngadep nang Pendapa Kraton Galuh.  Nang batin Sang Prabu kaget banget bareng weruh rupane Ciung Wanara sing mirip banget rupane Sang Prabu Permana Dikusuma sing wis seda.


“Kula lare saking Geger Sunten, Sang  Prabu. Miturut ujaring kanda, kula punika putranipun Ki Ajar Balimiki Sukaresi inggih Sang Prabu Permana Dikusumah, ingkang sampun seda. Ibu kula Kanjeng Ibu Dewi Naganingrum, sakmeniko taksih sugeng. Sampun dangu kula bade sowan Sang Prabu. Namung bade ngajak adu sawung aduan. Menawi sawung kula kawon, kula bade wangsul dateng Geger Sunten. Nanging menawi sawung kula ingkang menang, mugi Sang Prabu nglilakaken Kraton Galuh dipun bagi kalih. Sepalih kangge Harya Bangah, putra Sang Prabu. Sepalih kangge kula minangka warisanipun Kanjeng Rama Permana Dikusumah,”  Ciung Wanara matur nang ngarepe Sang Prabu disekseni para punggawa Kraton Galuh. Sang Prabu ora ngira babar pisan anggere Dewi Naganingrum lan bayine sing gemiyen wis disingkirna sekang Kraton Galuh lan kon dipateni, jebule isih urip. Sang Prabu isih kemutan gemiyen Ki Lengser sing diprentah nyingkirna Dewi Naganingrum karo bayine sisan.


“Lengser, kowe dadi saksi. Apa bener bocah kiye putrane Dewi Naganingrum? Apa bener Dewi Naganingrum isih sugeng?”  Sang Prabu takon maring Ki Lengser sing wis ngadep.


“Inggih leres, Gusti Kanjeng Prabu. Kulo pun Lengser pasrah bongkokan menawi bade dipun pidana pejah. Luwung kula ingkang dipejahi tinimbang putranipun Sang Prabu Permana Dikusuma kaliyan Kanjeng Ayu Dewi Naganingrum ingkang boten mangertos punapa kalepatanipun,” Ki Lengser matur blaka suta.


“Wis, Lengser kowe ora salah. Aku sing salah. Aku arep silih keprabon bae. Kepriye penemumu, Harya Bangah?”  Sang Prabu Barmawijaya njaluk Putra Mahkota Harya Bangah melu urun rembug.


“Kanjeng Rama boten kedah lengser keprabon rumiyin. Kawula Galuh taksih mbetahaken Kanjeng Rama. Menawi leres Ciung Wanara punika putranikun Sang Prabu Permana Dikusumah, lha, tegesipun taksih kadang kula piyambak sami-sami trah Galuh turunanipun Maharaja Eyang Wretikandayun. Kula boten setuju menawi  Kraton Galuh dipun para kalih. Nanging kula setuju aben sawung aduan dipun terasaken. Kula dados botohipun si Jeling. Botoh ingkang sawungipun unggul inggih punika ingkang dipun winisuda Kanjeng Rama dados Putra Mahkota Kraton Galuh. Botoh ingkang sawungipun kawon inggih dipun winisuda dados Wakil Putra Mahkota. Benjang menawi Kanjeng Rama bade lengser, Putra Mahkota dipun winisuda dados Ratu Kraton Galuh, Wakil Putra Mahkota dipun winisuda dado Patih Kraton Galuh,” kaya kuwe ature Harya Bangah. Ora nyana, kabeh punggawa Kraton Galuh sing pada rawuh nang pendapa lan melu sarasehan, pada setuju maring usule Harya Bangah. Mesti bae Ciung Wanara uga setuju. 


Rapat banjur bubar, diterusna adu ayam jago antarane jago andalane Harya Bangah lan Sang Prabu Barmawijaya, si Jeling,  diadu karo jago andalane Ciung Wanara, si Nagawiru. Kalangan adu ayam wis digelar nang tengah alun-alun Kraton Galuh. Kawula lan punggawa Kraton Galuh pada ndlidir maring alun-alun. Si Jeling ayam jagone Harya Bangah lan Sang Prabu Barmawijaya wulune ireng lan abang. Si Nagawiru, ayam jagone Ciung Wanara warnane ireng lan kuning warna emas. Ayam aduan sing nembe tahu ketemu banjur diculna nang tengah kalangan. 

Loro-lorone pada dedege, pada gagahe, jalune ya pada dawane. Sedela bae jago loro mau wis pada tarung rame banget. Saling tlabung, saling cucuk, saling nendang nganggo jalune. Loro-lorone pada kuwate. Penonton gole surak ora liren-liren. Seneng banget angger ajam jagoane bisa nendang mungsuhe. Perang tanding wis limang ronde. Si Jeling lan si Nagawiru wis diadusi ping lima. Tambah sering didusi, si Jeling  malah tambah loyo. Sebalike karo si Nagawiru, tambah sering diadusi tambah kuat lan tambah trengginas. Sang Prabu Barmawijaya wis ngira ngger si Jeling bakal kalah. Temenan, mlebu ronde kanem, si Jeling mlayu metu kalangan karo muni seru banget,”keoookkkk” Adu ayam rampung, penonton pada surak mbata rubuh. Klakon Ciung Wanara diwisuda dadi Putra Mahkota Kerajaan Galuh. Harya Bangah uga diwisuda dadi Wakil Putra Mahkota. Sang Brabu Barmawijaya tetep dadi Ratu Kraton Galuh nganti tekan titimangsane lengser keprabon.


Nanging Bareng Ciung Wanara lapor maring Ibune, Dewi Naganingrum katon isih kuciwa banget, sebab Arya Kebonan karo Dewi Pangreyep ora nampa paukuman. Padahal Dewi Naganingrum wis sumpah ora pati-pati arep ngambah Kraton Galuh anggere Arya Kebonan alias Prabu Barmawijaya karo bojone Dewi Pangreyep durung diukum. Kuciwane Dewi Naganingrum mau dadi gawe sedihe Ciung Wanara. Ciung Wanara banjur rembugan karo Aki Balangantrang, Nini Balangantrang, lan Ki Lengser. Kepriwe carane bisa nibakna paukuman maring Sang Prabu lan Dewi Pangreyep supayane Dewi Naganingrum bisa lilih penggalihe. Ki Lengser banjur usul supayane Ciung Wanara gawe penjara  sing wujude kurungan wesi sing angger disawang keton apik banget. 


“Lajeng sinten ingkang saged asung pitulungan damel kurungan saking tosan ingkang sae, Uwak Lengser?”   Ciung Wanara takon maring Ki Lenser.


“Raden saged tindak dateng Kadipaten Pasirbatang. Nyuwun bantuan supados dipun kirimi tigangatus tiyang ingkang ahli damel sawernaning gegaman perang kalian alat-alat kangge dateng sabin lan tegalan. Tukang ahli tosan saking Pasirbatang punika tentu saged dipun suwuni tulung damel kurungan saking tosan,” Ki Lengser matur maring Ciung Wanara sing wis dadi Putra Mahkota, mulane wis ora wani ngomong ngaggo basa ngoko maning.  Semono uga Aki Balangantrang kambi Nini Balangantrang. Mung Ibune Dewi Naganingrum sing isih wani ngoko maring Ciung Wanara.


“Duh, matur nuwun sanget saranipun, Uwak Lengser,” ujare Ciung Wanara sing banjur mangkat maring Kadipaten Pasirbatang dikancani Aki Balangantrang sing wis apal dalan sebab tahu menganah. Kebeneran  akeh sedulure Ciung Wanara trah Purbasora nang Pasirbatang, mulane tekane Ciung Wanara kambi Aki Balangantrang disubya-subya lan olih pakurmatan kaya nyambut tamu agung. Adipati Kadipaten Pasirbatang nyanggupi ngirimna telung atus tukang wesi  mumpuni sing bisa gawe kurungan wesi.  Ciung Wanara lan Aki Balangantrang bali maring Kraton Galuh kanti ati bungah lan marem. 

Ora suwe telung atus tukang wesi wis tekan nang Geger Sunten, desa panggonane Aki lan Nini Balangantrang. Nang kono Ki Lengser wis nyediakna bahan sekang wesi lan tungku kanggo ngolah wesi. Saben dina tukang wesi sekang Pasirbatang sengkud nyambut gawe ngejur bahan wesi banjur digawe saka-saka kanggo kerangka kurungan wesi. Sawise nyambut gawe meh sangang wulan, bahan kerangka kurungan wesi karo lawange lan kuncine pisan wis rampung. Kari digawa maring Karon Galuh arep disetel dadi kurungan wesi. 


Tekan Kraton Galuh tukang-tukang wesi isih sengkud nyambut gawe maning, ya kuwe nyetel saka-saka kerangka kurungan wesi lan ruji-ruji kanggo pager kurungan. Sawise rampung disetel kurungan gari dicet nganggo warna ireng, putih, lan kuning, dadi rupane apik banget angger disawang. Ciung Wanara seneng banget bareng dilapori kurungan wesi sing dikarepna wis rampung. Sawise ndeleng kurungan wesi lan wis tampa kunci lawang kurungan wesi, Ciung Wanara ngundang Sang Prabu Barmawijaya lan Permaisuri Dewi Pangreyep. Sang Prabu kon melu ndeleng kambi ngresmekna kurungan wesi sing apik banget kanggo ngukum kawula utawa punggawa Kraton Galuh sing kena pidana ukuman sebab ngalanggar angger-angger Kraton Galuh.


Sang Prabu Bramawijaya karo Permaisuri Dewi Pangreyep langsung gumun lan kamitenggengen ndeleng kurungan wesi sing apik banget. Wujude kubus, payone, pagere, tutupe, kabeh digawe sekang ruji-ruji wesi gilig sing dicet apik banget. Ciung Wanara ngajak Sang Prabu Barmawijaya karo Sang Permaisuri Dewi Pangreyep mlebu maring kurungan wesi. Tanpa curiga lan rasa wedi Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep mlebu maring kurungan wesi. Putra Mahkota Ciung Wanara cepet-cepet metu, lawang kurungan ditutup sekang njaba nang prajurit pengawal  sing setia maring Ciung Wanara. Lawang  banjur dikunci. Sedela bae Sang Prabu Barmawijaya karo Dewi Pangreyep wis dikunjara nang jero kurungan wesi, dijaga prajurit-prajurit sing setia maring Ciung Wanara. 


Nanging Arya Bangah sing arep ditangkep prajurite Ciung Wanara, bisa lolos metu kraton, nggawa prajurit-prajurite sing setia maring Harya Bangah. Harya Bangah banjur ngangkat senjata mbalela, ora trima Rama lan Ibune dikunjara Ciung Wanara. Perang Harya Bangah karo Ciung Wanara ora nana sing bisa nyegah. 


“He, Ciung Wanara, kowe aja giri-giri gumuyu. Adepi aku, Harya Bangah. Ayo tanding siji lawan siji kaya adate para ksatria. Kawula cilik lan prajurit Kraton Galuh aja didadekna korban kanggo nuruti nafsu serakahmu maring banda lan kekuasaan,” Harya Bangah sesumbar kambi nantang Ciung Wanara. Krungu tantangane lan sesumbare Harya Bangah, Ciung Wanara ora gelem kalah, banjur maring alun-alun arep ngladeni tantangane Harya Bangah. Perang tanding antarane Harya Bangah lan Ciung Wanara rame banget. Ora nana sing kalah lan sing menang, senajan perang tanding wis nganti pitung dina. 


Weruh kahanan sing kaya kuwe, Ki Lengser banjur prihatin banget. Deweke banjur prentah Aki Blangantrang kon metuk Dewi Naganingrum. Sebab menurut penemune Ki Lengser mung Dewi Naganingrum sing bisa ngudari ruwet rentenging Kraton Galuh.  Aki Balangantrang dikancani sepuluh prajurit Kraton Galuh klakon bisa nggawa Dewi Naganingrum maring Kraton Galuh. 

Ki Lengser ngejak Dewi Naganingrum niliki kurungan wesi kon ndeleng kahanane Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep. Nyatane Dewi Naganingrum ora tega bareng niliki kahanane Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep sing wis pirang-pirang dina dikunjara nang jero kurungan wesi. Akhire Dewi Naganingrum gelem aweh pangapura, sawise Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep njaluk pangapura kabeh kesalahane lan dosa-dosane maring Dewi Naganingrum. 


Ki Lengeser kambi Aki Balangantrang seneng banget bareng Dewi Naganingrum gelem aweh pangapura maring  Sang Prabu Barmawijaya lan Dewi Pangreyep.  Kuci kurungan wesi banjur dibukak. Sang Prabu, Dewi Pangreyep, Dewi Naganingrum, Ki Lengser, lan Aki Balangantrang, cepet-cepet maring alun-alun arep misah Haryo Bangah  sing lagi perang tanding  karo Ciung Wanara. 


“Ngger, Ciung Wanara lan Harya Bangah. Ayo liren, aja diterusna anggomu regejegan rebutan nyawa. Kawula Kraton Galuh luwih seneng kowe sakloron pada guyub rukun nyambut gawe bareng kanggo kepentingan kemajuan kabeh kawula Kraton Galuh. Sing pada eling angger kowe kuwe pada dene trah Galuh, pada dene keturunane Eyang Maharaja Wreti Kandayun. Ora nana bab sing ora bisa dirembug kanti apik-apikan. Ayo, siki dirembug bareng nang pendapa, orang nang tengah alun-alun kaya kiye. Isin karo kawula sing pada ngarep-arep para Satria Galuh sing kudune pada bisa urip guyub rukun,” Dewi Naganingrum ngendika sekang  pinggir alun-alun dikancani Sang Raja Bramawijaya lan Dewi Pangreyep.


Bareng Ciung Wanara lan Haryo Bangah weruh wong tuwane wis pada runtang runtung akur maning, Harya Bangah karo Ciung Wanara ya banjur pada nyimpen senjatane dewek-dewek. Satria loro mau sing meh rebutan nyawa pada rangkulan, pada njaluk pangapura. Kawula Kerajaan Galuh, para prajurit, lan para punggawa pada seneng banget. Ora pada ngira perang sedulur sing bisa ngrusak Kraton Galuh bisa dicegah.


Haryo Bangah karo Ciung Wanara banjur pada rundingan disekseni Sang Prabu Barmawijaya, Dewi Pangreyep, Dewi Naganingrum, Ki Lengser, Aki Balangantrang, lan para punggawa luhur liyane. Hasil rundingan, Sang Prabu Barmawijaya milih liren dadi ratu. Karo bojone Dewi Pangreyep duwe niat mertapa mesanggrahan nang panggonan sepi pinggir alas, arep mertobat maring para dewa. Kraton Galuh dipecah dadi loro, Galuh Wetan lan Galuh Kulon. Watese Kali Brebes lan Kali Citanduy.  Harya Bangah dadi penguasa Galuh Wetan. Ciung Wanara dadi Penguasa Galuh Kulon. Pusat Galuh Kulon tetep manggoni kraton lawas nang Kawali. Dewi Naganingrum dadi Ibu Suri mbatiri Ciung Wanara madeg ratu manggon nang Kraton Galuh Kawali. Harya Bangah sing madeg ratu Galuh Wetan, kepeksa gawe kraton anyar kanggo pusat kraton Galuh Wetan nang Pasirluhur, iringan sisih kidul Gunung Agung, ora pati adoh karo Pasirbatang. 



Sawise rundingan rampung lan wis pada mupakat, Harya Bangah nyabrang Kali Citanduy diiringi prajurit pengawal sing setia. Tekan pinggir wetan Kali Citanduy Harya Bangah ngadeg madep ngulon. Nang sisih kulon, Ciung Wanara wis ngadeg madep ngetan diiringi prajurit pengawal sing setia. Satria loro pada ngadeg adep-adepan. Ki Lengser ngadeg nang duwur prahu tengah-tengah Kali Citanduy dikancani Aki Balangantrang. Ki Lengser maca amanat sing ditulis Sang Prabu Barmawijaya.


“Para dewa dadi seksine, Kali Citanduy nang sisih kidul lan Kali Brebes nang sisih lor, kuwe dadi wates antarane wilayah Galuh Kulon sing pusate nang Galuh Kawali karo wilayah Galuh Wetan sing pusate nang Galuh Pasirluhur. Kali Brebes lan Kali Citanduy dadi pamali sing ora kena dilanggar Raja Galuh Wetan lan Galuh Kulon. Raja Galuh Wetan pamali ngrebut wilayah sakulone Kali Citanduy lan Kali Brebes. Raja Galuh Kulon uga pamali ngrebut wilayah sawetane Kali Citanduy lan Kali Brebes. Kali Citanduy lan Kali Brebes, dadi Kali Pamali sing misah wilayah Kraton Galuh Wetan lan Kraton Galuh Kulon. Sing sapa nglanggar Kali Pamali sing wis pada disepakati, bakal nampa benduning para dewa. Kraton Galuh Wetan lan Kraton Galuh Kulon, bisa bali dadi siji maning anggere ana mupakat antarane penguasa Galuh Kulon karo Galuh Wetan. Mupakat ngenani bab apa bae, ora nglanggar Pamali. Malah bakal olih nugraha sekang dewa. Sebab rukun gawe sentosa. Crah gawe bubrah,” kaya kuwe isine Maklumat Pamali sing wis pada disepakati Harya Bangah lan Ciung Wanara.


Harya Bangah (739 – 766 M) lestari dadi Ratu Galuh Pasirluhur. Ciung Wanara (739 – 783 M)  lestari dadi Ratu Galuh Kawali. Rakyat Galuh Wetan lan Galuh Kulon tetep pada guyub rukun, pada tulung tinulung. Malah uga pada besanan. 

Pancen sawise Harya Bangah lan Ciung Wanara pada seda, turunane Harya Bangah, Rakean Wuwus Prabu Gajah Kulon (819 – 891 M), mbojo olih anak wadone Prabu Linggabumi (813 – 852 M), turunane Ciung Wanara. Kerajaan Galuh Wetan lan Kerajaan Galuh Kulon didadekna siji maning sawise Prabu Linggabumi seda (852 M). Pusat Kerajaan tetep nang Galuh Kawali. Pusat Galuh Wetan, balik maning dadi Kadipaten Pasirluhur, isih mlebu wewengkon Kraton Galuh Kawali. Wektu jaman semana ambane wilayah Kerajaan Galuh ya kuwe, wilayah paling wetan nganti Kali Bogowonto lan wilayah paling kulong nganti Ujung Kulon, Selat Sunda.[Tamat, 19-07-2016]






1 komentar: