Entri yang Diunggulkan

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26)

SERAYU-MEDIA.COM: Novel : Pusaka Kembang Wijayakusuma (26) : “Dari mana Dinda Sekarmenur mendapatkan perlengkapan ranjang tempat tidur yang ...

Sabtu, 16 Juli 2016

Legenda Tanah Pasundan : Mundinglaya Dikusumah - Dewi Asri



Sumber Gambar: Design Anwar Hadja. Koleksi Nadija.

Sang Prabu Pajajaran duwe bojo permaisuri sing lagi ngidam, jenengane Dewi Padmawati. Pendak dina wetenge mual-mual, kepengine ngrasakna woh-wohan sing nang tanah Pasundan diarani honje, nang Banyumas disebut burus utawa kecombrang, sebangsane laos, nanging rasane asem, bisa digawe manisan.

“He, Lengser. Apa kowe ora ngerti pendak wengi aku ora bisa turu, bisane mung ngliyep sedela banjur tangi maning. Sebabe aku mikirna Diajeng Dewi Padmawati sing lagi ngidam. Lha, ngidam koh panjaluke mandan aneh. Ora kepengin pelem, anggur, blimbing, utawa  woh-wohan liyane kaya adat sabene wong wadon sing lagi ngidam. Diajeng Dewi Padmawati ngidam honje.” Sang Prabu ngundang Ki Lengser banjur dicritani permaisuri sing lagi ngidam.


“Kula pun Lengser sareng sadaya kawula Pajajaran nderek bingah, Kanjeng Gusti. Honje punika raosipun asem. Kadosipun calon cabang bayi bade lair kakung, Kanjeng Gusti” Ki Lengser matur gawe bungahe Sang Prabu.


“Oh, kaya kuwe, ya? Aku bakal mongkog banget angger bener calon jabang bayi bakal lair lanang. Ya kuwi calon anakku sing tak gadang-gadang besuk bisa ngganti palungguhanku, ngemban pusaraning praja. Ki Lengser, dina kiye uga, mangkat goletna honje saperlu kanggo nuruti panjaluke Diajeng Dewi Padmawati sing lagi ngidam. Aja pati-pati bali angger durung kasil nggawa honje. Aku krungu kabar, wulan-wulan kiye honje lagi langka sing pada awoh. Nanging terserah usahamu, Ki Lengser. Masa sih nang kabeh wilayah Keraton Pajajaran, ora nana siji-sijia wong sing nyimpen woh honje?” Sang Prabu dawuh maring Ki Lengser.


Sawise pamit njaluk restu maring Sang Prabu lan wis diwehi duwit sing cukup kanggo sangu, Ki Lengser ninggalna Keraton Pajajaran. Lakune Ki Lengser Pajajaran mlebu metu desa, golet woh honje. Nanging wis pirang-pirang dina, nganti direwangi nginep nang paran, honje sing digoleti durung ketemu. Pancen wulan kuwe wulan ora mangsane honje pada kembang. Ya, mesti bae ora nana wohe. Nanging Ki Lengser Pajajaran ora kenal putus asa. Ki Lengser terus bae mlaku ninggalna desa sing wis ditekani, maring desa ngendi bae sing durung ditekani.


Ganti sing dicritakna, permaisuri Raja Keraton Muaraberes, ya lagi ngidam woh honje, persis kaya permaisuri Keraton Pajajaran. Mulane Sang Prabu Muaraberes  dawuh Ki Lengser Muaraberes dikon golet woh honje. Nanging nang wilayah Keraton Muaraberes kahanane ya pada karo nang Keraton Pajajaran. Lagi ora nana honje sing pada kembang. Nanging Ki Lengser Muaraberes luwih begja. Sebab sawise mlebu metu desa ana kawula Keraton Muaraberes sing duwe simpenan woh honje. Bungahe Ki Lengser Muaraberes ora bisa digambarna. Sawise aweh duwit maring petani sing duwe woh honje, Ki Lengser Muaraberes enggal-enggal pamit arep bali maring Keraton Muaraberes. 


Lakune Ki Lengser Muaraberes, nang tengah dalan kepetuk Ki Lengser Pajajaran. Sawise pada ngenalnya jeneng lan asale dewek-dewek lan crita maksud lan tujuane pada ninggalna kraton, Ki Lengser Pajajaran nyaluk tulung maring Ki Lengser Muaraberes supayane honje duweke Ki Lengser Muaraberes dibagi loro. Separo kanggo permaisuri Keraton Pajajaran, sing separo maning kanggo permaisuri Keraton Muaraberes.

“Ya, ora bae, Ki Sanak. Senajan arep dituku pira bae, ora bakal tek wehna. Nganah goleti dewek, aja mung arep enake dewek. Senajan kudu toh pati bakal tek lakoni. Ora-orane inyong bakal aweh separo honje sing wis tek goleti nganti rekasa maring Ki Sanak,” Ki Lengser Muaraberes nolak panjalukane Ki Lengser Pajajaran kambi nantang-nantang. 


Ki Lengser Pajajaran ya ora gelem kalah tetep meksa lan arep ngalang-alangi lakune Ki Lengser Muarabasi. Suwe-suwe adu omong, ganti dadi adu bogem. Ki Lengser Pajajaran ngladeni tantangane Ki Lengser Muaraberes, adu atosing balung, kandele kulit. Perang tanding antarane Ki Lengser Pajajaran mungsuh Ki Lengser Muaraberes rebutan honje ora bisa dialang-alangi. Ki Lengser Muaraberes ngetokna jurus-jurus simpenane. Semono uga Ki Lengser Pajajaran. Tendangan diwales tendangan. Anteman diwales anteman. Bijigan, diwales bijigan. Angger Ki Lengser Pajajaran indha, Ki Lengser Muaraberes uga bisa indha. Kelakon Ki Lengser Pajajaran bisa miting Ki Lengser Muaraberes. Nanging pitingane Ki Lengser Pajaran bisa ucul, sebab Ki Lengser Muaraberes bisa maca Aji Welut Putih. Kaya kuwe sebalike. Pas Ki Lengser Muaraberes bisa miting Ki Lengser Pajajaran, uga bisa ucul. Sebab Ki Lengser Pajajaran uga duwe Aji Welut Putih. 


Wis meh seprapat dina Ki Lengser Pajajaran perang tanding karo Ki Lengser Muaraberes, nganti kringete pada dleweran, nanging durung ana sing kalah lan durung ana sing menang. Lengser loro kuwe pada sektine. Suwe-suwe Ki Lengser Pajajajaran ngajak liren disit gole adu otot utawa adu okol. Siki Ki Lengser Pajajaran nantang adu akal maring Ki Lengser Muaraberes. Kambi ambekane sing isih ngos-ngosan, Ki Lengser Muaraberes  sanggup ngladeni tantangane Ki Lengser Pajajaran, asal ora dijaluki honjene bae.


“Ki Sanak, angger dipikir sebenera nggo ngapa inyong lan rika pada regejegan rebutan honje, padahal inyong karo rika isih sedulur. Inyong luwih tuwa tinimbang rika. Angger inyong mati, rika duraka, sebab matine kadang tuwa. Angger rika sing mati, ya inyong sing duraka, sebab matine sedulur enom,” Ki Lengser Pajajaran mulai rembugan.


“Lah, ana pirang perkara, koh ujug-ujug rika ngaku sedulur tuwa? Pancakaki sekang ngendi kuwe?” Ki Lengser Muaraberes takon mandan gumun bareng Ki Lengser Pajajaran ngaku sedulur tua.


“Ya, ayuh pada pancakaki, ngurut asal-usule Biyunge inyong, Biyunge rika, Bapane inyong, Bapane rika, Kakine inyong Kakine rika, Ninine inyong, Ninine rika”  ujare Ki Lengser Pajajaran ngajak pancakaki. Pancakaki kuwe ngurut asal usul para leluhur.


“Ya, jajal jelasna sapa Kakine rika lan sapa Kakine inyong. Rika sing pancakaki, inyong sing ngrungokna,” Ki Lengser Muaraberes usul.


“Kakine rika gemiyen nikah karo Ninine rika. Banjur lair Bapane rika. Bapane rika nikah karo Biyunge rika. Banjur rika lair. Kakiku gemien ya nikah kambi Niniku, banjur lair Ramaku. Ramaku nikah karo Biyungku, banjur lair aku. Dadi inyong karo rika isih sedulur perek. Mung beda kaki karo beda nini. Inyong Kakangmu, rika Adiku,” Ki Lengser Pajajaran njelasna asal-usule kaki lan ninine alis pancakaki maring Ki Lengser Muaraberes. Ki Lengser Muaraberes mantuk-mantuk tanda setuju, ora ngerti angger lagi dilomboni Ki Lengser Pajajaran.


“Ya, wis Kang. Ayuh honje dibagi loro bae. Salam sekang inyong kanggo Kaki lan Ninine Kakang. Uga salam kanggo Rama lan Biyunge kakang,” Ki Lengser Muaraberes  gawe putusan. Honje banjur dibagi loro, sing separo diweken maring Ki Lengser Pajajaran.


“Ya, kesuwun banget, ya Adiku. Salam uga sekang Kakangmu kanggo Kaki lan Ninimu. Uga kanggo Bapa lan Biyungmu. Kapan-kapan Inyong ana wektu, arep tek tiliki maring Muaraberes,”  Ki  Lengser Pajajaran banjur pamit maring Ki Lengser Muaraberes kambi pada rangkulan. Ki Lengser loro pada pisah, bali maring kratone dewek-dwek karo pada nggawa hasil dawuhe Sang Raja Pajajaran lan Sang Raja Muaraberes.


Sang Prabu Pajajaran seneng banget  Ki Lengser bisa bali nggawa hasil honje sing ditunggu-tunggu Permaisuri. Ki Lengser Pajajaran crita blaka suta  bisane  olih woh honje direwangi pancakara karo Ki Lengser Muaraberes, banjur diterusna nganggo pancakaki. Ki Lengser Pajajaran menang pancakaki, mulane banjur diwehi separoh woh honje. 


“Siki paseduluran karo Keraton Muaraberes diterusna bae. Jajal nganah maring Muaraberes kambi nglamar angger besuk jabang bayi pada lahir sepasang, lanang lan wadon utawa wadon lan lanang, banjur dijodohna bae,” Sang Prabu Pajajaran utusan maring Ki Lengser supaya mangkat maring Kerajaan Muaraberes sekalian nglamar angger bayi  sing lagi dikandung permaisuri pada lahir sepasang.


Sang Raja Muaraberes seneng banget nampa lamaran Sang Prabu Pajajaran. Sebab Keraton Pajajaran pancen keraton sing misuwur tur amba wilayahe. Sapa sing oran mongkog besanan karo Sang Raja Pajajaran?  Temenan jabang bayi lahir, sepasang. Dewi Padmawati nglairna jabang bayi lanang, dijenengi Mundinglaya Dikusumah. Permaisuri Kraton Muaraberes nglairna bayi wadon dijenengi Dewi Asri. Dadi wiwit bayi, Mundinglaya Dikusumah wis duwe calon bojo, ya kuwi Dewi Asri, Putri Kraton Muaraberes.


Mundinglaya Dikusumah, terus ngancik dewasa dadi satria sing gagah, bagus, andap asor, pinter olah gegaman, lan olah yuda, ahli tapa, ahli ibadah, lan luhur budipekertine, hormat lan bekti maring rama lan ibune. Semono uga Dewi Asri, ora kalah karo Mundinglaya Dikusumah. Dewi  Asri uga dadi remaja putri sing ayu, ngerti kewajiban maring rama lan ibune, cerdas, trengginas. Orang mung pinter macak. Nanging uga pinter masak, nenun, njahit, mbatik, lan uga pinter ibadah. Mundinglaya Dikusumah lan Dewi Asri bener-bener pasangan sing serasi, cocog angger mbesuk dadi sesembahane kawula Kerajaan Pajajaran lan Muaraberes. Nanging ujug-ujug ana cobaan sekang dewa sing abot banget sanggane tumrape Mundinglaya Dikusumah lan Dewi Asri.


Anuju sawijinng wengi, Permaisuri Dewi Padmawati ngimpi oleh wisik gaib. Sang Prabu Pajajaran kudu bisa njikot Lalayangan Salaka Domas sing panggonane nang Sajabaning Langit. Kuwe sayarate anggere Sang Prabu Pajajaran kepengin tetep lestari jumeneng dadi ratu Kraton Pajajaran. Sang Prabu Pajajaran langsung sedih banget bareng dicritani impene Permaisuri Dewi Padmawati, nganti ndadekna Sang Prabu ora kersa dahar, kurang sare. Saben dina ngalamun terus mikirna kepriwe bisane lunga maring Sajabaning Langit supayane bisa njikot Lalayangan Salaka Domas. Suwe-suwe Sang Prabu  gerah,ndadekna bingunge Ki Lengser, para punggawa, permaisuri lan bojo-bojo selir Sang Prabu. Ki Lengser lan para punggawa ora nana sing bisa lan sanggup mangkat maring Sajabaning Langit. Sebab kajaba ora bisa mabur, uga ora weruh ngendi dalane maring Sajabaning Langit.


Nanging ana sawijining selir Sang  Prabu sing nyalahna Permaisuri, nuduh angger sabenere ngimpine Permaisuri kuwe mung impen akal-akalan. Maksud sabenere supayane Sang Prabu cepet lengser banjur diganti putrane, Mundinglaya Dikusumah. Selir mau banjur matur maring Sang Prabu lan aweh saran supayane sapa sing ngimpi Lalayangan Salaka Domas, ya kudu deweke sing duwe tanggung jawab njikot Lalayangan Salaka Domas nang Sajabaning Langit. Angger Permaisuri lan putrane ora sanggup mangkat marang Sajabaning Langit, ya kudu dipenjara bae. Sebab wis genah, impene kuwe mung akal-akalan supayane Sang Prabu cepet lengser.


Kurungu usule selir mau, Sang Prabu langsung mari sekal. Permaisuri Dewi Padmawati banjur ditakoni sanggup apa ora deweke mangkat maring Sajabaning Langit kanggo njikot Lalayangan Salaka Domas kaya sing dicritakna lewat ngimpine Permasuri Dewi Padmawat. Nyatane Permaisuri malah bingung lan njawab angger deweke orang sanggup mangkat maring Sajabaning Langit. Sang Prabu langsung duka. Dewi Padmawati lan anak lanange pisan, ditangkep lan dilebokna maring penjara. 


Mundinglaya Dikusumah kaget banget ngalami kahanan sing gawe sengsarane ibune lan deweke. Nang jero penjara, Ibune crita maring putrane kabeh impene soal Lalayangan Salaka Domas, Sajabaning Langit lan tahta Kraton Pajajaran, sing malah dadi dukane Sang Prabu lan banjur aweh paukuman maring deweke lan anakke.


“Kenging punapa Ibu boten sanjang dateng kula? Punika impen lan wisik nugraha Penguaos Jagad datang Kanjeng Ibu ingkah kedah dipun syukuri. Punika pitedah wahyu kedaton Kanjeng Ibu. Kula bade matur dateng Kanjeng Rama, bilih kula sagah mendet Lalayangan Salaka Domas wonten Sajabaning Langit,” Mundinglaya Dikusumah  sanggup mangkat maring Sajabaning Langit kanggo jikot Lalayangan Salaka Domas.


Mundinglaya Dikusumah pancen satria sing cerdas. Padahal deweke ora ngerti babar pisan dalan maring Sajabaning Langit. Apa maning ngerti, krungu ananane Lalayangan Salaka Domas lan Sajabaning Langit ya nembe nang penjara sebab dicritani Ibune. Modale Mundinglaya Dikusumah mung siji, impene Ibune kuwe wisik sekang para dewa, mulane mesti bener. Sapa bae sing gelem ikhtiyar golet jalan maring Sajabaning Langit, mesti bakal ana pitulungan embuh sapa sing bakal bisa nidokna dalan maring Sajabaning Langit.


Mundinglaya Dikusumah banjur matur maring Sang Prabu lan diparengna ningggalna Kraton Pajajaran. Sawise pamitan lan njaluk pangestu maring Sang Prabu lan Ibune, Mundinglaya Dikusumah enggal-enggal pamit. Ibune pesen supayane Mundinglaya Dikusumah mampir maring Kraton Muaraberes kon njaluk restu karo calon mertuane lan calon bojone. Kebeneran pancen Mundinglaya Dikusumah durung tahu weruh kaya ngapa Dewi Asri sing wis dadi tunangane  kawit nang jero kandungan ibune.


Tekane Mundinglaya Dikusumah nang Kraton Muaraberes ditampa bungah banget dening Sang Prabu, Permaisuri lan Dewi Asri sing wis kawentar ayune. Mundinglaya Dikusumah lan Dewi Asri dadi calon pasangan sing cocok banget lan gawe mongkoge orang mung Sang Prabu, Permaisuri, lan para punggawa. Nanging Kabeh kawula Kraton Muaraberes uga ngrasa mongkog, seneng lan bahagia deleng pasangan calon raja lan ratu sing ora adigang,adigung lan adiguna.


“Diajeng Dewi Asri, pun Kakang ora bisa suwe-suwe nang Kraton Muaraberes. Sebab pun Kakang lagi ngemban tugas sing abot banget. Kudu mangkat maring Sajabaning Langit, perlune supayane bisa njikot Lalayangan Salaka Domas. Apa Diajeng tahu krungu Lalayangan Salaka Domas lan dalan sing maring Sajabaning Langit?” Mundinglaya Dikusumah takon maring Dewi Asri sing kaget banget bareng ngerti anggere Mundinglaya Dikusumah lagi diutus Kanjeng Ramane.  Nanging Dewi Asri ora cilik atine. Malah mongkog. Dewi Asri yakin Mundinglaya Dikusumah bakal bisa  mrantasi tugas sing abot banget. Malang-malang putung, rawe-rawe rantas. Tekade Mundinglaya Dikusumah pancen wis gilig banget.


“Kangmas Mundinglaya, kulo dereng nate mireng. Namung Kangmas saged tindak dateng Kepulauan Seribu, lajeng taken dateng salah satunggaling panguwaos ing ngriku. Kula pitados, Kangmas bade pikantuk pitedah margi kangge tindak dateng Sajabaning Langit,” Dewi Asri aweh saran maring Mundinglaya Dikusumah.


“Oh, matur nuwun banget, Diajeng Dewi Asri. Keterangan sing migunane banget. Dongakna lakuku digampangna dening Gusti Sing Murbeng Jagad,” Mundinglaya Dikusumah banjur pamitan maring calon bojone lan calon mertuane. 


Ora dicritakna lakune Mundinglaya Dikusumah wis bisa tekan nang Kepulauan Seribu. Mundinglaya Dikusumah banjur ditidokna kon mangkat maring Pulau Putri, sawijining pulau sing dijaga dening buta sing gede nggegirisi jenenge Yaksa Mayuta. Mundinglaya Dikusumah klakon bisa ketemu karo Yaksa Mayuta sing mbau reksa Pulau Putri lan sing ngerti dalan maring Sajabaning Langit. Nanging bareng ditakoni dalan maring Sajabaning Langit, Yaksa Mayuta ora gelem waleh. Malah dadi regejegan lan perang tanding adu kekuatan lan kasekten. Nanging Yaksa Mayuta suwe-suwe keteter lan arep ngilang. Mundinglaya Di kusumah maca Aji Panglimunan, mulane  maring ngendi bae playune Yaksa Mayuta sing arep umpetan bisa dioyok lan dicandak, banjur dipiting, ditekek gulune nganti Yaksa Mayuta ngap-ngapan njaluk tobat. 


“Kuwe ora bakal tek pilara angger gelem nidokna dalan maring Sajabaning Langit,” Mundinglaya Dikusumah ngancam Yaksa Mayuta. 


“Arep tek tidokna, angger aku diculna,” Yaksa Mayuta janji. Bareng wis diculna, Yaksa Mayuta nidokna dalan maring Sajabaning Langit. Malah Muninglaya Dikusumah diwehi mantra supaya bisa mabur maring Sajabaning Langit lan bisa tekan  panggonane Lalayangan Salaka Domas. 


Sawise matak japa mantra sekang Yaksa Mayuta, Mundinglaya Dikusumah bisa mabur mumbul sekang Pulau Putri, diweruhi dalan maring Sajabaning Langit. Tekan Sajabaning Langit. Mundinglaya Dikusumah weruh panggonan sing ana Lalayangan Salaka Domas lagi dijaga jin pitu sing jenenge Guriang Pitu. Jin mau galak banget. Ora nana manungsa apa kewan sing wani merek mengonoh. Ibarate jalma mara jalma mati,sato mara sato mati. 


“He, manungsa! Arap ngapa kowe maring ngeneh? Apa arep setor nyawa? Aja ngimpi bisa bali ketemu keluargamu,” Guriang Pitu langsung bengok-bengok banjur nyerang ngrubut Mundinglaya Dikusumah. Dikroyok Guriang Pitu sing galak-galak lan sekti-sekti, Mundinglaya Dikusumah ora bisa obah, tiba njrebabah, mati sekal. Guriang Pitu banjur pada surak seneng banget wis bisa mateni Mundinglaya Dikusumah. Saking serune gole pada surak, nganti suarana keprungi sawijining widadari nang Sajabaning Langit sing jenenge Pohaci Wiru Mananggay. Widadari kiye isih kelebu leluhure Dewi Padmawati, Ibune Mundinglaya di Kusumah. Mulane Pahaci Wiru Mananggay banjur teka nulungi Mundinglaya Dikusumah. Sawise batuke Mundinglaya Dikusumah diusap-usap, mak gregah Mundinglaya Dikusumah bisa urip maning. 


“Aja wedi maring Guriang Pitu, kulup putuku Mundinglaya Dikusumah. Ayo siki lawan maning Guriang Pitu, tek bantu sekang kene,” Pohaci Wiru Mananggay ngomongi Mundinglaya Dikusumah sawise wis diuripna maning lan ditakoni apa maksude adoh-adoh sekang bumi njujug maring Sajabaning Lanigit sing dudu panggonane menungsa. Mundinglaya Dikusumah banjur crita ngimpine Ibune nganti kena fitnah kudu mlebu penjara. 


Olih bantuan Pohaci Wiru Mananggay, Mundinglaya Dikusumah maju perang maning arep naklukna Guriang Pitu sing njaga Lalayangan Salaka Domas. Perang tanding sing kapindone luwih rame lan luwih seimbang, sebab Pohaci Wiru Mananggay mbantu kambi tenaga dalam maring Mundinglaya Dikusumah. Akhire Guringa Pitu pada nyerah takluk maring Mundinglaya Dikusumah. Lalayangan Salaka Domas banjur diwehna lan olih digawa bali maring Kraton Pajajaran. Mundinglaya Dikusumah banjur pamit maring Pohaci Wiru Mananggay kambi matur kesuwun banget wis dibantu njikot Lalayangan Salaka Domas lan bisa ngalahnan Guriang Pitu. Sawise olih pangestu sekang Pohaci Wiru Mananggay, Mundinglaya Dikusumah banjur budal ninggalna Sajabaning Langit arep bali maring Kraton Pajajaran kambi nggawa olih-olih Lalayangan Salaka Domas sing arep diaturna maring Kanjeng Ramane, Sang Prabu Pajajaran.


Nanging merga Mundinglaya di Kusuma gole lunga wis suwe banget luwih sekang setahun, wong-wong Pajajaran, kelebu Sang Raja, pada ngira anggere Mundinglaya Dikusumah wis mati. Ora bakal bisa bali maring Kraton Pajajaran. Sang Raja banjur ngangkat anake lanang sing sekang bojo selir, Raden Sunten Jaya dadi putra mahkota ngganteni Mundinglaya Dikusumah. Nanging akeh punggawa lan kawula  Pajajaran sing pada gela, sebab kelakuane Sunten Jaya beda banget karo Mundinglaya Dikusuma. Kaya bumi lan langit. 


Sunten Jaya watake gumede, adigang, adigung, adiguna, demer pamer pangkat lan banda. Tur doyan wadonan tuk mis alias batuk klimis. Weruh wong wadon ayu langsung mendem. Ketemu wong wadon lencir kuning sing ayu langsung dijak bareng turu. Ketemu wong wadon ayu lemu ginak ginuk langsung Sunter Jaya mondok. Ketemu wong wadon ayune ora patia, Sunter Jaya isih gelem mondok senajan mung setengah dina. Kaya kuwe kelakuane Sunten Jaya sing gawe sebele para kawula Pajajaran. 


Sunten Jaya mesti bae ngerti angger Dewi Asri, tunangane Mundinglaya Dikusumah kuwe putri sing ayune wis misuwur. Marga ngira  Mundinglaya Dikusumah wis mati, Sunten Jaya banjur niat nglamar Dewi Asri. Senajan urung karuan ditampa, Sunten Jaya wis nggawa barang-barang kanggo hadiah sing werna-werna rupane lan larang-larang regane. Pirang-pirang kranjang isi barang hadiah digawa maring Kraton Muaraberes. Mesti bae tekane utusane Sunten Jaya dadi kagete Dewi Asra lan Rama-Ibune. Nanging Dewi Asri ora percaya anggere tunangane, Mundinglaya Dikusumah wis mati. Dewi Asri yakin banget anggere Mundinglaya Dikusuma kuwe isih urip. Mulane lamarane Sunten Jaya ditolak. Kabeh barang kirimane dibalekna kabeh. 


Bareng ngerti angger lamarane ditolak Dewi Asri, Sunten Jaya langsung jengkel banget. Deweke lara banget atine. Banjut duwe niat arep naklukna Kerajaan Muaraberes. Sunten Jaya pamer kekuatan. Angkatan Perang Kerajaan Pajajaran disiapna, Sunten Jaya langsung dadi panglima perang. Prajurit Pajajaran lengkap karo kabeh gaman perang sida mangkat arep nelukna Kerajaan Muaraberes.


Untung Mundinglaya Dikusuma wis tekan nang Kerajaan Muaraberes, sebab arep lapor maring Dewi Asri angger usahane njikot Lalayangan Salaka Domas sekang Sajabaning Langit wis kasih, sebab kabeh mau sekang pituduhe Dewi Asri. Mundinglaya Dikusumah kaget banget bareng dicritani kelakuane adik tirine, Sunten Jaya sing nglamar Dewi Asri. Bareng lamarane ditolak malah arep nyerang Kraton Muaraberes kanggo ngrebut Dewi Asri nganggo kekerasan.


“Wis aja kewatir, Diajeng Asri. Aku sing arep ngadep krodane Sunten Jaya,” Munddinglaya Dikusumah sanggup ngringkus Sunten Jaya.


Mundinglaya Dikusumah karo nggawa prajurit Muaraberes banjur mapagna prajurit Pajajaran sing dikomandani Sunten Jaya. Pasukan Pajajaran lan Muaraberes wis pada adep-adepan. Sunten Jaya kaget banget bareng weruh Mundinglaya Dikusumah isih urip malah siki dadi panglima perang Muraberes. 


“He, Sunten Jaya lan prajurit Pajajaran. Delengen, aku kiye sapa? Aku Mundinglaya Dikusumah, Putra Mahkota Sang Prabu Pajajaran. Sunten Jaya, siki bali bae apa kowe arep nglawan aku?” Mundinglaya Dikusumah nantang Sunten Jaya. 


Sunten Jaya isin mundur, banjur nantang perang tanding maring Mundinglaya Dikusumah. Tapi Sunten Jaya dudu tandingane Mundinglaya Dikusumah sing wis tahu ngalahna raseksa Yaksa Mayuta lan Guriang Pitu. Sedela bae Mundinglaya Dikusumah bisa ngringkus Sunten Jaya, banjur didadekna tawanan lan diaturna maring Sang Raja Pajajaran. Siki ganti Sunten Jaya sing dijeblosna maring penjara. Permaisuri Dewi Padmawati terus dibebasna. Sang Prabu Pajajaran bungah banger bareng nampa Lalayangan Salaka Domas sekang Sajabaning Langit sing diaturna Mundinglaya Dikusumah.


Mundinglaya Dikusumah banjur klakon didaupna karo Dewi Asri. Pasangan penganten anyar kuwe langsung diwisuda dadi Putra Mahkota lan pendamping Putra Mahkota Kerajaan Pajajaran. Dibantu Putra Mahkota lan bojone, Dewi Asri, Kraton Pajajaran tambah makmur,aman, sejahtera, lan salam bahagia. Kawulane pada urip seneng, cukup lan murah sandang,pangan, lan papan.[16-07-2016]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar